Kanthi mencet tautan persis ing ngandhap seratan punika, panjenengan sampun nyengkuyung blog punika. (``,)

online casino bluebook - www.onlinecasinobluebook.com/ voted top online casino review site 2010

Kamis, Maret 27, 2008

Bahasaning bocah iku bahasaning Roh!

Nami kula Deo...Jenenge Yohanes a Deo Gratia Saputra, putrane Mas Tanto lan Mbak Tanti. Tanggal 22 Maret 2008 wingi umure ganep 1 th. Merga ulang tahun sing sepisanan, Bapak-Ibune nganakake pesta cilik-cilikan ing omah kontrakane kanthi ngundang kanca-kanca kantor, klebu aku. Nanging pestane diajokake dina Jemuah, 14 Maret wingi marga pas dinane ul-tah akeh sing padha mudhik Paskahan. Sanadyan ora diundang kae yen aku mesthi teka, lha wong mung tangga sakdheretan omah petak! Dhasare maneh, si Deo iki cerak banget karo aku. Yen karo aku lulut banget, kepara ngluwihi tinimbang karo bapakne (nah, lho!). Hehehe... paling marga "perbawaku" kuwi kaya bocah cilik, ayakeeee...!

Aku pancen seneng karo bocah-bocah cilik. Wiwit jamane simbah biyen, saben dina omahku ing desa sasat ora tau sepi dening bocah-bocah sing padha dolanan. Mbokmenawa anggone diluluti bocah-bocah iku nurun seka simbah lan bapakku sing miturut pengalamanku pancen gemati marang cah-cah cilik. Wiwit aku isih cilik nganti tekan saiki wae bapakku isih sok ndongeng. Yen saiki sing didongengi putune sing sepisanan, ya prunanku, anake adhiku. Kejaba ndongeng, bapakku uga seneng nggawekake dolanan, arepa mung seka debog utawa papah tela pohung. Mesthi wae bocah cilik-cilik padha krasan sandhing karo bapak. Jarene bapak, yen omah dirubung bocah, iku mertandhani akeh berkahe...

Balik marang si Deo, saiki wis lekas njaluk dituntun mlaku nganggo tangan siji. Yen liwat ing ngarep lawang omahku mesthi anguk-anguk ngajak mlebu. Nang ngomahku pancen akeh dolanan, kayata: boneka cilik-cilik koleksine bojoku, pesawat-pesawatan; uga ana kewan pasren, kayata: kura-kurai, iwak aquarium lan hamster. Si Deo lagi bisa celathu "Mamah", "Papah" lan "maem". Saliyane nganggo basa isyarat kanggo kiss-by, dhadhah lan nyadhong. Keri-keri iki wis mudheng sawetara tembung, kayata: "sakit", "yek", "pak-pung", lsp. Kepingin nirokake, nanging durung pati cetha. Mula, yen pas duwe kekarepan isane mung ngathungake drijine, utawa ngeret-eret sing nuntun tumuju marang panggonan sing dikarepake.

Bubar mudhik Paskahan wingi, Deo lapuran karo aku yen jempol sikile sakit merga kesandhung nganti metu getihe. Mesthi wae anggone crita mung nudang-nudingi jempole sing ditensoplast karo mimike sajak ngrintih kae. Hihihi... lucu! Lucune, lan anehe, dheweke durung bisa omong nanging bisa crita karo aku, lan aku ya mudheng!


Ngudang anak.Kanggoku, bahasaning bocah iku bahasaning Roh! Yen digatekake, perkembanganing bocah wiwit durung bisa celathu becik nganti bisa omong nrucus iku marahi atiku ngungun. Aku wis tau gumun marang lelakon-lelakon iki:

  • Bocah-bocah cilik sing padha-padha durung bisa omong, nanging yen ketemu gapruk karo kancane isa pada gojegan dolanan bareng, malah nganggo nguyu barang!
  • Kadhangkala bapak-ibu ngudang anake sing isih bayi nganggo ukara-ukara sing ora ana tegese babar blas: "nangning...ningnangning..gung!", "tangkintung kintangkintung...!" "ciluuuu..ba!", lsp. Bayine isa ngguyu!
  • Uga yen wong tuwa lagi nglela-lela anake supaya turu, sok-sok sing kawetu saka ing lathi dudu lelagon sing ganep, nanging ura-ura sing tanpa tetembungan, mung "dak lela...lela lela ledhung..." utawa mung ninting titilaras sawijining tembang wae... bocahe ya uga banjur bisa turu!
  • Mbokmenawa isih akeh maneh liyane.

Tangis karo guyu kanggone bocah bayi sing durung bisa celathu pancen mujudake ekspresi-ekspresi dhasar saliyane bahasa isyarat non-verbal sing bisa dicandhak ana ing sesambungan karo pepadhane. Lugu, apa anane, murni tanpa lamis. Nanging kanthi ngono jejering bocah wis bisa ngatonake kapribadene, apese bisa sinau srawung marang jagad iki.

Hehehe... aku karo nyonyahku pancen lagi ngantu-antu diparingi momongan. Mulane akeh bab sing magepokan karo donyaning bayi lan balita lagi dadi kawigatenku sakloron. Katone pancen kudu bali maneh marang donyaning bocah, lan nyinaoni bahasa Roh sing dimudhengi dening bocah, supaya samangsane pinercaya dening Gusti momong putra bisa nggulawenthah kanthi becik lan teges.

Meneng-meneng aku uga lagi nglelimbang bab bahasaning bocah cilik sing dak anggep ora adoh saka bahasaning Roh, bahasaning Gusti piyambak... Lan sajake, bahasa kaya mangkono iku ya bahasa sing nyunarake "perbawa" adhem, tidhem, eyub, ayem lan tentrem, ora mung marang bocah cilik, nanging uga marang wong diwasa, kepara uga marang kabeh titah ing donya iki... ***

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar

Komentar paling anyar


Advertising free mortgage calculator