Friday, May 30, 2008

Gumregah! "Bangkit itu..." - Dedy Mizwar




Bangkit Itu… "Susah"
Susah melihat orang lain susah
Senang melihat orang lain senang

Bangkit itu… "Takut"
Takut korupsi
Takut makan yang bukan haknya

Bangkit Itu… "Mencuri"
Mencuri perhatian dunia dengan prestasi

Bangkit itu… "Marah"
Marah bila martabat bangsa dilecehkan

Bangkit itu… "Malu"
Malu jadi benalu
Malu karena minta melulu

Bangkit itu… "Tidak Ada"
Tidak ada kata menyerah
Tidak ada kata putus asa

Bangkit itu… "Aku..."
untuk Indonesiaku

Tembung-tembunge prasaja, lugu nanging keprungu titis! Anggone ngonceki tembung "bangkit" ora mubeng-mubeng mbingungake pamirsa, langsung bisa dirasaake ing ati lan bisa ndhodhog sanubari. Iku sing dak rasaake saben-saben videoklip sing diparagaake dening Bung Dedy Mizwar iku katon ing tivi.

Wulan Mei wus meh entek. Nanging semangat pengetan 100 tahun Kebangkitan Nasional isih asring diandharake. Sanadyan situasi bangsa Indonesia ing wektu iki lagi carut marut - ing antarane demo nolak unggah-unggahan rega BBM ing ngendi-endi - nanging pancen wus wektune awake dhewe kudu luwih mawas dhiri lan kreatif. Semangat supaya gumregah pancen kudune tansah tuwuh ing ati. Ora mung yen kahanan lagi angel kaya ngene, nanging mesthine saben dina, saben esuk tangi turu bareng karo pletheking surya sing mratandhani urip anyar kang diparingake dening Gusti marang awake dhewe.

Pancen idealis. Ing wektu uripe angga priyangga lagi kangelan, isih kudu nggatekake urip bebarengan. Pungkasaning puisi ing dhuwur iku nuduhake mangkono. Aku iki urip ora mung mligi kanggo awakku dhewe, mburu seneng lan gampange dhewe. Ora kapiji-piji mung masyarakat jelata wae, nanging kabeh. Nresnani dhiri pribadi pancen penting, kepara dadi ukuran kanggo nresnani sapadha-padha. Nanging tibane uripe awake dhewe iki bebarengan karo wong liya, sabangsa Indonesia, munggahe sadonya. Ing wektu sing susah bebarengan, awak iki ditantang supaya obah. Yen wektu wingi-wingi gumantung banget karo samubarang saliyane aku, saiki kudu tumandang gawe, luwih kreatif, lan ora gampang ngundhamana-nggresula marang kahanan.

Aku kelingan marang ukarane Pak Andre Wongso bab sukses lan gagal. Wong sing sukses karo wong sing gagal sejatine padha-padha nduweni kaluwihan. Bedane, yen wong sukses isih duwe tandhon "cara", balik wong gagal isih duwe tandhon "alesan". Mula, awake dhewe bakale kasil ngadhepi kahanan susah iki apa ora, gumantung marang mentalitas sing urip ing jiwane awake dhewe.

Dirgahayu Indonesia! [skd]

Monday, May 26, 2008

Wallpaper pilihan

Lambang Kraton Jogja Tugu Jogja
Vishnu - Garuda Wishnu Kencana Garuda Wishnu Kencana

Yen digatekake, wis udakara rong minggunan iki ing side-bar katon ana gambar preview wallpaper pilihan. Gambar iku dak jupukake saka blog-ku sing anyar yaiku Wallpaper 4U. Sedyane aku pancen kepingin bagi-bagi gambar kreasiku dhewe kajaba bagi-bagi MP3 wayang. Sing kapacak iku gambar wallpaper sing kira-kira jumbuh karo semangate blog Born Javanese iki. Ya muga-muga wae para kadang sutresna dadi padha luwih rena penggalihe saben-saben rawuh ing blog iki.

Aku pancen milih wallpaper kanggo media kreasi ing donyaning photography lan graphic designing. Jalaran wallpaper iku paling gampang digawe. Gambar jepretan foto kamera digital saka handphone wae cukup. Wiwit saka sing gampang iki dak kembangake dadi sing kira-kira luwih mbejaji nganggo besutan aplikasi grafis. Aku pancen lagi nyinaoni Adobe Photoshop CS. Mula blog iku dak dadekake bengkel, sisan dene supaya hasile bisa diwarataake marang para sedulur. Mbokmenawa durung pati sip, lha wong isih ajaran!

Aku rumangsa menawa bakat lan hobby fotografi lan design-grafis-ku isih kudu diasah maneh. Kayane durung pe-dhe yen foto-foto hasil jepretanku dijejerake karo foto-foto karyane para sedulur liya sing luwih profesional. Apa maneh nganggo kamera silihan! Hehehe... Mula, kala-kala sing dakaturake dadi wallpaper iku hasil ngreka-reka saka gambar-gambar sing wis kasebar ing internet, dak edit banjur dak bagi ing Wallpaper 4U. Mesthi wae yen gambar iku karyane wong liya aku bakal ngaturi priksa seka ngendi asale. Aku mbudidaya supaya gambar sing dak reka-reka iku (yen awujud foto) hasil jepretanku dhewe.

Mangga... dipun rahabi. [skd]
Wallpaper liyane: Punakawan.

Thursday, May 08, 2008

Poster kanggo para sutresna Born Javanese

Pemulung


Para kadang sutresna, kanggo selingan download MP3 wayang kulit, iki dak aturi poster anggonku thak-thik dhewe. Gambar asline ukuran 2560*1920. Terus dak edit nganggo Adobe Photoshop CS lan dadine kaya sing kapacak ing dhuwur iku. Yen sinawang durung sip ya dimaklumi bae. Lha wong aku lagi latihan migunaake Photoshop, hehehe...

Critane mangkene: Dina Sabtu, 26 April 2008 kepungkur aku service motor ing kutha Bekasi. Prenahe ing Merdeka Motor Jl. Ir. H. Juanda 157, Bekasi. Sinambi nunggu motorku digarap, aku mlaku-mlaku metu dalan. Jl. Juanda iku sajake yen esuk dadi pasar sayuran. Mula memper yen akeh larahan sayur sing kabuwang turut dalan. Ambune ora karuan, yen wayah udan luwih njenesi. Begjaku, rikala mlaku-mlaku iku ana pemulung sing lagi ngalap barang sing dianggep isih pengaji saka tumpukan larahan sing durung diangkut dening petugas dinas kebersihan. Apa sing ditindakake dening sedulur pemulung iku ndumuk atiku. Begja aku nggawa kamera digital silihan. Jepret! Wektu iku aku durung mikir photone arep dak anggo apa.

Pirang-pirang dina bakda iku saben nyawang photo iku pikiranku kumleyang mrana-mrana ngupadi tema sing bisa kanggo irah-irahan. Maune tau dah wenehi judhul "Mendulang rejeki". Nanging sajake krasa durung pas. Aku kepengin fokus marang sedulur pemulung iku kanthi irah-irahan sing luwih jero surasane. Sawuse nglelimbang nganti lingsir wengi (hehehe...), sidane irah-irahan iku dak ganti dadi "Yang tersingkir, yang berarti". Jreeeeng....!

Sedulur pemulung lan uga larahan ing pinggir dalan iku bisa dadi pihak sing kasingkirake dening sapa bae. Sapa wonge sing kepingin dadi pemulung? Prasasat ora ana sing kepingin. Aku yakin, sedulur sing dak potret iku maune mesthi ya ora tau duwe cita-cita dadi pemulung. Mbuh dadi dokter, guru, tentara, utawa karyawan ing PT. Babar blas ora kepikiran dadi tukang open-open kaya ngono kuwi. Profesi pemulung, wis mesthi disingkirake saka cathetan marga nggambarake drajad sing kurang kajen. Dadi pemulung wis mesthi marga kepepet dening kahanan!

Dak lelimbang apa toh kautamane si pemulung iku? Salah sijine sing bisa nyanthel ing atiku, pemulung biasane setiti. Dheweke bisa nyipati lan ngajeni larahan, uwuh utawa sampah sing kabuwang minangka barang sing isih pengaji lan ngrejekeni! Apa sing wis kasingkirake dening wong liya isih dirumati, kepara didadekake rejeki kanggo nyambung uripe. "Sing kasingkirake, sing pengaji".

Akeh sing padha ora nggagas maneh marang larahan plastik, botol aqua, kertas, wesi lan barang-barang liyane sing wis kabuwang. Kamangka padha ngerti menawa barang-barang iku ora gampang ajur dadi lemah, temahan bisa dadi polusi tanah. Sedulur-sedulur pemulung ngopeni barang-barang mau supaya bisa diolah maneh. Sanadyan ora pati nggagas yen apa sing ditindakake iku uga becik tumraping alam lingkungan, nanging sedulur-sedulur iku pantes oleh kawigaten lan pakurmatan. Muga-muga sikap mangkono iku sing tuwuh ngrembaka ing ati tinimbang rasa cubriya lan sengit marang para sedulur pemulung iku.

Rikala ngupadi irah-irahan kanggo photo iku kaya-kaya aku sinau ngelmu kautaman sing pranyata dak sipati anane ing sedulur pemulung iku. Dheweke mbokmenawa ora ngerti, kepara ora nggagas, nanging aku mbundheli apa sing kapantulake lumantar dheweke. [skd]

Saturday, May 03, 2008

Seka Easy-Share pindhah nang 4Shared

Para kadang sutresna, sajake akeh sedulur sing padha kangelan ndownload liwat Easy-Share. Wis nunggu sawetara suwe, kepara nunggu nganti 500 dhetik (byuuuuu..hh!), ewasemono ora kasil-kasil. Sanadyan wus kalipur dening gambar-gambar eheeemmm sing mak bedunduk katon, tetep wae ora marahi longgar penggalihe, malah kepingin sing ora-ora! Hehehe... iku gambar sing masang dudu aku lho!

Mula saka iku, aku mindhah file-file MP3 wayange, dak upload ing 4Shared sing luwih gampang, cepet, tur ora aeng-aeng nganggo kenya-kenya sing marahi flu-burung! Tekan wektu iki (15 Mei 2008) kabeh lakon sing kasebut ing ngisor iki bisa didownload liwat 4Shared:

  • Anoman Takon Swarga
  • Antareja Mbalela
  • Baladewa Mandira
  • Kresna Duta
  • Kresna Duta (Ki Timbul Hadiprajitna)
  • Petruk Dhukun
  • Semar Mbangun Kahyangan
  • Suryatmaja Maling
  • Ujung Sengara
  • Wahyu Slaga Hima
  • Wisanggeni Gugat
Download MP3 Wayang Kulit

Join 4Shared Now!


Advertising free mortgage calculator