Tuesday, October 02, 2007

Nama kinarya japa

Saben-saben aku mlebu ing sawijining komunitas utawa forum, biasane ana wektu kanggo pitepungan. Apese ana lembaran daftar-hadir sing diisi kanthi gilir. Ana kolom jeneng, alamat, nomor telpun, pakaryan, lsp. Lha, saben ngenalake awakku sacara lisan utawa tulisan, aku mesthi dielingake kekudangane wong tuwaku rikala maringi tetenger marang aku. Sanadyan mung saktleraman, ananging kanggoku iku ana wigatine. Sebab rikala bapak-simbok nemtokake jeneng kanggoku mesthine ora mung sakecele. Ana unen-unen "nama kirnarya japa" - jeneng iku mujudake dedonga tumrape kang nganggo. Mesthi wae dongane apik! Apa ana wong tuwa kang memuji ala kanggo para putrane?

Kejaba donga, jeneng uga dadi "pusaka". Mula, menehi jeneng marang bocah sok disebut "maringi pusaka asma". Kamangka sing kaaran pusaka iku biasane ngemu surasa "warisan, peparing kang kudu dipepetri" lan uga "piandel, kekuwatan, gaman". Dak kira yen dionceki maknane isa jero banget. Bapak-simbok mbokmenawa pancen dudu golongane wong sugih bandha lan pangkat. Sing diduweni mung warisan arupa "kekasih" yaiku awujud katresnane bapak-simbok marang awakku. Katresnan sing kinanthen donga lan disandhangake minangka tetenger tumraping uripku, sabanjure dadi kekuwatanku anggone andon laku urip ana ing bebrayatan agung. Katresnan sing kinanthen donga iku pinercayaake marang aku supaya diwujudake lan dicakake ana ing urip padinan. Dadi, wis samesthine menawa pusaka asma kang dak sandhang iku merbawani mligine kanggo uripku dhewe dhisik.

Mula prayoga yen aku panjenengan kabeh mangerteni apa ta werdine jeneng utawa asma kang wus kasandhang. Perlune supaya tansah eling marang kanugrahan asma iku lan gegayuhan luhur kang dipasrahake marang awake dhewe.
Jenengku Sukandar. "Su" iku "becik, apik". Dene "kandar"? Lha iki, aku dhewe rada bingung mangerteni. Rikala miterang marang bapak, jarene tegese "katresnan, kasih". Nanging yen dak waca ana ing kamus bahasa Indonesia, "kandar" kuwi tegese "sopir"! Ah, kabeh apik! "Katresnan sing becik" utawa "sopir sing becik" loro-lorone padha apike. Dhasare aku iki anak barep, dadi ya memper yen kudu dadi sopir utawa ngesuhi tumraping adhi-adhiku, munggahe tumrap kabeh wong sing dipercayaake marang aku! Sopir sing kebak ing katresnan!

Hehehe... dadi rada nggembelo sirahku marga mongkok! Sanadyan ya rada manteb anggone nyangga. Ya muga-muga wae aku ora kabotan nyangga jeneng iku. Aku mung percaya wae, awit jenengku itu dedongaku uga. Gusti lak ya tansah paring kekuwatan marang aku.

Hayo... kagungane asma apa werdine? Yen durung priksa, nyuwuna priksa marang bapak-simbok utawa...simbah! Hehehe...

Aku percaya, asma panjenengan dongane mesthi apik!

Salam, lan berkah Dalem Gusti!

2 comments:

Unknown said...

Wah sae punika wonten blogger ingkang isinipun ngajak para pamirsa supados nguri-uri kabudayan Jawi, sacara pribadi kula rumaos remen tur mongkok ing manah awit kados pundi kemawon ing zaman punika namung sakedhik ingkang taksih kagungan sedya nguri-uri kabudayan Jawi, bok menawi saged dipun etang mawi driji.

Babagan Basa Jawi (kabudayan Jawi)panci kathah maknanipun. Menawi ing wekdal punika ngangkat tema "Nama kinarya japa", kula sacara pribadi ugi badhe urun komentar sakedhik.

Menawi kula pikantuk asma saking tiyang sepuh kula mawi tetenger "Dwi Wahyu Widodo", mesthinipun ugi wonten maknanipun. Menawi kula nyobi gathukaken bok menawi tetenger punika kagungan arti "anak kaping kalih ingkang dipun paringi ganjaran keslametan", milanipun kula tansah dipun emutaken supados tansah ngucap puji syukur kaliyan Gusti amargi sampun rena paring gesang dhumateng kula pribadi ngantos dugi sapunika.

Mugi-mugi kanthi punika kula saged nyumbang kathah kagem tiyang-tiyang ing sakiwa tengenipun kula. Kanthi mekaten punapa ingkang dados kekarepanipun tiyang sepuh anggenipun paring tetenger dhateng kula saged kula ginaaken kanthi leres lan boten damel cuwa manahipun tiyang sepuh kula.

Punika ingkang saged kula aturaken minangka pambuka diskusi wonten media blogger punika. Nuwun.

Anonymous said...

Cemplux ni Mo....
Mo., pake bahasa Indonesia gak apa-apa ya Mo?!
Saya setuju jika nama mencerminkan sebuah doa bagi penggunanya. Tapi saya sendiri belum tau makna dari nama saya...xexe..;)
Gini Mo., ada sebuah kasus (masih berhubungan dengan nama seseorang) saya punya ponakan, pada umur 3 tahun dia dapat musibah..dia di vonis dokter tuli total, lalu ada salah satu orang tua., kalo orang jawa menyebutnya 'orang pintar' (kalau menurutku sih orang 'sok pintar')yang bilang bahwa ponakan saya itu 'kabotan jeneng' (istilah jawanya) dan namanya harus diganti. Nama ponakan saya itu Intan Sekar Aningtyas, saya tidak merasa ada yang salah dengan nama itu, dan nama itu menurutku sangat bagus, walau pun saya juga belum ngerti maknanya...xexe...tapi herannya keluarga percaya saja untuk mengganti nama ponakan saya itu, walaupun dengan sangat kecewa.,yach... dengan harapan tidak akan tertimpa musibah lagi. Tapi saya merasa bahwa itu bener2 gak masuk akal dan apakah tulinya ponakanku itu memang karena namanya yang Intan Sekar Aningtyas? Kalau menurutku sih enggak. Kenapa harus di ganti namanya Pak? Mbok? Mbak? Mas? Mbah Dukun?

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator