Rabu, Januari 30, 2008

Ki Hadi Sugito miturut pengalamanku

Alm. Ki Hadi SugitoWektu iku dina Sabtu malem riyaya Paskah - kira-kira aku kelas I SD - bubaran seka greja aku langsung diajak mulih karo Bapak. Kamangka aku pingine langsung nonton wayang ing tangga desa ora adoh saka greja. Dhalange Ki Hadi Sugito, dhalang sing wis dak senengi sanadyan aku isih cilik. Lakone Semar Mbangun Khayangan. Jarene Bapak, apike aku turu dhisik, kira-kira pas Gara-gara mengko lagi budhal nonton. Aku manut bae. Tekan ngomah banjur mapan turu. Udan grimis, kepenak banget kanggo bablas turu.

Nglilir-nglilir jebul wis gagat rahina, aku kebablasen! Gregah tangi turu, ngogrek-ogrek Bapak karo rada dhongkol, meksa Bapak kudu ngeterake aku nonton wayang. Pangarep-arepku mbokmenawa isih komanan perang. Bapak ora kersa. Aku nangis gulung-gulung karo muring-muring. Sidane Bapak terus nyandhak sepeda onthel mboncengake aku mangkat menyang nggone sing nanggap wayang. Esuk iku isih grimis. Ning pokoke mangkat.
Seka kadohan pancen wayange isih ngungkung. Surake penonton lan gumyahing gamelan isih keprungu. Atiku silak kemecer kepingin enggal tekan. Bapak anggone ngonthel pit rada banter. Grimis lan lunyune dalan ora digubris. Nanging saking lunyune, aku sakloron malah kepleset, gubraaaak! Aku karo Bapak glangsaran nang pinggir dalan, gluput kena lemah teles. Ewa semono aku tetep nguyak kudu nerusake laku.

Esuk iku nasibku pancen lagi apes! Tekan nggone, mung kari komanan kalahe Bethara Guru mungsuh Ki Lurah Semar, sing banjur diterusake Tancep Kayon! Getunkuuuuu.... Mangkelkuuuuuu... tekan ubun-ubun! Menyang mulih karo mbrambangi. Tekan ngomah aku nesu, ngambeg sedina! ***

Ki Hadi Sugito in actionKasenenganku karo wayang kulit wus diwiwiti rikala aku isih cilik. Sak sedulur, wiwit seka simbah nganti tekan putu-putune sing lanang, kabeh padha seneng wayang. Simbah karo Bapak senengane Ki Timbul Hadiprayitna. Aku lan anak-anake mBokdhe senenange Ki Hadi Sugito. Sasat saben bengi radio ora tau kendhat mung disetel siaran wayang kulit. Dolanan wayang wiwit saka gambar umbul, gawe wayang seka papah jendal (tela pohung), nganti gawe wayang seka karton, kabeh dak duweni. Aku isih kelingan, wayang sepisanan sing dak gawe yaiku Bagong. Tokoh Punakawan iku pancen dak senengi, jalaran lucu! Apa maneh yen sing ndhalangake Ki Hadi Sugito! Jan, kaya urip temenan kae.

Dak akoni, sing marahi aku seneng karo wayang kulit ora liya kajaba Ki Hadi Sugito sing anggone nyanggit marakake gampang ditampa dening sapa bae. Ing atase aku cah cilik bae isa dadi kepranan. Suwarane gandem, antawacanane titis, antarane tokoh siji lan sijine katon urip. Ora nonton langsung wae, pamiarsa isa kagawa ing imaginasi donyaning pewayangan. Alur critane gampang ditutake tanpa kelangan enggok. Lan sing ora bakal dilalekae: dhagelane. Gaya dhagelane Pak Gito iku khas: mesthi ngangkat peristiwa urip padinan sing prasaja; wiwit seka sandal Lily, peci, kacamata, sarung, bakul kambil, tela munthul, ndhog bebek enthit-enthitan... sasat kabeh ora kliwatan dening kawigatene Pak Gito. Dhagelan sing kawetu ing bagian ngarep, isih nyambung ing adhegan buri. Pak Gito pancen dhalang sing dak anggep cerdas nanging prasaja.

Rikala tahun 1995 televisi Indosiar dadi pioner anggone nayangake wayang kulit ing televisi saben malem Minggu. Dhalang-dhalang siji mbaka siji tampil, klebu dhalang sing ora pati terkenal barang. Wektu iku ana jargon, wayang iku dadi tontonan lan uga tuntunan. Nanging, ranah hiburan sajake luwih dikatonake: jatah wektu kanggo Limbukan lan Gara-gara luwih akeh tinimbang liyane. Artis-artis padha dilibatake. Unggah-ungguhing pakeliran sok ora digatekake, ngalahi marang eksperimen supaya wayang disenengi dening kawula mudha lan kabeh kalangan, klebu saliyane wong Jawa. Alur crita dadi kasigeg lan kadhangkala sok "njeglek".

Ki Hadi Sugito ora kersa keli marang kahanan iku. Unggah-ungguhing pakeliran isih dicekeli kenceng. Filosopi wayang uga isih diugemi. Mula Pak Gito wektu iku anggone mayang ing televisi isa dietung jenthik.

Saiki, Pak Gito wis tutup yuswa. Dina Rebo, 9 Januari 2008 wingi piyambake wis dipundhut Gusti lantaran gerah. Para pandhemen lan kalangan pedhalangan mesthi bae rumangsa kelangan. Donyaning seni wus kelangan siji maneh pelaku budaya sing mumpuni. Muga-muga Gusti Kang Akarya Jagad nampa Pak Gito ing alaming kaswargan, lan paring berkah marang sapa bae sing dadi penerus nguri-nguri kabudayan Jawa sing adiluhung iki. ***

Links about Ki Hadi Sugito:

Senin, Januari 28, 2008

Makuthaning Urip

Makuthaning urip (mahkota kehidupan) ora dumunung ana ing bandha donya, kalungguhan, jabatan, lan samubarang sing didarbeni (dimiliki). Semono uga puncaking urip, ora dumunung rikala karir lagi menanjak, juara, lan urutan nomor kampiun! Kabeh mau mung asipat wadhag lan ora langgeng, sawayah-wayah bisa dadi malik grembyang. Awit samangsane manungsa isih urip ing alam donya iki, kabeh kemungkinan isih bisa kelakon. Isih bisa ana koreksi utawa perkembangan, isa mundhak sampurna, utawa kosok baline, mundhak rusak ora karuan. Ibarate tulisan isih bisa ditip-ex utawa diedit.

Nanging, rikala lonceng kematian wus muni, lembaraning urip kudu katumpuk, wektu iku apa sing wus kelakon bakal wiwit dibiji, dipetani lan didudut liding dongenge, diperes inti sarine! Garapan tulisan wus definitif. Sabanjure kari gumantung sing mbiji, arep diwenehi biji pira, pungkasane arep dilulusake apa ora. Ora ana her-heran barang!

Mangkono iku gegambaraning urip. Makuthaning urip, puncaking urip titah manungsa bakal katon ana ing prastawa kematian! Ing kono iku sing kapundhut Gusti wus ora bisa apa-apa maneh, kari nampa biji saka wong liya, munggahe saka Panjenengane Sing Yasa Urip iki.

The Smiling GeneralPak Harto, mantan presiden RI sing kaping loro, wus tutup yuswa wingi dina Minggu, 27 Januari 2008, tabuh 13.10 ing RS. Pusat Pertamina. Panjenengane nilarake lembaran sing saiki lagi padha dionceki dening bangsa lan rakyat Indonesia. Mbokmenawa uga dening bangsa sadonya. Panjenengane pancen dadi tokoh kontroversial. Akeh sing ngalembana, nanging uga akeh sing nguman-uman lan nyupatani. Kanthi sedane Pak Harto ana sing rumangsa sedhih kelangan, nanging uga ana sing "kepeksa" kanthi legawa nampa marga "mungsuhe" saiki wis ora ana! Atine durung rumangsa marem marga akeh kasus sing banjur katutup, closed, tanpa oleh-oleh!

Nanging sing menonjol saka ulasan-ulasan ana ing televisi lan surat kabar ing wektu iki, wong-wong padha ngonceki lan nyinaoni jasa-jasa kabecikane Pak Harto rikala isih sugeng lan ngabdi marang bangsa lan nagara Indonesia. Upacara pangruktining layon nganti tekan pinethak ana ing pasarean Astana Giri Bangun Karanganyar, lan akehing wong sing isih padha suyud marang Pak Harto, ngatonake kayangapa "mekuthaning urip" dipasangake marang swargi Pak Harto.

Aku dudu aktivis utawa pengamat politik. Rikala dadi mahasiswa ya melu ngregengake demo ing Pisowanan Ageng tgl. 20 Mei 1998 ing alun-alun Kraton Ngayogyakarta dadi relawan penanganan korban, lan melu surak-surak ing dina Kemis 21 Mei 1998 rikala Pak Harto lengser. Nanging, ing ati iki jujur aku melu rumangsa kelangan salah sawijining putra bangsa sing pinilih lan wis ngaturake darma bektine marang bangsa Indonesia. Kudu diakoni, Pak Harto pancen tokoh pinunjul. Dak kira aku ora perlu ngomong akeh-akeh bab iki. Saliyane, kareben dikubur bareng karo layone.

Aku mung kepingin ngambu ganda arum! Emoh ngambu ganda bosok! Aku seneng ngembangake gegambaran smiley sing wus disandhangake ana ing sebutan The Smiling General, tinimbang gegambaran sing marahi ati drengke lan srei.

Sugeng tindak Pak Harto!

Senin, Januari 21, 2008

Sugih tanpa bandha... menang tanpa ngasorake

Sugih tanpa bandha,
digdaya tanpa aji,
nglurug tanpa bala,
menang tanpa ngasorake


Paribasan iki tumuju marang manungsa kang sugih ing budhi. Pakarti kang becik luwih larang regane tinimbang bandha pira bae, luwih guna tinimbang kadigdayan apa bae. Wong kang sugih pakarti lan becik budhine uga bisa menang tanpa kudu ngasorake lan wani ngadhepi sapa bae amarga mbela bebener.
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "jv.wikipedia.org".

Dumadakan aku dielingake marang paribasan iku rikala nonton tayangan MetroTV pirang dina kapungkur ana ing program Today's Dialog. Wektu iku diulas bab-bab sing menarik saka Pak Harto, mantan presiden RI sing saiki lagi nandhang gerah. Uwal saka prakara-prakara hukum sing njlimet lan aku ora pati nggatekake, aku mbundheli kawicaksanan ing paribasan dhuwur iku, sing jarene dadi gegebengane Pak Harto. Ana maneh kawicaksanan liya sing ditulad saka K.H. Dewantara:
"Ing ngarsa sung tuladha,
ing madya mangun karsa,
tut wuri handayani".

Sejatine paribasan lan kawicaksanan kaya mangkono iku wis katon luhur isine. Mung kari ngecakake ana ing urip.

Ana ing jaman modern iki mbokmenawa kawicaksanan lan paribasan warisane para leluhur wis kasilep dening jargon-jargon utawa yel-yel sing luwih trendy lan inovative-creative. Luwih-luwih kanggone bocah-bocah ABG utawa kawula mudha sing sarwa kepengin beda, smart, funky lan cool, ora butuh ukara dawa-dawa mbladrah, nanging cekak lan aos.

Dadi mikir... kepriye carane nerjemahake ukara-ukara luhur kaya ing dhuwur iku marang cah nom saiki. ***

Sabtu, Januari 12, 2008

Gara-gara Reog Ponorogo



Gara-gara Reog Ponorogo diklaim wong Malaysia pirang sasi kepungkur, bangsa kita kasentak kesadharane bab "identitas bangsa". Sadurunge reog, tempe uga nate dadi perkara merga diklaim hak patene karo bangsa liya (Perancis?). Nanging wektu iku ora pati oleh tanggapan heboh kaya kasuse reog. Mbokmenawa marga insan media utamane televisi durung pati tanggap kaya saiki. Nanging uga mbokmenawa marga sing saiki iki nggepok senggol bangsa Malaysia sing notabene sepuluh tahun kepungkur iki sesambungane karo Indonesia lagi rada dhuwur "tensine".

Untung ana klaim seka wong Malaysia yen reog iku dadi kabudayane wong kana! Kanthi mangkono ana kaya dene "shock teraphy" kanggone awake dhewe. Mripate awake dhewe kaya-kaya dadi dijereng. Jebul sejatine yen awake dhewe bangsa Indonesia iki menginventarisasi warisan kabudayan leluhur, dadi katon sugih banget! Dadi katon akeh sing adiluhung ana ing bangsa Indonesia. Yen kabeh kapacak, bakale katon endah sinawang. Kepara yen digatekake luwih jero, kaendahane iku marahi ati ayem lan bisa nuwuhake semangat kesatuan sing kuwat ing antarane suku-suku. Coba wae digatekake, rikala panjenengan mriksani iklan Tolak Angin Sidomuncul sing lagi wae dirilis kanthi bintang mas Butet Kertarajasa lan Agnes Monika. Sing diangkat mung lagi saperangan. Kuwi wae wus marahi ati gumregah lan tuwuh kesadharan bab "identitas bangsa" sing jebule kabangun saka identitas suku-suku sing manekawarna!

Apa ta sing bisa dibanggaake saka bangsa kita? Bangsa Indonesia wis kadhung tau oleh stigma sarang teroris; teknologi mutakhir jelas kalah karo bangsa Jepang, Eropa, India utawa Amerika. Korupsi oleh rangking ndhuwur. Bencana sakenggon-enggon. Pengangguran akeh. TKI akeh. Tingkat kemiskinan ya isih dhuwur. Apa maneh sing isa dadi kebanggaane bangsa kita? Seni lan kabudayan tradisi leluhur! Iku salah sawijining jawaban. Nyilih idene mbak Jennie S. Bev, awake dhewe pancen kudu mbangun apa sing kasebut "brand image of Indonesia". Pulo Bali lan masyarakate wis kawentar ing sakindhenging bawana. Masyarakat suku-suku liya dak kira wus duwe, mung durung pati dikenal. Nanging, ing wayahe mengko aku precaya menawa image bangsa Indonesia sing apik bakal kabangun saka seni lan kabudayan leluhur sing adiluhung iku mau!
Merdeka!


Advertising free mortgage calculator