Tuesday, June 24, 2008

"E Jamu" - Jampi kangen tahun 70-an

e jamu jamune
badan sehat awak kuwat yen diombe

mbakyu mbakyu sampyan niki kula tumbasi
mangga mangga sing pahit napa sing legi
legi wae tambah eseme bakule

ja sembrana mas dadi gawe
bisa beda mas wekasane - interlude

e jamu jamune
cabe puyang awak mriang bisa ilang

mbakyu mbakyu tambah malih cabene puyang
mangga mangga janji ora ndadak nganyang
nganyang wae wong kene nyandhing bakule

aja ngono mas ra prayoga
ora jodho mas dadi lara - interlude

e jamu jamune
jamu kates awak etes sa'lawase

mbakyu mbakyu tambah malih jamune kates
jamu kates wong urip wajib sing bares
bares wae wong ngesir karo bakule

aja ngono mas rak ndrawasi
yen mangkono mas didukani - interlude

e jamu jamune
beras kencur awak kojur dadi mujur

mbakyu mbakyu tambah malih berase kencur
mangga-mangga manise kaya woh anggur
yen kanggoku sing manis dhewe sliramu

apa tenan mas ngendikamu
yen guyonan mas aja seru-seru


Saben mirengake langgam "E jamu" dening Ibu H. Waljinah iki aku mesthi kelingan tahun 70-an. Ing wektu iku televisi sing ana mung TVRI. Seminggu sepisan ana giaran kethoprak Mataram lumantar TVRI Ngayogyakarta. Sadurunge kethoprak wiwit ana pariwara produk jamu beras kencur cap "Orang Tua" kanthi videoklip tembang langgam kasebut. Wektu iku Ibu H. Waljinah isih katon mudha, kewes, ayu lan merakati, maragaake bakul jamu ing pinggir sawah. Banjur ana pawongan tani sing mundhut jamu kanggo tamba sayah sabubare nyambut gawe garap tani. Sinambi nunggu diracikake, pawongan iku kipas-kipas nganggo capinge lan nggodhani si bakul jamu. Romantis banget, romantis tahun 70-an!

Wah jan, aku dadi kangen ngomah! Omahku ing padesan kepener cedhak sawah. Ing tahun 70-an aku isih sekolah TK lan SD. Isih krasa sumilire angin ing sawah pinggir desa. Manuk deruk padha manggung ing wit-witan. Suwara montor mabur keprungu lagi latihan ing awang-awang. Nyawang sawah ing ereng-erenging bukit Menoreh gumelar tekan ing pinggir desaku karo jagongan ngrungokake bapak, pakdhe lan simbah padha ngrembug anggone olah tetanen, ndadekake ati tentrem. Kala-kala ana sedulur sing liwat menyang sawahe utawa mulih seka ngarit. Aruh-aruh rukun ngatonake banget rumaketing paseduluran ing antarane wong padesan. Kahanan dadi luwih gumyah rikala tekan titi wancine panen. Wis, pokoke langgam "E jamu" iku kaya-kaya muter maneh gegambaran desa lan sesawahan!

Para sutresna, gandheng ana kadang sing ngersaake tembang Jawa Ibu H. Waljinah lan kapeneran aku duwe link-e, mula iki dak aturake sawetara. Tembang langgam "E Jamu" iku ana ing antarane koleksi iku. Muga-muga bisa kanggo tamba kangen lan sayah! [skd]

01. Yen Ing Tawang.mp3
02. Jenang Gulo.mp3
03. Caping Gunung.mp3
04. Walang Kekek.mp3
05. Ojo Lamis.mp3
06. Ali-ali.mp3
07. Lelo Ledung.mp3
08. Gambang Suling.mp3
09. Ngalamuning Ati.mp3
10. Lorobronto.mp3
11. Pamitan.mp3
12. E Jamune.mp3
13. Luntur.mp3
14. Andheng-andheng.mp3
15. Resepsi.mp3

4 comments:

Anonymous said...

kulo kenal suara Pak hadi wektu masih kecil, pas niku bapak nyetel radio tiap malem minggu... 20an taon kepungkor.... suwe ra krungu kabare pak Hadi... njajal njajal google... jare pak hadi mpopn Sedo..... Roso kelangan arepo ra tau kepetuk.... mas Kandar kulo nunot ndonlod njeh... men ilang kangene suarane pak Hadi.... riyen teng Londo mboten enten suarane Pak Hadi... sak niki kulo teng Jakarta ketemu Blog ke njenengan.... was.... hebat.... goed gedaan jongen... ga je goed.

Unknown said...

mas kandar,
tembange bu hj. waljinah pun dalem sedot sedoyo hehehehe...
tur nuwuuuuunnn...

njenengan saestu nandang bebrayan to mas?
(hehehehe rumangsane guyon po?)
wahh... selamay yo mas, nderek atur nambahi donga mugo2 tansah pinaringan berkah dening Gusti Pengeran lan terus rukun kanti kaken-ninen, amien3x

apsari said...

matur nuwun pak, tombo kangen.....

sukoyo said...

josssssssss tenan rek, sepurane lek ora iso boso kromo inggil. lagi blajar maneh. Salam Satu Jiwa

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator