Kanthi mencet tautan persis ing ngandhap seratan punika, panjenengan sampun nyengkuyung blog punika. (``,)

online casino bluebook - www.onlinecasinobluebook.com/ voted top online casino review site 2010

Sabtu, November 17, 2007

Bapakku seneng ngingu wedhus

Bapakku angon wedhus

Bapakku asmane Antonius Sugiman. Wis tau dadi PNS ana ing Dinas Pendapatan Daerah Kabupaten Kulonprogo, Jogja, ngasta ana ing pasar minangka juru tarik karcis marang bakul-bakul. Udakara wis meh setahun iki pensiun. Kelahiran tahun 1947 sakjane isih katon nom. Dhasare ya isih seneng nyambut gawe, dadi sanadyan wis pensiun ya ana wae sing ditindakake saben dinane. Sing mesthi kuwi garap sawah lan ngrumat kewan. Yen didangu priyayi liya anggone ngasta saiki nang ngendi, biasane Bapak anggone atur wangsulan kanthi bangga, "Kantor kula sapunika wonten sabin! Hehehe..."

Pancen, saben dina Bapak mesthi tindak sawah: esuk, awan, sore, kepara kondure sok nganti wayah surub. Yen ora niliki tanduran pari, ya ngarit karo angon wedhuse sing saiki cacah papat. Foto ing dhuwur iku kajupuk dina Sabtu, 10 Nopember 2007 wingi, mapane ana pekarangane tanggaku sing wujud lapangan kanggo meme cengkeh ana ing ngarep omahku. Saiki lagi mangsane padha bubar plabuh, mangsane ngrabuk lan ana sing wis matun. Mulane wedhuse Bapak mung dicencang ana ing pekarangan iku wae.

Bab ngingu lan ngupakara wedhus, Bapakku klebu gemati banget. Ora maidu yen wedhuse lemu-lemu. Lha wong pakane wae sok aneh! Ora trima mung suket lan ramban. Saben esuk lan sore Bapak mesthi nyacah gori (nangka nom), pentil kates, jantung gedhang, utawa sayuran liyane sing lumrahe dipangan manungsa. Nanging iku mau kabeh diolah bapak kanggo makani wedhuse! Dibumboni, digeneni barang kaya lumrahe wong nyayur! Coba! Ning wedhuse ya padha doyan lan mangan jangan olahane Bapak iku kanthi ngethamul sajak ndemenakake tenan. Terkadhang sok diwehi bekatul campur uyah sacukupe. Malah sok dijamoni ndhog pitik barang. Hehehe... yen ora kober ngarit suket utawa golek ramban, kaya mangsa ngrecih udan kaya saiki iki, Bapak ora pati kuwatir. Isih ana pakan wedhus alternatif!

Kelangenan ngingu kewan kaya iku wis dilakoni Bapak wiwit isih cilik. Liyane wedhus wis tau kebo, sapi, bebek, lan manuk. Sing durung tau marmut lan kelinci. Tanggung, jarene. Kamangka biyen sing sok dipasrahi ngrumat kewan-kewan iku aku. Bapak sok duka-duka yen nganti kewan ingone gembrat-gembret marga kapiran ngelih. Hehehe...aku pancen kadhang sok memeng. Ngingu kewan kok sing gedhe-gedhe wae. Mbok pisan-pisan sing cilik-cilik kaya trewelu kareben anggone ngarit ora susah akeh-akeh. Nanging pepinginanku iku ora dadi kersane Bapak. Mengko mundhak aku malah dadi wong keset.

Sing ditindakake Bapak kaya ngono iku ora krasa wus ndadekake aku kaya saiki-iki. Anggonku ngonceki tekan bab seserepaning urip. Yen dilelimbang, urip minangka wong tani desa iku kebak ing kawruh kanggo sangu urip. Saka Bapak aku diajari bab sikap "gemati", "jujur" lan "sregep" marang apa wae kang dadi tanggung jawabe. Kewan iku ya titah, sing saiki dipercayakae marang aku supaya dirumat kanthi gemati. Yen wis kulina ngrumat kanthi sikap mangkono, besuk yen wis dadi wong tuwa wayahe ngrumat kulawarga lan wong liya bakale ora kangelan. Mangkono ngendikane Bapak muruki aku.

Gemati: pamrihe supaya saktandang tandukku marang kewan ora ninggalake atiku minangka jejering manungsa. Kewan uga butuh katresnanku. Apa maneh samengkone ana ing pasrawungan karo wong liya sing padha-padha manungsa!
Jujur: pamrihe supaya anggone ngrumat kewan iku ora mbilaheni darbeke wong liya. Yen pas diengon, kewan-kewan iku kudu tansah diulatake. Samangsane nedhak (mangan utawa ngrusak tanduran) kudu enggal digusah lan digiring ana ing papan sing samesthine. Kewan iku ora ngerti tembung "nyolong"! Mung manungsa sing ngerti, mula kudu nggenahake lan menerake sing prayoga.
Sregep: pamrihe supaya dadi wong mandhiri, ora mung "dhat nyeng", keset utawa "manja" (ngadi-adi). Saben pagawean lan tanggung jawab samesthine ditindakake kanthi tumemen. Sing dipentingake dudu kepenaking awak, nanging tandang-tanduk sing mrantasi gawe. Mesthi wae ora mung kanggo awake dhewe nanging uga kanggo sapadhaning titah. Jarene simbah, wong keset iku dadi bature setan!
Marga wis tau diajari Bapak ngingu lan ngrumat kewan iwen iku, aku duwe pengalaman dadi "wong angon". Maune mono mung angon wedhus, kebo, sapi, utawa bebek. Nanging saiki pengalaman iku dak rasa-rasakake wus menehi dhasar kang bisa dicakake ana ing donyaning pasrawungan agung. Mula ana tembung "pangon" sing kajupuk saka donyaning ngrumat kewat iwen, kanggo nyebut jejering pemimpin. Dudu kewan maneh sing dipimpin; dudu kewan maneh sing diladeni, nanging sapadhane manungsa. Ora mung wong liya sing diengon, nanging sajatine uga ngengon awake dhewe, klebu kulawarga dhewe (bojo lan anak, uga sedulur, kakang lan adhi).

Matur nuwun nggih Pak... ***

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar

Komentar paling anyar


Advertising free mortgage calculator