Thursday, December 18, 2008

Jenenge: Gabriel Janur Danu Fidelio


Gabriel Janur Danu Fidelio, originally uploaded by BornJavanese.

"Gabriel Janur Danu Fidelio", mangkono aku nengeri anakku lanang sing lagi wae weruh padhanging jagad gumelar iki ing dina Sabtu, 13 Desember 2008 kepungkur. Puji syokur dak unjukake ing Pangeran, dene aku pinarcaya momong putra barep kakung sing lahir kanthi slamet, normal lan sampurna. Sawuse nunggu sangang wulan, tekan titi wancine babaran. Ati rumangsa plong lan bungah datan kena kagambarake. Tetela Natal ing tahun iki aku diparingi kado sing istimewa banget.

Gabriel dak pilih dadi nama baptis, miturut padatan umat Katholik. Nama iku asma kagungane malaekat Gabriel (Jibril). Anakku lanang dak suwunake pangayoman lan pamomongane sang malaekat, marga anggone lahir meneri wulan Advent, mangsane umat Katholik padha nyawisake pahargyan Natal, Riyaya Wiosan Dalem Sang Kristus. Malaekat Gabriel iku minangka duta utusan Dalem ngasta kabar kabungahan bab Sang Emmanuel iku marang Ibu Maria, Bapa Yusuf, lan marang para pangon sing lagi njaga wedhus-wedhuse. Ora keri uga marang ratu tetelu saka wetan sing padha kepengen marak sowan marang Panjenengane. Cekake, muga-muga krana pangayomane malaekat Gabriel, besuk anakku bisa dadi pribadi sing tansah gawe bungah atine sapadha-padha.

Janur wus ngarani, yaiku blarak - godhong klapa - enom. Wiwit mula bareng ngerti yen nyonyahku ngandhut, aku pancen wus ujar menawa arep njenengi anakku kanthi njupuk saka sawenehing tetuwuhan. Janur dak pilih, marga nduweni paedah sing luwes banget. Ing ngarep, janur bisa dadi tarub umbul-umbul; mratandhani pangayubagya sing gapyak sumanak marang sapa wae sing rawuh. Ing tengah, janur bisa karonce dadi kembang mayang - pasrening papan lenggahing penganten, lan sawernaning kaendahan liyane ing pasamuan. Ing sawenehing tradisi, janur dadi uba rampe sesaji, ngganepi srananing pandonga kanggo mengkoni uripe manungsa. Ing mburi, janur bisa lumadi awujud nam-naman kanggo wadhah beras, sing dimasak dadi kupat minangka dhaharan utawa sangu lelungan. Selagine garing wae dheweke bisa kanggo daden geni ing pawon, amiwiti lakune wong olah-olah rejeki. Jeneng Janur dak dadekake japa tumraping anakku, supaya bisa dadi pribadi sing luwes marang sapa wae, ing kapan lan ngendi wae bisa leladi kanthi bungah, temahan dadi bebungah.

Danu, iku ateges gandhewa. Dene fidelio seka tembung basa Latin fidel-is sing ateges "kaum beriman". Pandongaku, muga anakku tuwuh dewasa dadi pribadi sing ngrasuk iman kapitayan teguh marang Gusti Allah. Teguh kuwating iman iku kagambarake kaya dene gandhewa kanggo nglepasake panah. Gandhewa bakale mobahake warastra. Yen gandhewane lentur nanging prengkuh bakoh, keplasing warastra uga kenceng lan patitis. Yen kinanthen iman lan katresnan, warastrane mesthine ya bakal salin wujud dadi samubarang sing apik.

Iku manu wedharane. Hehehe... muga-muga anakku ora kabotan jeneng. Kanthi pinaringan momongan iki aku rumangsa saya gedhe tanggung jawabe, nggulawenthah si Janur supaya pandongaku kababar uga ing urip padinan.

Dhuh, Gusti... kanugrahan agung paring Dalem mugi andamel atur panuwun lan raos syokur kula sangsaya ageng. Pinujia lan minulya Asma Dalem, sapunika lan ing salaminipun. Amin. [skd]

Friday, November 07, 2008

Urip iki ...


Lelaki tua, pohon dan batu, originally uploaded by BornJavanese.

Download: 1024*707

Ujaring kandha, jangkaning urip manungsa iku ngibarate mung sasuwene wong mampir ngombe. Dadi mung sadhela yen dipadhaake karo jangkaning alam sawegung. Dhasare mung mampir, yen wus tutug pawongan iku ya bakale nerusake laku tumuju marang papan sing diangkah.

Pak Tuwa sing lagi gocekan wit ing pinggir lapangan buri Plaza Metropolitan, Cibitung, Bekasi iku ora priksa yen dak foto saka buri. Piyambake lagi ngulatake wedhus-wedhus saka kadohan. Ora let suwe banjur lenggah ing salah sijine watu tilas cor-coran beton ing ngarepe iku, sinambi ngetung maneh cacahing wedhus darbeke sing katon.

Nalika review jepretan fotone, aku ngungun dhewe marang hasile sing banjur dak edit lan dadi kaya sing kapacak ing dhuwur iku. Ing rasaku pating sliwer gagasan-gagasan sing kenthel banget bab urip iki. Warna-warna, nganti sadhar menawa gambar iku bisa nyritaake sujarahing uripe manungsa. Kabeh sipating titah ing bawana langgen iki kaya-kaya kapacak ing kono. Ciptaku kumeplas marang sangkan lan paraning uripku: biyen, saiki, lan samengkone. Siji sing jumedhul lan bisa kawedal ing lathi: "Matur nuwun, Gusti!"

Saking kenthel lan kebaking gundhulku, mula isane mung nulis kaya ngono kuwi mau. Sabanjure panjenengan kabeh bisa ngembangake dhewe-dhewe.

Berkah Dalem. [skd]

Monday, November 03, 2008

Gendhing Tlutur - MP3

Unified by the death
Download: 1024*731



Gendhing irama "tlutur" biasane dipidhangetake kanggo ngiringi swasana dhuhkita utawa sedhih. Sanadyan ora patia biasa diputer ing pamakaman utawa layatan kawula lumrah, nanging sajatine kasanah musik gendhing Jawa nyedhiani irama kanggo tema-tema sedhih kaya mangkono. Cirikhas gendhing tlutur kapireng ing swara rebab, gender lan gambang.

Mirengake gendhing Tlutur ora kudu nunggu ana sripah. Yen ati lagi nglangut, utawa lagi kepengin cecaketan karo nugrahaning dalu, gendhing iki pas banget kanggo nyipta swasana wening ing kalbu. Ing tengah wengi mangsane arep mapan sare, nyawisake dedonga pasrah marang Gusti, gendhing iki uga bisa dadi iringan sing angujiwat.

Ing ngisor iki dak aturake link-link kanggo download gendhing irama tlutur iku kanggo nambahi koleksi:


KTW GAMBUH PL BR.MP3
KTW KUSWOWIRANGRONG PL6.MP3
KTW POCUNG NIRBAYAN PL5.MP3
KTW SUMEKAR PL5.MP3
LDR ALAS PADHANG PL6.MP3
LDR JAKALOLA PL BR.MP3

Powered by: Cowon JetAudio
Join 4Shared Now!

Pidato ing paharyan temanten

Sasi Juni 2008 kepungkur aku antuk e-mail saka sedulur sing asring mampir ing blog iki. Piyambake mundhut tulung digawekake ngengrengan pidhato temanten, marga kapatah dening pihak temanten kakung supaya makili kulawarga ing adicara pawiwahan ing daleme temanten putri. Mak bedunduk, aku nyaguhi pamundhutan itu tanpa mikir warna-warna. Kamangka babar blas aku durung tau pidhato ing pahargyan kaya mangkono. Dhasare ya durung wangun! Hehehehe.... Nanging ngiras pantes ngudi kawruh lan sisan sinau, aku banjur mbudidaya gawe ngengrengan sagaduk-gadukku. Sadurunge wiwit nulis aku telpon bapakku dhisik; yen bapak wis kulina dipundhuti tulung supaya pidhato makili kulawarga temanten. Jreeeeng... dadine kaya sing dakaturake ing ngisor iki.

Pikirku, sabubare Syawal iku sasi Besar. Biasane ing sasi iki akeh sing padha kagungan gawe mantu. Mula dak upload ing blog iki. Ananging, marga mau-maune mung saka krenteg sinau, mula yen ana kadang sing priksa ana kekurangane lan maringi pamrayoga luwih becike, bakal dak tampa kanthi bungah.

Sumangga.... ***


Atur sapala ing pahargyan pawiwahan
saking pihak penganten kakung


Urut-urutan:
1. Pambuka
2. Wos (Inti)
3. Panutup


Pambuka:
Assalamualaikum….
Berkah karaharjan mugi rumentah dhateng kula panjenengan sadaya.
Amin.

Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh, kakung sumawana putri ingkang satuhu kawula bekteni.
Langkung rumiyin matur sembah nuwun dhumateng sadherek pranata adicara ingkang sampun paring wekdal dhateng kula. Keparenga kula badhe matur minangka talang aturipun .... (asma sarimbit tiyang sepuhipun panganten kakung ingkang dipun wakili) sarimbit. Ing titiwanci punika kula sabrayat ngaturaken kulanuwun lan pambagya harja dhumateng para rawuh sadaya, satuhunipun dhumateng panjenenganipun .... (asma sarimbit pihak besan), ingkang sampun karsa nampi pisowan kula sarombongan wonten ing dalem punika (kulawarga ing mriki) kanthi kebak ing pambagya kinanthen pasugatan ingkang sangsaya nuwuhaken rumaketing pasedherekan lan tali silaturahmi.

Wos (Inti):
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh ingkang satuhu kawula bekteni.
Sowan kula sarombongan ing mriki saperlu njangkepi punapa ingkang sampun dados kuwajiban kula minangka tiyang sepuhipun temanten kakung, inggih anak kula pun ….. (asmanipun temanten kakung). Puja puji syukur konjuk ing Pangeran ingkang Murbeng Jagad dene ing dinten .... (dinten) surya kaping... (tanggal) ing wulan.... (bulan) warsa ... (tahun) punika, anak kula punika estu sampun dhaup asta lumiyat kalihan nakmas ayu.... (asma penganten putri) kanthi wilujeng nir ing sambekala datan wonten rubeda satunggal punapa. Ijab suci (ijab qobul) sampun kalampahan ing dinten punika tabuh... (pukul) wonten ing ... (papan ijab) lumantar.... (pejabat pernikahan).

Raos bingah, bombong lan bebeg cumondhok ing manah kula lir kasiram tirta sawindu, dene punapa ingkan dados sedya lan pangajap kula anggenipun minangkani panyuwunipun anak kula estu sampun saged kasembadan tuwin kababar ing dinten punika. Pramila, kula ing pahargyan punika boten wonten sanes kajawi amung saged ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, langkung-langkung dhumateng Bapa-Ibu besan ….. (asma tiyang sepung penganten putri) sarimbit, ingkang sampun hamengkoni jangkeping gati saha rantamaning titilaksana ing adicara pawiwahan punika kanthi longgar ing panggalih, wiwit purwa, madya lan purnaning pahargyan samangke.

Agenging panuwun ugi kula aturaken dhumateng para rawuh sadaya ingkang sampun karsa mijekaken wekdal ngenthengaken sarira njenengi pahargyan wiwahan punika, lan nekseni anak-anak kula anggenipun miwiti adegipun kulawarga enggal. Amung Gusti Mahamirah ingkang saged paring lelintu dhumateng katresnan, kasaenan, tuwin donga pangestu lan pambiyantu panjenengan sami. Panuwun kula mugi-mugi rawuh panjenengan sadaya, dadosa berkah saha pangestu ingkang lumintu dhateng anak-anak kula punika amrih sangsaya madhep lan mantep, jumangkah kanthi jejeg ing madyaning gesang bebrayatan agung samangke. Mugi wijining katresnan saged angrembaka linambaran sikap setya, sami dene urmat kinurmatan kanthi iman ingkang tansah sumunar, tansah bekti dhumateng tiyang sepuh, leluhur tuwin Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Ingkang rumiyin jejer kalih, sapunika sampun nyawiji dados satunggal datan kapiji-piji malih. Mugi kekalihipun sageda langgeng katresnanipun; binerkahan gesang lan pakaryan tuwin pangupajiwanipun; tansah mersudi dhateng jejering kautamen ing panggulawenthah dhateng para putra wayahipun; temahan begja gambira ngantos dumugi kaken-kaken lan ninen-ninen.

(Saged dipun tambahi malih.)

Panutup:
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh, kakung sumawana putri ingkang tuhu sinudarsana.
Kados boten prayoga manawi kula matur kathah-kathah. Sadaya isen-isening manah kula sampun kababar. Pramila, atur kula kacekapaken semanten kewala, lan mbokbilih wonten kekiranganipun kula nyuwun agenging samodra pangaksami.

(Optional: mBoten ateges anggege mangsa, amung ngiras-ngirus wekdalipun, ing saparipurnaning pahargyan samangke kula sarombongan nyuwun pamit madal pilenggahan, wangsul tumuju dhateng ….. Pramila kula sarombongan nyuwun donga kawilujenganipun).

Ing wasana, kula minangka talang aturipun .... (asma sarimbit tiyang sepuhipun panganten kakung ingkang dipun wakili) sarimbit, mbokbilih anggen kula matur taksih kathah klenta-klentunipun krana cupeting kawruh basa saengga nerak paugeraning paramasastra, temahan dados kirang nujuprana ing panggalih panjenengan sami, kula nyadhong lumunturing sih pangaksama.

Wasana cekap, Assalamualaikum….
Wekdal kula kunduraken dhumateng sadherek pranata adicara.
Matur nuwun. [skd]

Monday, October 06, 2008

"Nyambut gawe"


Ketupat, originally uploaded by irwandy.



Dina riyaya Lebaran 1429 H wis kliwat. Aku nganti ora sempat ngaturake ucapan "Selamat Idul Fitri" ing blog iki, marga melu prei lan ora sempat akses internet sajroning liburan. Sedulur-sedulur sing padha mudhik nganti wus balik maneh. Kutha Jakarta wus rame maneh, mbok menawa wus tambah penduduke dening sedulur-sedulur anyar sing duwe pangarep-arep gedhe marang gumebyaring kutha metropolitan iki.

Nyipati arus mudik lan arus balik Lebaran tahun iki, murugake aku ngalamun. Ora ngalamun marga ora bisa mulih menyang Jogja lan kumpul karo kulawarga, nanging aku ngalamunake underaning tembung sing dadi kawigatenku, yaiku "nyambut gawe". Awit, akeh-akehing wong sing padha neba ing kutha gedhe, luwih-luwih Jakarta, racake padha duwe pawadan "golek gawean"; kepara ana sing nganggo tembung "ngadu nasib". Kang ana ing gegambaranku, gegandhengan karo budaya mudik Lebaran, wong-wong iku padha "golek dhuwit", diklumpukake supaya samengko ing mangsane bisa kanggo sangu mudik lan ngriyayaake Idul Fitri ing kampung halamane.

Bareng dak lelimbang, tembung "nyambut gawe" iku werdine luwih jero tinimbang "makarya". Ing bahasa Indonesia karo-karone ateges "bekerja" utawa "berkarya". Aku nganggep yen "nyambut gawe" iku minangka tembung camboran awit yen dipisah "nyambut" lan "gawe" duwe teges dhewe-dhewe sing beda. "Nyambut" bisa ateges "nyilih", bisa uga "mapag" utawa "menyongsong" lan "manggaake". Dene "gawe" bisa ateges "yasa", "nyipta", "karya" nanging uga bisa ateges "pesta". Mula yen ana sedulur sing lagi mantu, awake dhewe ngarani "Sedulur iku nembe duwe gawe mantu." Lha, yen tembung "nyambut gawe" diterjemahake kanthi "bekerja" utawa "berkarya" thok, rasane kok ana sing kurang.

"Nyambut gawe" saka panglimbangku nduweni werdi sing luwih tinimbang mung makarya, golek dhuwit utawa pangupajiwa. Nanging tembung iku kaya-kaya momot kautamaning priyayi Jawa sajroning pasujarahaning urip ing marcapada iki. Wong Jawa iku duwe sesanti luhur: "Empan papan, sepi ing pamrih, rame ing gawe, mamayu hayuning bawana". Mula saka pangrasaku tembung "nyambut gawe" iku nuduh marang "rame ing gawe" ana ing sesanti iku. "Aku nyambut gawe," ateges aku makarya ing sajroning rantaman adicara pesta ana ing bebrayatan agung iki; pakaryan sing dak tindakake iki dadi bageaning pesta sing samengkone bakal tekan titi wancine.

Idul Fitri bisa dadi puncaking "pesta" iku. Mula yen saiki aku panjenengan padha keklumpuk bandha "lahir lan batin", iku pancen wus samesthine kanggo nyawisake dinaning riyaya ing tahun ngarep! Sing kudu tetep dak sadhari, "pesta" ing kene awujud pesta jasmani-rohani sing agawe hayuning bawana!


Sanadyan sampun telad, keparenga kula ngaturaken: SUGENG RIYADI IDUL FITRI 1429 H. Nyuwun pangapunten lahir-batin dhateng sadaya kalepatan kula ing blog punika. Mugi jagad enggal saged kabangun kanthi kebak ing berkah Dalem Pangeran! Amin. [skd]

Monday, September 29, 2008

Dhuuuh...!!! Kere ya kere, ning...

The party is over!



Aku ora ndang nulis komentar iki rikala beritane rame ing media massa, kareben ora latah. Dianggep telat ya ben!

Isane mung ngunjal napas lan ngelus dhadha rikala nggatekake berita bab anane "makanan daur ulang sampah" sing beredar ing pasar tradisional tlatah Jakarta Barat. Akeh pihak sing padha kaget lan ora ngira. Jelas-jelas luput saka pantauane aparat yen ora ana lapuran saka warga menawa ana panganan sing ora layak dikonsumsi diedol ing pasaran. Sing nggumunake, iku wis kelakon jroning 5 tahun! Blaiiiik...!!! Yen nyawang liputan video ing televisi sing ngatonake tumpukan buntelan plastik kresek ireng dibukak, terus akeh laler pating krubung ing sela-selane tangat-tangan sing trampil milihi daging ing antarane sampah buangan iku, terus digoreng nganti mumpluk.... "Asyeeeemmmm.... Diampuuuuut....!!! Uteke padha didelehake ngendi ta ya?! (Hehehe... sorry, kasar) Gek nalare wae kepriyeeee...?!

Sawetara aku banjur speechless - ora bisa komentar apa-apa!

Saka rumangsaku bangsa Indonesia iki wis merdika, 63 tahun. Crita-crita kemlaratan sing biasa dak waca ing tahun 70-an biyen wis suwe ora keprungu. Mbuh novel, mbuh cerpen ing dekade iku isih ana crita kere sing mung mangan saka dhakur-dhakur turahan ing tempat sampah. Dekade sateruse aku wis ora tahu krungu crita-crita kaya ngono maneh. Katone wis ora ana maneh potret-potret pengemis, pemulung utawa anak jalanan sing nglenkara kepati-pati. Sing kerep diberitaake malah jarene kelompok masyarakat iku terorganisir rapi. Pengemis dadi profesi sing penghasilane ora kalah karo gaji UMR! Aku wis tahu nyipati ana pawongan nyadhong njaluk-njaluk ing prapatan bang-jo sinambi udud Dji Sam Soe! Lha, kok ing millenium iki gegambaran kere kepati iku mencungul maneh!

Tuwuh pitakonan kanthi rasa cubriya sing gedhe banget: Aja-aja pancen wis ora ana kere kepati, nanging mentalitas kere-ne durung ilang!

Mbok menawa pengusaha makanan daur ulang sampah iku mau-maune rumangsa eman nyipati ana panganan enak tur larang larang dibuwang ngono wae. Trus diopeni, dimasak maneh...dirasaake isih enak! Lha, yen aku wae doyan, kudune wong liya ya doyan! Aku wae mangan barang iki tetep sehat meger-meger, kudune wong liya ya ora apa-apa! Waaah...iki peluang bisnis gedhe!

Ide cerdas! Nanging konyol, lan babar blas ora nganggo nalar manungsa sing wicaksana!

Kemiskinan, kemlaratan pancen dadi kaprihatinan saben pawongan. Nanging, ndadekake wong liya bisa "ora katon" miskin iku sajake orang sak gampang ndandani mentalitase pawongan iku. Dhuwit bisa akeh; omah bisa layak; nanging... sikape isih nylekuthis kaya kere tahun 70-an mrana....!!!

Bapak-Ibu, Kangmas-Mbakyu... mboten mangan sekolahan mboten dados punapa, nanging mbok tansah emut dhateng martabating manungsa, titah ingkang pinaringan cipta-rasa-karsa lan budi wicaksa!

Gemes aku!!! [skd]

Monday, September 15, 2008

Kartu Lebaran

A call for a prayer - Square
A call for a prayer - Greeting card A call for a prayer - Greeting card 2


Aku nembe wae oleh jepretan sing dak anggep apik lan endah yen diagem kartu Lebaran samengko. Gambare kapacak ing dhuwur iku. Yen panjenengan ngersaake, sumangga kaaturan download ing Wallpaper 4U. Muga-muga bisa gawe renaning panggalih. [skd]

Thursday, September 04, 2008

Enthung


Download: 880*640

Rikala aku isih dadi uler... rina wengi datan ana kendhate cangkemku mung ngethamul mangaaaaan wae. Ora preduli godhong, pokoke dak krikiti nganti tapis pis! Yen perlu nganti garing. Wite mati mbuh ra nggenah!

Saiki wayahe leren lan mandheg. Wus tutug anggonku mangan, sing mesthi gawe pitune tanduran. Aku dak lerem, mlebu ing alaming sepi, hangracut sedhakep saluku tunggal, madhep lan manteb atiku kepingin dadi titah sing beda lan ora nggrangsang maneh. Rina lan wengi aku mung semedi, masrahake jiwa lan raga, ngeningake cipta, nyadhong marang pangreksa Dalem Pangeran. Muga-muga tuntas kababar kang dadi panyuwun lan panuwunku. Budi lan atiku mobah, mung manther marang karsaning Hyang Widhi. Tejaning titah sing wus kapungkur muga sirna ilang kaganti dening teja wening sumunar nentremake.

Tekadku mung sawiji: ing wayahe samengko aku kepareng dadi kupu-kupu endah sing agawe sumaraking alam sawegung. Godhong lan tetanduran datan wedi maneh marang sliraku, kepara malah kepingin dak prepegi. Awit sarining kembang sing bakal dadi titah anyar angantu-antu marang tekaku. Ing kana wus sumadhia, madu murni manis sinugata ing andrawina. Panganggoku wus merak ati, datan gawe miris lan kuciwa marang kekembangan sing tuwuh angrembaka bareng kalawan pletheking srengenge ing wayah esuk. Jagad gumelar katon endah ayu sinawang, binarung ing swaraning bawana mulyaake Gusti Kang Akarya Jagad.

Ngaturaken Sugeng Siam Ramadhan 1429 H dhumateng para kadang ingkang nindakaken pangibadah punika. [skd]

Wednesday, August 27, 2008

Aneka Palaran - Nyi Tjondrolukito

Tracks = 9
All tracks = 31.4 MB
Bitrate = 40 Kbps


01 - PLRN PANGKUR - PLRN KINANTHI - PLRN ASMARADANA SL MNYR.mp3
02 - SRI KATON MATARAMAN - PLRN DURMA PL BR.mp3
03 - PLRN MIJIL - PLRN SINOM - PLRN ASMARADANA SL MNYR.mp3
04 - PLRN DHANDHANGGULA - PLRN DURMA SL MNYR.mp3
05 - PLRN KINANTHI-MEGATRUH-ASMARADANA-PUCUNG SL MNYR.mp3
06 - PLRN PANGKUR SL 6.mp3
07 - PLRN SINOM PL 6.mp3
08 - PLRN SINOM SL MNYR.mp3
09 - PLRN WENARAN SL 9.mp3

Powered by: Cowon JetAudio
Join 4Shared Now!

Tuesday, August 19, 2008

17 Agustusan

17 Agustus iku dina riyaya kamardikan RI. Tahun iki wis ngancik pengetan kaping 63. Ana ing sadhengah papan kapasang tarub, umbul-umbul lun kumlebeting bandera abang-putih, gawe semaraking swasana. Upacara bendera lan pameran, uga lomba-lomba dianakake kanggo ngregengake pitulasan. Lagu-lagu kebangsaan sing nggugah semangat nasionalisme keprungu uga ana ing radio lan televisi. Meriah.

Saben tahun kaya mangkono. Pitakonane: Bar pesta pitulasan njur arep ngapa? Wuuuuung... Wes hewesewes.... bablaaasss angine! Nunggu tahun ngarep maneh... lan sateruse. Lha trus, piye?!

Tembung "merdika" ing seputar perayaan pitulasan sok asring ditakonake maknane. Jawabane bisa mambu-mambu politis utawa pribadi, gumantung sapa sing ngudhar gagasane. Nanging intine tembung iku momot kautaman moral-etika kanggo urip pribadi lan bebarengan minangka jejering manungsa sejati. Mula yen dilelimbang sing jero, perayaan HUT kemerdekaan kudune ana transfer kautaman moral-etika iku marang para generasi penerus: bocah-bocah, remaja lan kawula mudha. Perayaan pitulasan samesthine kepengin memetri rasa tresna lang bombong marang bangsa-negarane dhewe, tresna marang uripe dhewe lan pepadha tanpa mbeda-mbedaake. Yen iku ora kasedya, perayaan regenge kaya ngapa wae datan ana paedahe.... nggambus thok! [skd]

Thursday, August 07, 2008

Anoman - Maskot TMII

Anoman - Maskot TMII
Hanoman
Originally uploaded by BornJavanese

"Le... ing antarane tokoh-tokoh pewayangan, sapa sing dadi favoritmu lan kepingin mbok conto?"
"Semar!"
"Kok Semar?"
"Awit Semar punika jejering dewa ingkang manjalma titah marcapada minangka pamomongipun para narendra utama, kepara malah dados batur. Kula kepengin nulad dhateng Ki Lurah Semar...."
"Becik lan luhur banget iku, Le... Wujudna kang dadi idham-idhamanmu, muga-muga kuwat..."
"Lha yen Bapak sinten idolanipun?"
"Bapakmu mono wus ngrumangsani yen dadi titah sing durung sampurna. Aku isih kapanjingan hawa nepsu lan tumindak nistha kaya sipating sato kewan. Ewa semono bapakmu iki kepingin nggayuh bebuden luhur, sanadyan ta kudu rekasa ing urip. Mula aku kepingin nulad marang Anoman. Blegering Anoman iku kethèk putih. Mbok menawa aku iki bisa diibaratake kethèk ala sing wulune ireng njanges, polahe kuthuk nanging kala-kala nyakar utawa nyathèk gawe pitunaning liyan. Bapakmu iki isih kudu mersudi budi sing luwih luhur, Le..."


Mangkono iku mau gunemaning kancaku karo bapakne ing sawijining wektu. Kancaku nyaritaake anggone kasengsem marang bapakne sing wis dipundhut Gusti. Dheweke rumangsa kisinan merga dakik-dakik anggone maspadaake dhiri pribadi. Ngendikane bapakne iku kaya-kaya dadi seblak pecut sing nggenahake lakune, supaya tansah lembah manah anggone mersudi urip...

Kancaku iku saiki uga wis dipundhut Gusti setahun kepungkur, sumusul sowan marang Pangeran Kang Akarya Jagad. Muga-muga tinampa ing kabungahan langgeng bareng kalawan ramane. Amin.

Gambar ing dhuwur iku dak jepret dina Sabtu, 26 Juli 2008 kepungkur ing Taman Mini Indonesia Indah. Anoman dadi maskote papan iku wiwit tahun 1991, karesmekake dening swargi Ibu Tien Soeharto, penggagas TMII.

Ing sangisore baliho sing kapacak ing pintu masuk TMII iku tinulis "Nitra", singkatan saka "Anjani Putra". Anoman iku putrane Dewi Anjani seka Hyang Pawana utawa Bathara Bayu. Sinebut uga Kapiwara, awit sanadyan kethèk nanging mandhita kanthi asma Resi Manyangkara, lenggahe ing pertapan Kendhali Sada. Dening Bathara Wishnu, Sang Mayangkara iku kajibah njaga Gunung Somawana papan yitmane Dasamuka supaya aja nganti uwal lan gawe rubeda marang para titah. Ing lakon "Anoman Takon Swarga" kagambarake kayangapa isen-isening atine sawuse tutug anggone urip ing jagad gumelar. [skd]

Tuesday, July 29, 2008

Kembang Sri Gading

Kembang Sri Gading
Kembang Sri Gading, originally uploaded by BornJavanese.

Wayah surup bubar maghrib simbahku putri mesthi metu ngomah ngasta besek adedian senthir tumuju ing pekarangan ngarep. Prenahe ing ngisor wit kembang Srigadhing kang tuwuh ngrembaka wiwit jaman mbuh aku ora menangi. Ora let suwe Mbah Putri banjur ngoyog-oyong pange sing isa diranggeh. Kembang putih cilik-cilik padha gogrog kaya tlethik sepisanan. Kira-kira wis akeh, kembang-kembang iku dijumputi mbaka nyiji, dilebokake ing besek. Wektu iku aku isih cilik, udakara umur tengah-tengahe sekolah SD. Yen Simbah Putri budhal metu, aku mesthi melu ngrewangi. Seneng anggone ngoyog-oyog karo ngambu gandaning sekar Sri Gadhing sing ngambar arum iku. Kembang iku bakale dadi dhasarane Simbah sing saben dinane bakul kembang ing pasar: kembang boreh, kembang macan kerah, kembang wiwit, kembang telon, lan sapiturute.

Yen wayah awan sakondure saka pasar, kala-kala Mbah Putri momong putune, adhiku wadon nomer loro sing wektu iku isih digendhong. Sinambi rengeng-rengeng, Simbah sok ngronce gogrogan kembang Gadhing kang isih sumebar ing ngisor wite, disandhati dadi kalung, banjur dikalungake adhiku. Bungah atine lan dadi ayem meneng ora rewel.

Saking wus dadi padatane, rikala Simbah Putri gerah sepuh wis tau nglindur tomtomen. Jarene saka rumangsane Simbah njumputi kembang-kembang Sri Gading iku, dipilihi sing apik. Nanging tan kocapa, kadadeyan sabenere dudu kembang sing dijumputi nanging bantal sing diagem sare dithithil-thithil nganti dhedhel gombale lan bubar kapuk randhu isen-isene! Oalah Mbah Putriiii....!

Simbah Putri saiki wus swargi, dipundhut Gusti rikala aku kelas 5 SD. Wit kembang Sri Gadhing ing ngarep omah wus suwe katebas ora ana tilase....

Minggu, 27 Juli 2008 wingi, ndilalah aku weruh ana wit kembang Sri Gadhing ing pekarangane tanggaku sing lagi mangsane metu. Eba bungah atiku, sumedhot nganti tekan bun-bunan merga kelingan Simbah Putri swargi! Mula aku banjur njepret sak apik-apike. Dadine kaya sing dak aturake ing ndhuwur iku.

Kembang Sri Gadhing wus dadi pepelingku marang swargi Simbah Putri. Muga-muga sukmane wus tentren lan nyawiji ndherek mulya ing Gusti Pangeran ana ing swargaloka, dadi talanging berkah marang para putra wayah sing isih lelumban ing alam donya iki. Amin. [skd]

Waosan bab kembang iki: Sri Gadhing

Tuesday, July 22, 2008

Katresnaning kulawarga


Father and daughters, originally uploaded by BornJavanese.

"The love of a family is the best life's blessings."
Katresnaning kulawarga iku nugrahaning urip sing tuhu agung.

Friday, July 18, 2008

Busana Jawa kakung sapengadeg

Surjan, blangkon lan keris sapengadeg wis dadi busana tradisional mungguhing priyayi kakung Jawa. Biasane kaagem ana ing acara tradisi, acara resmi sing ngusung kabudayan Jawa, para abdi dalem kraton, utawa ing pahargyan temanten kaya sing kapacak ing foto kiwa iki. Yen ing kalodhangan biasa umume para kakung mung ngagem surjan lan blangkon (sing sok diganti iket utawa udheng) wae tanpa keris. Mbokmenawa marga keris iku simbol agresi sing kudu satiti anggone migunaake. Jenenge wae "curiga", peranganing sikap negatif sing kudu di singkur. Mula anggone ngagem disengkelitake ana ing pungkuran, disengker ing buri. Yen ana sing ngagem ing ngarep, iku mratandhani siap siaga perang utawa nantang biyada. [skd]

Monday, July 14, 2008

"Wis tau" nang PRJ!


Siteran, originally uploaded by BornJavanese.

Sabtu malem Minggu wingi, 12 Juli 2008, aku lan nyonyahku dolan nang PRJ (Pekan Raya Jakarta). Merga dina Sabtu, tiket mlebune @ Rp 20.000,-. Ewa semono byuuuuh... ramene! Aku Mbayangake, umpama sing dolan mrana ing dina iku wong 100.000, ateges income seka tiket masuk ana 2 milyar rupiah! Durung ditambah seka tiket parkir lan liya-liyane. Racake sing padha dolan mrana minimal wong loro, akeh uga sing sakulawarga. Ing sajerone area PRJ umume padha nenteng barang blanjan, arepa mung isi snack jajanan bocah sing dikemas apik. Cekake, wong-wong padha cucul dhuwit. Aku karo nyonyahku dhewe luwih yen mung cucul 100 ewu rupiah! Bisa dibayangake gedhene perputaran dhuwit ing PRJ sadina bae!

Ing jero PRJ warna-warna sing bisa disawang. Aku nganti bingung arep nonton apa. Mripatku kesel nyawang wong semono akehe. Sikil iki mung njangkah salaku-lakune, mlebu stand kana stand kene. Saka rumangsaku sing paling akeh iku stand otomotif.

Meh saben stand ing arena iku ana grup band sing lagi beraksi. Suwarane dadi ra karuan mbrebegi. Ewa semono ing antarane swara-swara pating gedhumbreng lan ombyokan wong padha pating sliwer, isih ana swara sing bisa narik kawigatenku. Swara iku dak parani, jebul musik live saka priyayi telu sing lagi padha "Siteran". Mapane ana ing stand pameran produk saka provinsi DIY.

Hmmm... untung aku nggawa kamera, dadi isa dak jepret. Lumayaaan... Katone sing marahi aku kalipur bengi iku ya mung Siteran iku! Liyane... ya mung nyawang wong padha nyawang! Hehehe... Lha ora duwe dhuwit akeh dinggo blanja! Tur maneh ya ora duwe rencana tuku-tuku. Aku karo nyonyahku mung dhapur kepingin ngerti swasanane PRJ thok, wong durung tau!

Krasa ngelih, aku wong loro leren tuku "kerak telor" makanan khas Betawi. Regane saceplokan 15.000 rupiah! Yen diitung-itung seka bahane, biayane mung saprotelone. Ning ya ben.... sing penting wis tau ngrasaake kerak telor ing PRJ.

Yen dipikir-pikir... bab sing larang ing donya iki mung rong tembung: "wis tau"! Bengi iku aku cucul dhuwit 105.500 rupiah, dadi rong tembung iku wis tau rega semono! Hehehe... [skd]

Friday, July 11, 2008

Asia-Pacific NewsFeed

Iki dak aturake News Feed ing tlatah Asia-Pacific miturut Voxant NewsRoom. Hehehe... mung nyoba ngaturake segahan sing rada ng-global kok...

Friday, July 04, 2008

Mangga... kaaturan mriksani photo iki

Surjan lan blangkon JogjaPancen lagi keranjingan fotografi tenan kok aku iki! Mula ya blog-blog-ku akeh sing padha kapiran. Ning ya ben... jenenge we lagi sinau lan ngudi kawruh uga kaprigelan ing babagan seni jeprat-jepret iku.

Para kadang, iki salah sijining foto sing dak upload ing EyeFetch.com. Priyayi sing kafoto iki sejatine lagi maragaake "Cucuk Lampah" rikala putrine boss-ku dadi manten tanggal 21 Juni 2008 kepungkur. Katon gagah lan merbawani kaya ing kethoprak! Hahaha... Yen longgar lan kepingin mriksani foto-foto liyane, mangga kaaturan rawuh ing EyeFetch.com. Sokur-sokur maringi komentar. Komentar ing kene uga kasumanggaake.

Wonten ingkang ngersaaken kula jepret? Hehehe... [skd]

Wednesday, July 02, 2008

Dhandhanggula Kanca Tani

Ilir-ilir tandure sumilir
kanca tani kang padha makarya
sinawang lejar ing galih
parine lemu-lemu
katon subur nyenengke ati
kalis ing sambekala
iku panyuwunku
wit sihing Gusti kawula
kanca tani yekti saka guru nagri
uga bentenging bangsa


E e eba senenge
kanca tani yen nyawang tandurane
nyambut gawe awak sayah seneng atine
parine lemu-lemu
palawija lan uga sak wernane
katon subur kabeh tuwuh tansah loh tinandur

Panyuwunku tinebihna saking sambekala
Sihing Gusti mugi-mugi lestari widada

Sayuk rukun rame-rame
gotong-royong kang dadi semboyane
kanca tani yekti saka guru tumrap negarane


Bawa Dhandhanggula pancen asring kanggo buka sawernaning tembang Jawa. Surasane pada sing rinakit bisa awujud dedonga, pamuji, panyuwun utawa panuwun, pangalembana, ngudhar kahanan, lsp. Yen dibawaake kanthi ngujiwat, mesthi marahi ati kasengsem, kena prabawa endahing sekar sing karipta. Paling ora mangkono sing isa dak rasaake saka sekar Dhandhanggula Kanca Tani ing dhuwur iku.

Aku mirengake tembang Dhandhanggula Kanca Tani iku sepisanan lumantar saka swarane Mbak Evie Tamala. Kang Manthous wektu iku yasa album pop Jawa mligi kanggo Mbak Evie kanthi tembang unggulan "Kangen". Ora let suwe banjur Kang Manthous yasa album campursari . Tembang-tembang ing album iku uga dibesut nganggo versi campursari. Kelompok CSGK Majulancar yen ora kleru miwiti dhemam campursari ing Nuswantara iki, lan musik campursari banjur dadi trend.

Ing antarane tembang-tembang campursari, Dhandhangula Kanca Tani klebu dadi favoritku. Nyamleng banget yen dipirengake udakara jam 11-an pas mangsane para kanca tani kondur leren saka sawah. Siram, dhahar siang banjur leyeh-leyeh utawa udud-udud, sinambi nyetel campursari!

Bola-bali merga aku asli desa anake wong tani. Mula bisa ngrasaake milieu utawa donyaning tetanen. Wong tani iku cedhak karo alam, lemah, banyu lan tetanduran. Uripe akrab karo mangsa sing magepokan karo olah tetanen. Ora maidu yen sedulur-sedulur tani iku bisa duwe sesambungan raket karo Sing Gawe Urip, ya Gusti piyambak sing nguwasani alam sawegung iki. Sorwa-sarwi sakubet-liwering olah tetanen mesthi kinanthen puji lan panyuwunan marang Pangeran. Mula akeh upacara-upacara diadani minangka talining sesambungan antarane titah lan Gustine. [skd]

01. Gethuk.mp3
02. Iki Weke Sopo.mp3
03. Jangkrik Genggong.mp3
04. Kangen.mp3
05. Dandang Gula Konco Tani.mp3
06. Kacu Biru.mp3
07. Mawar Biru.mp3
08. Gemes.mp3
09. Ande-ande Lumut.mp3
10. Ngimpi.mp3
11. Kono Godo.mp3
12. Beboyo Margo.mp3
13. Kecik-kecik.mp3
14. Sue Ora Jamu.mp3
15. Lgm. Brambang Bawang.mp3

Tuesday, June 24, 2008

"E Jamu" - Jampi kangen tahun 70-an

e jamu jamune
badan sehat awak kuwat yen diombe

mbakyu mbakyu sampyan niki kula tumbasi
mangga mangga sing pahit napa sing legi
legi wae tambah eseme bakule

ja sembrana mas dadi gawe
bisa beda mas wekasane - interlude

e jamu jamune
cabe puyang awak mriang bisa ilang

mbakyu mbakyu tambah malih cabene puyang
mangga mangga janji ora ndadak nganyang
nganyang wae wong kene nyandhing bakule

aja ngono mas ra prayoga
ora jodho mas dadi lara - interlude

e jamu jamune
jamu kates awak etes sa'lawase

mbakyu mbakyu tambah malih jamune kates
jamu kates wong urip wajib sing bares
bares wae wong ngesir karo bakule

aja ngono mas rak ndrawasi
yen mangkono mas didukani - interlude

e jamu jamune
beras kencur awak kojur dadi mujur

mbakyu mbakyu tambah malih berase kencur
mangga-mangga manise kaya woh anggur
yen kanggoku sing manis dhewe sliramu

apa tenan mas ngendikamu
yen guyonan mas aja seru-seru


Saben mirengake langgam "E jamu" dening Ibu H. Waljinah iki aku mesthi kelingan tahun 70-an. Ing wektu iku televisi sing ana mung TVRI. Seminggu sepisan ana giaran kethoprak Mataram lumantar TVRI Ngayogyakarta. Sadurunge kethoprak wiwit ana pariwara produk jamu beras kencur cap "Orang Tua" kanthi videoklip tembang langgam kasebut. Wektu iku Ibu H. Waljinah isih katon mudha, kewes, ayu lan merakati, maragaake bakul jamu ing pinggir sawah. Banjur ana pawongan tani sing mundhut jamu kanggo tamba sayah sabubare nyambut gawe garap tani. Sinambi nunggu diracikake, pawongan iku kipas-kipas nganggo capinge lan nggodhani si bakul jamu. Romantis banget, romantis tahun 70-an!

Wah jan, aku dadi kangen ngomah! Omahku ing padesan kepener cedhak sawah. Ing tahun 70-an aku isih sekolah TK lan SD. Isih krasa sumilire angin ing sawah pinggir desa. Manuk deruk padha manggung ing wit-witan. Suwara montor mabur keprungu lagi latihan ing awang-awang. Nyawang sawah ing ereng-erenging bukit Menoreh gumelar tekan ing pinggir desaku karo jagongan ngrungokake bapak, pakdhe lan simbah padha ngrembug anggone olah tetanen, ndadekake ati tentrem. Kala-kala ana sedulur sing liwat menyang sawahe utawa mulih seka ngarit. Aruh-aruh rukun ngatonake banget rumaketing paseduluran ing antarane wong padesan. Kahanan dadi luwih gumyah rikala tekan titi wancine panen. Wis, pokoke langgam "E jamu" iku kaya-kaya muter maneh gegambaran desa lan sesawahan!

Para sutresna, gandheng ana kadang sing ngersaake tembang Jawa Ibu H. Waljinah lan kapeneran aku duwe link-e, mula iki dak aturake sawetara. Tembang langgam "E Jamu" iku ana ing antarane koleksi iku. Muga-muga bisa kanggo tamba kangen lan sayah! [skd]

01. Yen Ing Tawang.mp3
02. Jenang Gulo.mp3
03. Caping Gunung.mp3
04. Walang Kekek.mp3
05. Ojo Lamis.mp3
06. Ali-ali.mp3
07. Lelo Ledung.mp3
08. Gambang Suling.mp3
09. Ngalamuning Ati.mp3
10. Lorobronto.mp3
11. Pamitan.mp3
12. E Jamune.mp3
13. Luntur.mp3
14. Andheng-andheng.mp3
15. Resepsi.mp3

Tuesday, June 17, 2008

Laler wilis - laler ijo


Fly, originally uploaded by BornJavanese.

Mumpung lagi kumat anggonku seneng photography, ora ana alane aku mosting salah sawijining gambar sing wis dak upload ana ing flickr.com. Gambar laler ijo!

Hehehe... lha mbuh, kok ya saben-saben hunting obyek sing arep dak foto mesthi ati iki katarik marang kewan siji iku: laler! Kewan sing umumme njenesi, ngrubung panggonan-panggonan suker, bathang, utawa buwangan. Tempat sampah mesthi akeh laler. Nanging sing kajepret ing ndhuwur iku laler sing lagi menclok ing manggar wit jambe. Mbuh lagi ngapa si laler iku. Mbokmenawa lagi ngalamun...

Bangsane laler, apa maneh laler wilis, kadakwa dadi kewan sing nyebar memala. Mula yen bisa kewan iku disingkiri, digusah utawa kabrastha kareben ora mbilaheni.

Gusti Mahasae kok ya nitahake kewan-kewan kaya ngono ta ya... Nanging yen kewan iku kacipta, mesthine Gusti kagungan kersa tumrap dheweke! Kabeh titah kang cinipta, mesthi kacipta apik wiwit mula-bukane. Mung wae awake dhewe ora gampang nyandhak, apa kersane Gusti lumantar kewan-kewan iku!

Jujur, aku seneng nyawang laler yen wis dadi foto kaya ndhuwur iku. Donya iki dadi katon maneka warna. Kewan sing biasane njijiki katon endah sinawang. Ora ana liya kajaba tuwuh puji syukur marang Gusti dene aku kepareng nyipati salah sijining "kasunyatan" iku. Luwih-luwih kasunyatan menawa aku cinipta dadi manungsa, sing jarene luwih luhur tinimbang kabeh kewan, klebu laler.

Dadi pitakonan, yen ngono apa sing gawe awakku - manungsa - iki katon endah? Dak kira jawabane butuh panglimbang sing jero. Sing cetha, manungsa mesthi luwih endah tinimbang laler! [skd]

Wallpaper laler: ing kene.

Wednesday, June 11, 2008

Ukuran

Satuan ukuran dawa iku meter, yen jembar iku meter persegi, dene isi iku meter kubik. Awake dhewe uga wus ngerti yen satuan ukuran bobot iku gram, lan sapiturute. Kabeh sing awujud barang wadhag wus nduweni alat kanggo mangerteni ajine miturut wujud lan dimensi-ne. Mbok menawa ora pati angel mangerteni ajining barang miturut ukuran jumlah (kuantitatif). Dhasare ya wis ana mupakat internasional mungguhing bab-bab sing kaya mangkono, kari ngecakake.

Nanging dadi rada angel rikala awake dhewe kudu mbiji ajining samubarang sing dudu wadhag, ateges ora bisa diwaca ngono wae miturut ukuran kuantitatif. Umpamane ngukur ayune kenya utawa baguse pria. Mbokmenawa isih gampang yen sing dikarepake ayu utawa bagus iku tumuju marang rupa utawa paesan sing kasandhang. Lha yen ayu utawa bagus iku luwih katujokake ing solah bawane apa maneh marang atine, kepriye anggone ngukur? Urusane dadi saya njlimet rikala sing diadhepi iku prakara-prakara kapribaden, moral-etika (becik-ala, bener-kleru), lan agama utawa religiositas.

Iku kabeh luwih krasa bab kulatitas.


Mula ana proses sing diarani kuantifikasi lan kualifikasi supaya kabeh bisa kaukur supaya awake dhewe duwe dhasar sing gumathok anggone gawe peputusan lan tumindak ngenani bab-bab sing kaya mangkono.

Sejatine kuantitas lan kualitas iku ora bisa kapisahake sacara riil (distingsi real) awit sakarone iku mung carane pikiran anggone nyawang lan milah-milah (distingsi logis) supaya bisa dimangerteni kanthi luwih gampang. Awake dhewe (lan samubarang titah) iki sajatine titah sing “nduweni” kualitas-kuantitatif sisan kuantitas-kualitatif. Nanging awake dhewe iki sajake wis kebanjur kulina nganggo cara A (kuantitatif) utawa cara B (kualitatif), kamangka kudune nganggo cara AB (kuantitatif-kualitatif). Tembunge liya, awake dhewe kudu migunaake wawasan sing wholistic, komprehensif, wutuh.

Mula ana unen-unen wong Jawa, “Ngono ya ngono ning mbok ya aja ngono!”

Iku ora gampang, nanging bisa dilatih!

Para sutresna…
Wis meh rong minggu iki berita lan ulasan ing televisi lan koran mbahas kasus ontran-ontran ing Monas dina Minggu, 1 Juni 2008 kapungkur. Ana pirang-pirang pihak sing “berperkara”, antarane sing paling seru yakuwi FPI lan AKKBB. Underaning prekara mrembet mrana-mrana. SKB Tiga Menteri ngenani kasus kelompok Ahmadiyah dadi muarane. Dene tindak kekerasan lan panganiaya sing diparagaake dening oknum FPI kaya-kaya mung dadi tumpakan supaya prakara iku luwih cetha genahe. FPI duwe “pembenaran” dhewe mungguhing tindak kekerasan kasebut. Semono uga AKKBB (lan mligine Ahmadiyah) uga duwe dhasar kanggo tetep nerusake carane ngayati agamane.

Tumrap aku – aku pawongan ing sajabane kelompok-kelompok iku – sing dadi kaprihatinan utamaku yaiku: kepriye bisane awake dhewe iki nggayuh kautaman sing bisa tinampa dening kabeh wae, ora mawas kelompok suku, agama, ras lan aliran. Apamaneh dening sedulur sing isih “sak rombongan”!

Sepisan maneh, sajake iki ora gampang. Nanging aku yakin bisa kelakone. Dhasare mung siji: awake dhewe iki manungsa, titah multidimensional sing jarene paling pinunjul dhewe. Mula martabat kamanungsan wis samesthine dadi ukuran sing kudu digayuh matenge. Aku kangelan anggone “dhong”, “mudheng”, utawa “ngeh” yen ana pranatan sing nyingkur marang kautamaning manungsa, luwih-luwih yen iku pranatan agama. Pikiranku, atiku, munggahe imanku marang Gusti Mahaasih ora bakal nyandhak yen ana sing kaya mangkono iku. [skd]

Friday, May 30, 2008

Gumregah! "Bangkit itu..." - Dedy Mizwar




Bangkit Itu… "Susah"
Susah melihat orang lain susah
Senang melihat orang lain senang

Bangkit itu… "Takut"
Takut korupsi
Takut makan yang bukan haknya

Bangkit Itu… "Mencuri"
Mencuri perhatian dunia dengan prestasi

Bangkit itu… "Marah"
Marah bila martabat bangsa dilecehkan

Bangkit itu… "Malu"
Malu jadi benalu
Malu karena minta melulu

Bangkit itu… "Tidak Ada"
Tidak ada kata menyerah
Tidak ada kata putus asa

Bangkit itu… "Aku..."
untuk Indonesiaku

Tembung-tembunge prasaja, lugu nanging keprungu titis! Anggone ngonceki tembung "bangkit" ora mubeng-mubeng mbingungake pamirsa, langsung bisa dirasaake ing ati lan bisa ndhodhog sanubari. Iku sing dak rasaake saben-saben videoklip sing diparagaake dening Bung Dedy Mizwar iku katon ing tivi.

Wulan Mei wus meh entek. Nanging semangat pengetan 100 tahun Kebangkitan Nasional isih asring diandharake. Sanadyan situasi bangsa Indonesia ing wektu iki lagi carut marut - ing antarane demo nolak unggah-unggahan rega BBM ing ngendi-endi - nanging pancen wus wektune awake dhewe kudu luwih mawas dhiri lan kreatif. Semangat supaya gumregah pancen kudune tansah tuwuh ing ati. Ora mung yen kahanan lagi angel kaya ngene, nanging mesthine saben dina, saben esuk tangi turu bareng karo pletheking surya sing mratandhani urip anyar kang diparingake dening Gusti marang awake dhewe.

Pancen idealis. Ing wektu uripe angga priyangga lagi kangelan, isih kudu nggatekake urip bebarengan. Pungkasaning puisi ing dhuwur iku nuduhake mangkono. Aku iki urip ora mung mligi kanggo awakku dhewe, mburu seneng lan gampange dhewe. Ora kapiji-piji mung masyarakat jelata wae, nanging kabeh. Nresnani dhiri pribadi pancen penting, kepara dadi ukuran kanggo nresnani sapadha-padha. Nanging tibane uripe awake dhewe iki bebarengan karo wong liya, sabangsa Indonesia, munggahe sadonya. Ing wektu sing susah bebarengan, awak iki ditantang supaya obah. Yen wektu wingi-wingi gumantung banget karo samubarang saliyane aku, saiki kudu tumandang gawe, luwih kreatif, lan ora gampang ngundhamana-nggresula marang kahanan.

Aku kelingan marang ukarane Pak Andre Wongso bab sukses lan gagal. Wong sing sukses karo wong sing gagal sejatine padha-padha nduweni kaluwihan. Bedane, yen wong sukses isih duwe tandhon "cara", balik wong gagal isih duwe tandhon "alesan". Mula, awake dhewe bakale kasil ngadhepi kahanan susah iki apa ora, gumantung marang mentalitas sing urip ing jiwane awake dhewe.

Dirgahayu Indonesia! [skd]

Monday, May 26, 2008

Wallpaper pilihan

Lambang Kraton Jogja Tugu Jogja
Vishnu - Garuda Wishnu Kencana Garuda Wishnu Kencana

Yen digatekake, wis udakara rong minggunan iki ing side-bar katon ana gambar preview wallpaper pilihan. Gambar iku dak jupukake saka blog-ku sing anyar yaiku Wallpaper 4U. Sedyane aku pancen kepingin bagi-bagi gambar kreasiku dhewe kajaba bagi-bagi MP3 wayang. Sing kapacak iku gambar wallpaper sing kira-kira jumbuh karo semangate blog Born Javanese iki. Ya muga-muga wae para kadang sutresna dadi padha luwih rena penggalihe saben-saben rawuh ing blog iki.

Aku pancen milih wallpaper kanggo media kreasi ing donyaning photography lan graphic designing. Jalaran wallpaper iku paling gampang digawe. Gambar jepretan foto kamera digital saka handphone wae cukup. Wiwit saka sing gampang iki dak kembangake dadi sing kira-kira luwih mbejaji nganggo besutan aplikasi grafis. Aku pancen lagi nyinaoni Adobe Photoshop CS. Mula blog iku dak dadekake bengkel, sisan dene supaya hasile bisa diwarataake marang para sedulur. Mbokmenawa durung pati sip, lha wong isih ajaran!

Aku rumangsa menawa bakat lan hobby fotografi lan design-grafis-ku isih kudu diasah maneh. Kayane durung pe-dhe yen foto-foto hasil jepretanku dijejerake karo foto-foto karyane para sedulur liya sing luwih profesional. Apa maneh nganggo kamera silihan! Hehehe... Mula, kala-kala sing dakaturake dadi wallpaper iku hasil ngreka-reka saka gambar-gambar sing wis kasebar ing internet, dak edit banjur dak bagi ing Wallpaper 4U. Mesthi wae yen gambar iku karyane wong liya aku bakal ngaturi priksa seka ngendi asale. Aku mbudidaya supaya gambar sing dak reka-reka iku (yen awujud foto) hasil jepretanku dhewe.

Mangga... dipun rahabi. [skd]
Wallpaper liyane: Punakawan.

Thursday, May 08, 2008

Poster kanggo para sutresna Born Javanese

Pemulung


Para kadang sutresna, kanggo selingan download MP3 wayang kulit, iki dak aturi poster anggonku thak-thik dhewe. Gambar asline ukuran 2560*1920. Terus dak edit nganggo Adobe Photoshop CS lan dadine kaya sing kapacak ing dhuwur iku. Yen sinawang durung sip ya dimaklumi bae. Lha wong aku lagi latihan migunaake Photoshop, hehehe...

Critane mangkene: Dina Sabtu, 26 April 2008 kepungkur aku service motor ing kutha Bekasi. Prenahe ing Merdeka Motor Jl. Ir. H. Juanda 157, Bekasi. Sinambi nunggu motorku digarap, aku mlaku-mlaku metu dalan. Jl. Juanda iku sajake yen esuk dadi pasar sayuran. Mula memper yen akeh larahan sayur sing kabuwang turut dalan. Ambune ora karuan, yen wayah udan luwih njenesi. Begjaku, rikala mlaku-mlaku iku ana pemulung sing lagi ngalap barang sing dianggep isih pengaji saka tumpukan larahan sing durung diangkut dening petugas dinas kebersihan. Apa sing ditindakake dening sedulur pemulung iku ndumuk atiku. Begja aku nggawa kamera digital silihan. Jepret! Wektu iku aku durung mikir photone arep dak anggo apa.

Pirang-pirang dina bakda iku saben nyawang photo iku pikiranku kumleyang mrana-mrana ngupadi tema sing bisa kanggo irah-irahan. Maune tau dah wenehi judhul "Mendulang rejeki". Nanging sajake krasa durung pas. Aku kepengin fokus marang sedulur pemulung iku kanthi irah-irahan sing luwih jero surasane. Sawuse nglelimbang nganti lingsir wengi (hehehe...), sidane irah-irahan iku dak ganti dadi "Yang tersingkir, yang berarti". Jreeeeng....!

Sedulur pemulung lan uga larahan ing pinggir dalan iku bisa dadi pihak sing kasingkirake dening sapa bae. Sapa wonge sing kepingin dadi pemulung? Prasasat ora ana sing kepingin. Aku yakin, sedulur sing dak potret iku maune mesthi ya ora tau duwe cita-cita dadi pemulung. Mbuh dadi dokter, guru, tentara, utawa karyawan ing PT. Babar blas ora kepikiran dadi tukang open-open kaya ngono kuwi. Profesi pemulung, wis mesthi disingkirake saka cathetan marga nggambarake drajad sing kurang kajen. Dadi pemulung wis mesthi marga kepepet dening kahanan!

Dak lelimbang apa toh kautamane si pemulung iku? Salah sijine sing bisa nyanthel ing atiku, pemulung biasane setiti. Dheweke bisa nyipati lan ngajeni larahan, uwuh utawa sampah sing kabuwang minangka barang sing isih pengaji lan ngrejekeni! Apa sing wis kasingkirake dening wong liya isih dirumati, kepara didadekake rejeki kanggo nyambung uripe. "Sing kasingkirake, sing pengaji".

Akeh sing padha ora nggagas maneh marang larahan plastik, botol aqua, kertas, wesi lan barang-barang liyane sing wis kabuwang. Kamangka padha ngerti menawa barang-barang iku ora gampang ajur dadi lemah, temahan bisa dadi polusi tanah. Sedulur-sedulur pemulung ngopeni barang-barang mau supaya bisa diolah maneh. Sanadyan ora pati nggagas yen apa sing ditindakake iku uga becik tumraping alam lingkungan, nanging sedulur-sedulur iku pantes oleh kawigaten lan pakurmatan. Muga-muga sikap mangkono iku sing tuwuh ngrembaka ing ati tinimbang rasa cubriya lan sengit marang para sedulur pemulung iku.

Rikala ngupadi irah-irahan kanggo photo iku kaya-kaya aku sinau ngelmu kautaman sing pranyata dak sipati anane ing sedulur pemulung iku. Dheweke mbokmenawa ora ngerti, kepara ora nggagas, nanging aku mbundheli apa sing kapantulake lumantar dheweke. [skd]

Saturday, May 03, 2008

Seka Easy-Share pindhah nang 4Shared

Para kadang sutresna, sajake akeh sedulur sing padha kangelan ndownload liwat Easy-Share. Wis nunggu sawetara suwe, kepara nunggu nganti 500 dhetik (byuuuuu..hh!), ewasemono ora kasil-kasil. Sanadyan wus kalipur dening gambar-gambar eheeemmm sing mak bedunduk katon, tetep wae ora marahi longgar penggalihe, malah kepingin sing ora-ora! Hehehe... iku gambar sing masang dudu aku lho!

Mula saka iku, aku mindhah file-file MP3 wayange, dak upload ing 4Shared sing luwih gampang, cepet, tur ora aeng-aeng nganggo kenya-kenya sing marahi flu-burung! Tekan wektu iki (15 Mei 2008) kabeh lakon sing kasebut ing ngisor iki bisa didownload liwat 4Shared:

  • Anoman Takon Swarga
  • Antareja Mbalela
  • Baladewa Mandira
  • Kresna Duta
  • Kresna Duta (Ki Timbul Hadiprajitna)
  • Petruk Dhukun
  • Semar Mbangun Kahyangan
  • Suryatmaja Maling
  • Ujung Sengara
  • Wahyu Slaga Hima
  • Wisanggeni Gugat
Download MP3 Wayang Kulit

Join 4Shared Now!

Wednesday, April 23, 2008

Kresna Duta - MP3 Wayang Ki Timbul Hadiprajitna

Para kadang sutresna budaya, luwih-luwih para pandhemen wayang kulit, 10 lakon wayang dening dhalang Alm. Ki Hadi Sugito wis rampung dak aturake. Ana sawetara kadang mitra sing mundhut priksa MP3 wayang Ki Timbul Hadiprajitna. Lha saiki dak aturake ing kene. Aku mung duwe salakon, "Kresna Duta".

Yen lakon-lakon sing dhisik nggunaake layanan Easy-Share, kanggo lakon ini aku nggunaake layanan 4Shared, supaya bisa dipidhangetake preview-ne. Sumangga, muga bisa nambah koleksi MP3 wayange lan nambahi rasa katresnane marang kabudayan Jawa.


All tracks = 136 Mb, 16 tracks
Format = MP3
Bitrate = 40 Kbps
Duration = 8 hours

01 - Kresna Duta 1A.mp3
02 - Kresna Duta 1B.mp3
03 - Kresna Duta 2A.mp3
04 - Kresna Duta 2B.mp3
05 - Kresna Duta 3A.mp3
06 - Kresna Duta 3B.mp3
07 - Kresna Duta 4A.mp3
08 - Kresna Duta 4B.mp3
09 - Kresna Duta 5A.mp3
10 - Kresna Duta 5B.mp3
11 - Kresna Duta 6A.mp3
12 - Kresna Duta 6B.mp3
13 - Kresna Duta 7A.mp3
14 - Kresna Duta 7B.mp3
15 - Kresna Duta 8A.mp3
16 - Kresna Duta 8B.mp3


Yen ngersaake Kresna Duta - Ki Hadi Sugito, klik kene!

Powered by: Cowon JetAudio & 4Shared

Join 4Shared Now!

Monday, April 21, 2008

MP3 Gendhing-gendhing Tari Kreasi Baru

Sawuse dak aturake 10 lakon wayang kulit Ki Hadi Sugito, ana sawetara kadang sing mundhut priksa MP3 gendhing-gendhing tari. Ndilalahe aku duwe 7 file. Kanggo selingan, mula iki dak aturake MP3 gendhing-gendhing tari kreasi baru saka padhepokane Alm. Bagong Kusudiharjo. MP3-ne uga dak gawe dhewe kanthi ngonversi saka pita kaset nganggo program JetAudio. Muga-muga migunani tumraping para kadang.

Wektu iki aku ora migunaake Easy-Share, nanging nyoba nganggo layanane 4Shared. Sadurunge download, panjenengan bisa midhangetake dhisik gendhinge. Sawuse ngeklik "download" panjenengan bakal tumuju ing kaca anyar sing uga nyedhiaake player kanggo preview. Sumangga...

All tracks = 36.2 MB
Bitrate = 128 Kbps


No.JudulDownload
01

Tari Angsa

Download
02

Tari Bhayangkari

Download
03

Tari Karapan Sapi

Download
04

Tari Kelana Panji

Download
05

Tari Keris

Download
06

Tari Payung

Download
07

Tari Yapong

Download


Powered by: Cowon JetAudio and 4Shared

Thursday, April 17, 2008

Suryatmaja Maling - MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

All tracks = 133 MB
Bitrate = 40 Kbps
Duration = 8 hrs


01 - Suryatmaja Maling 1A.mp3
02 - Suryatmaja Maling 1B.mp3
03 - Suryatmaja Maling 2A.mp3
04 - Suryatmaja Maling 2B.mp3
05 - Suryatmaja Maling 3A.mp3
06 - Suryatmaja Maling 3B.mp3
07 - Suryatmaja Maling 4A.mp3
08 - Suryatmaja Maling 4B.mp3
09 - Suryatmaja Maling 5A.mp3
10 - Suryatmaja Maling 5B.mp3
11 - Suryatmaja Maling 6A.mp3
12 - Suryatmaja Maling 6B.mp3
13 - Suryatmaja Maling 7A.mp3
14 - Suryatmaja Maling 7B.mp3
15 - Suryatmaja Maling 8A.mp3
16 - Suryatmaja Maling 8B.mp3

Powered by: Cowon JetAudio
Join 4Shared Now!

Friday, April 11, 2008

Carane ngundhuh file seka Easy-Share

Gandheng ana sawetara kadang sing durung ngerti carane ngundhuh (download) MP3 wayang sing dak aturake ana ing blog-ku iki, mula saiki dak aturake carane:


Sawuse panjenengan ngeklik "download" ing saburine track MP3 wayang sing dikersaake, banjur muncul situs Easy Share ing kaca anyar. Panjenengan kudu geser mudhun nganti katon bagian sing kaya dak lampirake ing Gambar 1.


Ing kono tinulis "Seconds to wait ..." lan cacahing detik sing bakal itung mundur (Gambar 2). Suwening wektu gumantung saka antrean download. Yen pas begja biasane mung 20 detik, nanging bisa uga ngenteni nganti 500 detik! Mula sabar...




Yen detikane wis rampung bakal katon kode alfa-numeric sing kudu diketikake ana ing sajerone kotak isian (Gambar 3). Banjur tombol "Download this file" dipencet. Proses download bakal wiwit, lan mengko arep disimpen ing ngendi manut sakersa panjenengan. Rampung!

Sugeng ndownload!

Available to download: click here!

Links

Tuesday, April 08, 2008

Kresna Duta - MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

All tracks = 139 MB
Bitrate = 40 Kbps
Duration = 8 hrs


01-KRESNA DUTA 1A.mp3
02-KRESNA DUTA 1B.mp3
03-KRESNA DUTA 2A.mp3
04-KRESNA DUTA 2B.mp3
05-KRESNA DUTA 3A.mp3
06-KRESNA DUTA 3B.mp3
07-KRESNA DUTA 4A.mp3
08-KRESNA DUTA 4B.mp3
09-KRESNA DUTA 5A.mp3
10-KRESNA DUTA 5B.mp3
11-KRESNA DUTA 6A.mp3
12-KRESNA DUTA 6B.mp3
13-KRESNA DUTA 7A.mp3
14-KRESNA DUTA 7B.mp3
15-KRESNA DUTA 8A.mp3
16-KRESNA DUTA 8B.mp3

Yen ngersaake Kresna Duta -Ki Timbul Hadiprajitna, klik kene!

Powered by: Cowon JetAudio
Join 4Shared Now!

Wednesday, April 02, 2008

Nonton filem "Fitna" atine kudu wening!

Filem sing marahi geger!Pirang-pirang dina iki pawarta-pawarta ing televisi kerep nayangake anane filem sing marahi geger. Judhule "Fitna", garapane anggota parlemen Belanda Geert Wilders. Tanggal 27 Maret 2008 wingi filem kasebut di-upload ing internet ing situs Liveleak, salah sawijining situs video sharing kang mapan ing negara Inggris, kanthi versi bahasa Inggris lan Belanda. Nanging ing dina candhake banjur diilangake maneh merga mbebayani tumrap pengelolane, sanadyan ing 30 Maret banjur di-restore maneh sawuse dianake peningkatan pengamanan. Mangkono ujare Wikipedia.

Aksi protes marang filem iku lan ancaman mati kanggo Geert Wilders pating saruwe ing negara-negara mayoritas Muslim. Ora keri wong-wong Indonesia, klebu para alim-ulama lintas agama nolak filem sing ditengarani bisa nyulet derdah lan ngadu-adu antaraning umat beragama. Dina iki ing koran dikandhakake, sing sapa nyebarake filem "Fitna" iku bakal bisa kajiret ing ukuman.

Geert WildersKaya biasane, saya dilarang malah saya digoleki! Durung suwe kaangkat ing internet, filem iku langsung oleh pamirsa (viewer) sing akeh. Coba wae tumujua ing situs YouTube! Aku mau uga nyoba browsing mrana, penasaran kepingin weruh kaya apa filem iku.... URL sing ngemot videone ora bisa langsung dibukak, kudu login dhisik nganggo akun YouTube, awit wus akeh sing menehi tandha gendera (flag) marang URL-URL sing ana sesambungane karo filem Fitna. Komentar-komentar ing sangisore video isa ditebak, rame lan panas!

Jujur, aku mual rikala aku nonton filem Fitna iku ing YouTube! Anggonku mual merga emosiku campuradhuk, antarane kepancing (terprovokasi) dening fakta-fakta sing (kaimpun lan) dituduhake ing kono karo rumangsa sedhih merga nggetunake sumebare filem iku marang sapa wae sing bisa ngakses nanging ora bisa meper emosine nganggo ati sing wening. Ora maidu yen filem iku entuk reaksi keras. Sajake yen filem iku kanggo provokasi, sukses! Kelompok-kelompok sing gampang diadu mesthi wae ora bakal kelangan grubyuk!

Tuwuh pitakonan ing atiku: Gusti Allah sing "kayangapa" toh, sing saiki dak imani, dak sembah, dak pepuji, dak mulyakake lan dak wartaake? Panglimbangku: Rikala agama-agama malah padha regejegan rebut balung tanpa isi, kepara malah nganggo korban jiwaning pepadha, ora maidu yen akeh sing njur padha ora precaya marang agama apa wae! Wong-wong kaya ngono ora marem mung oleh katerangan menawa kabeh agama iku padha wae! Percaya karo Gusti Allah, nanging ora precaya marang agama!

Pandongaku: Dhuh Gusti, nyuwun pangapunten Dalem dhateng sakathahing lepat kawula, kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin.

Kapan atiku bisa bungah lan ayem, yen nyipati lelakon sing mahanani bubrahing kamanungsan? ***

Tuesday, April 01, 2008

Petruk Dhukun - MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

All tracks = 143 MB
Bitrate = 40 Kbps
Duration = 8 hrs


01 - Petruk Dukun 1A.mp3
02 - Petruk Dukun 1B.mp3
03 - Petruk Dukun 2A.mp3
04 - Petruk Dukun 2B.mp3
05 - Petruk Dukun 3A.mp3
06 - Petruk Dukun 3B.mp3
07 - Petruk Dukun 4A.mp3
08 - Petruk Dukun 4B.mp3
09 - Petruk Dukun 5A.mp3
10 - Petruk Dukun 5B.mp3
11 - Petruk Dukun 6A.mp3
12 - Petruk Dukun 6B.mp3
13 - Petruk Dukun 7A.mp3
14 - Petruk Dukun 7B.mp3
15 - Petruk Dukun 8A.mp3
16 - Petruk Dukun 8B.mp3

Powered by: Cowon JetAudio
Join 4Shared Now!

Saturday, March 29, 2008

Wahyu Slaga Hima - MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

All tracks = 135 MB
Bitrate = 40 Kbps
Duration = 8 hrs


01 - WAHYU SLAGA HIMA 1A.mp3
02 - WAHYU SLAGA HIMA 1B.mp3
03 - WAHYU SLAGA HIMA 2A.mp3
04 - WAHYU SLAGA HIMA 2B.mp3
05 - WAHYU SLAGA HIMA 3A.mp3
06 - WAHYU SLAGA HIMA 3B.mp3
07 - WAHYU SLAGA HIMA 4A.mp3
08 - WAHYU SLAGA HIMA 4B.mp3
09 - WAHYU SLAGA HIMA 5A.mp3
10 - WAHYU SLAGA HIMA 5B.mp3
11 - WAHYU SLAGA HIMA 6A.mp3
12 - WAHYU SLAGA HIMA 6B.mp3
13 - WAHYU SLAGA HIMA 7A.mp3
14 - WAHYU SLAGA HIMA 7B.mp3
15 - WAHYU SLAGA HIMA 8A.mp3
16 - WAHYU SLAGA HIMA 8B.mp3

Powered by: Cowon JetAudio
Join 4Shared Now!

Thursday, March 27, 2008

Bahasaning bocah iku bahasaning Roh!

Nami kula Deo...Jenenge Yohanes a Deo Gratia Saputra, putrane Mas Tanto lan Mbak Tanti. Tanggal 22 Maret 2008 wingi umure ganep 1 th. Merga ulang tahun sing sepisanan, Bapak-Ibune nganakake pesta cilik-cilikan ing omah kontrakane kanthi ngundang kanca-kanca kantor, klebu aku. Nanging pestane diajokake dina Jemuah, 14 Maret wingi marga pas dinane ul-tah akeh sing padha mudhik Paskahan. Sanadyan ora diundang kae yen aku mesthi teka, lha wong mung tangga sakdheretan omah petak! Dhasare maneh, si Deo iki cerak banget karo aku. Yen karo aku lulut banget, kepara ngluwihi tinimbang karo bapakne (nah, lho!). Hehehe... paling marga "perbawaku" kuwi kaya bocah cilik, ayakeeee...!

Aku pancen seneng karo bocah-bocah cilik. Wiwit jamane simbah biyen, saben dina omahku ing desa sasat ora tau sepi dening bocah-bocah sing padha dolanan. Mbokmenawa anggone diluluti bocah-bocah iku nurun seka simbah lan bapakku sing miturut pengalamanku pancen gemati marang cah-cah cilik. Wiwit aku isih cilik nganti tekan saiki wae bapakku isih sok ndongeng. Yen saiki sing didongengi putune sing sepisanan, ya prunanku, anake adhiku. Kejaba ndongeng, bapakku uga seneng nggawekake dolanan, arepa mung seka debog utawa papah tela pohung. Mesthi wae bocah cilik-cilik padha krasan sandhing karo bapak. Jarene bapak, yen omah dirubung bocah, iku mertandhani akeh berkahe...

Balik marang si Deo, saiki wis lekas njaluk dituntun mlaku nganggo tangan siji. Yen liwat ing ngarep lawang omahku mesthi anguk-anguk ngajak mlebu. Nang ngomahku pancen akeh dolanan, kayata: boneka cilik-cilik koleksine bojoku, pesawat-pesawatan; uga ana kewan pasren, kayata: kura-kurai, iwak aquarium lan hamster. Si Deo lagi bisa celathu "Mamah", "Papah" lan "maem". Saliyane nganggo basa isyarat kanggo kiss-by, dhadhah lan nyadhong. Keri-keri iki wis mudheng sawetara tembung, kayata: "sakit", "yek", "pak-pung", lsp. Kepingin nirokake, nanging durung pati cetha. Mula, yen pas duwe kekarepan isane mung ngathungake drijine, utawa ngeret-eret sing nuntun tumuju marang panggonan sing dikarepake.

Bubar mudhik Paskahan wingi, Deo lapuran karo aku yen jempol sikile sakit merga kesandhung nganti metu getihe. Mesthi wae anggone crita mung nudang-nudingi jempole sing ditensoplast karo mimike sajak ngrintih kae. Hihihi... lucu! Lucune, lan anehe, dheweke durung bisa omong nanging bisa crita karo aku, lan aku ya mudheng!


Ngudang anak.Kanggoku, bahasaning bocah iku bahasaning Roh! Yen digatekake, perkembanganing bocah wiwit durung bisa celathu becik nganti bisa omong nrucus iku marahi atiku ngungun. Aku wis tau gumun marang lelakon-lelakon iki:

  • Bocah-bocah cilik sing padha-padha durung bisa omong, nanging yen ketemu gapruk karo kancane isa pada gojegan dolanan bareng, malah nganggo nguyu barang!
  • Kadhangkala bapak-ibu ngudang anake sing isih bayi nganggo ukara-ukara sing ora ana tegese babar blas: "nangning...ningnangning..gung!", "tangkintung kintangkintung...!" "ciluuuu..ba!", lsp. Bayine isa ngguyu!
  • Uga yen wong tuwa lagi nglela-lela anake supaya turu, sok-sok sing kawetu saka ing lathi dudu lelagon sing ganep, nanging ura-ura sing tanpa tetembungan, mung "dak lela...lela lela ledhung..." utawa mung ninting titilaras sawijining tembang wae... bocahe ya uga banjur bisa turu!
  • Mbokmenawa isih akeh maneh liyane.

Tangis karo guyu kanggone bocah bayi sing durung bisa celathu pancen mujudake ekspresi-ekspresi dhasar saliyane bahasa isyarat non-verbal sing bisa dicandhak ana ing sesambungan karo pepadhane. Lugu, apa anane, murni tanpa lamis. Nanging kanthi ngono jejering bocah wis bisa ngatonake kapribadene, apese bisa sinau srawung marang jagad iki.

Hehehe... aku karo nyonyahku pancen lagi ngantu-antu diparingi momongan. Mulane akeh bab sing magepokan karo donyaning bayi lan balita lagi dadi kawigatenku sakloron. Katone pancen kudu bali maneh marang donyaning bocah, lan nyinaoni bahasa Roh sing dimudhengi dening bocah, supaya samangsane pinercaya dening Gusti momong putra bisa nggulawenthah kanthi becik lan teges.

Meneng-meneng aku uga lagi nglelimbang bab bahasaning bocah cilik sing dak anggep ora adoh saka bahasaning Roh, bahasaning Gusti piyambak... Lan sajake, bahasa kaya mangkono iku ya bahasa sing nyunarake "perbawa" adhem, tidhem, eyub, ayem lan tentrem, ora mung marang bocah cilik, nanging uga marang wong diwasa, kepara uga marang kabeh titah ing donya iki... ***


Advertising free mortgage calculator