Tuesday, July 29, 2008

Kembang Sri Gading

Kembang Sri Gading
Kembang Sri Gading, originally uploaded by BornJavanese.

Wayah surup bubar maghrib simbahku putri mesthi metu ngomah ngasta besek adedian senthir tumuju ing pekarangan ngarep. Prenahe ing ngisor wit kembang Srigadhing kang tuwuh ngrembaka wiwit jaman mbuh aku ora menangi. Ora let suwe Mbah Putri banjur ngoyog-oyong pange sing isa diranggeh. Kembang putih cilik-cilik padha gogrog kaya tlethik sepisanan. Kira-kira wis akeh, kembang-kembang iku dijumputi mbaka nyiji, dilebokake ing besek. Wektu iku aku isih cilik, udakara umur tengah-tengahe sekolah SD. Yen Simbah Putri budhal metu, aku mesthi melu ngrewangi. Seneng anggone ngoyog-oyog karo ngambu gandaning sekar Sri Gadhing sing ngambar arum iku. Kembang iku bakale dadi dhasarane Simbah sing saben dinane bakul kembang ing pasar: kembang boreh, kembang macan kerah, kembang wiwit, kembang telon, lan sapiturute.

Yen wayah awan sakondure saka pasar, kala-kala Mbah Putri momong putune, adhiku wadon nomer loro sing wektu iku isih digendhong. Sinambi rengeng-rengeng, Simbah sok ngronce gogrogan kembang Gadhing kang isih sumebar ing ngisor wite, disandhati dadi kalung, banjur dikalungake adhiku. Bungah atine lan dadi ayem meneng ora rewel.

Saking wus dadi padatane, rikala Simbah Putri gerah sepuh wis tau nglindur tomtomen. Jarene saka rumangsane Simbah njumputi kembang-kembang Sri Gading iku, dipilihi sing apik. Nanging tan kocapa, kadadeyan sabenere dudu kembang sing dijumputi nanging bantal sing diagem sare dithithil-thithil nganti dhedhel gombale lan bubar kapuk randhu isen-isene! Oalah Mbah Putriiii....!

Simbah Putri saiki wus swargi, dipundhut Gusti rikala aku kelas 5 SD. Wit kembang Sri Gadhing ing ngarep omah wus suwe katebas ora ana tilase....

Minggu, 27 Juli 2008 wingi, ndilalah aku weruh ana wit kembang Sri Gadhing ing pekarangane tanggaku sing lagi mangsane metu. Eba bungah atiku, sumedhot nganti tekan bun-bunan merga kelingan Simbah Putri swargi! Mula aku banjur njepret sak apik-apike. Dadine kaya sing dak aturake ing ndhuwur iku.

Kembang Sri Gadhing wus dadi pepelingku marang swargi Simbah Putri. Muga-muga sukmane wus tentren lan nyawiji ndherek mulya ing Gusti Pangeran ana ing swargaloka, dadi talanging berkah marang para putra wayah sing isih lelumban ing alam donya iki. Amin. [skd]

Waosan bab kembang iki: Sri Gadhing

Tuesday, July 22, 2008

Katresnaning kulawarga


Father and daughters, originally uploaded by BornJavanese.

"The love of a family is the best life's blessings."
Katresnaning kulawarga iku nugrahaning urip sing tuhu agung.

Friday, July 18, 2008

Busana Jawa kakung sapengadeg

Surjan, blangkon lan keris sapengadeg wis dadi busana tradisional mungguhing priyayi kakung Jawa. Biasane kaagem ana ing acara tradisi, acara resmi sing ngusung kabudayan Jawa, para abdi dalem kraton, utawa ing pahargyan temanten kaya sing kapacak ing foto kiwa iki. Yen ing kalodhangan biasa umume para kakung mung ngagem surjan lan blangkon (sing sok diganti iket utawa udheng) wae tanpa keris. Mbokmenawa marga keris iku simbol agresi sing kudu satiti anggone migunaake. Jenenge wae "curiga", peranganing sikap negatif sing kudu di singkur. Mula anggone ngagem disengkelitake ana ing pungkuran, disengker ing buri. Yen ana sing ngagem ing ngarep, iku mratandhani siap siaga perang utawa nantang biyada. [skd]

Monday, July 14, 2008

"Wis tau" nang PRJ!


Siteran, originally uploaded by BornJavanese.

Sabtu malem Minggu wingi, 12 Juli 2008, aku lan nyonyahku dolan nang PRJ (Pekan Raya Jakarta). Merga dina Sabtu, tiket mlebune @ Rp 20.000,-. Ewa semono byuuuuh... ramene! Aku Mbayangake, umpama sing dolan mrana ing dina iku wong 100.000, ateges income seka tiket masuk ana 2 milyar rupiah! Durung ditambah seka tiket parkir lan liya-liyane. Racake sing padha dolan mrana minimal wong loro, akeh uga sing sakulawarga. Ing sajerone area PRJ umume padha nenteng barang blanjan, arepa mung isi snack jajanan bocah sing dikemas apik. Cekake, wong-wong padha cucul dhuwit. Aku karo nyonyahku dhewe luwih yen mung cucul 100 ewu rupiah! Bisa dibayangake gedhene perputaran dhuwit ing PRJ sadina bae!

Ing jero PRJ warna-warna sing bisa disawang. Aku nganti bingung arep nonton apa. Mripatku kesel nyawang wong semono akehe. Sikil iki mung njangkah salaku-lakune, mlebu stand kana stand kene. Saka rumangsaku sing paling akeh iku stand otomotif.

Meh saben stand ing arena iku ana grup band sing lagi beraksi. Suwarane dadi ra karuan mbrebegi. Ewa semono ing antarane swara-swara pating gedhumbreng lan ombyokan wong padha pating sliwer, isih ana swara sing bisa narik kawigatenku. Swara iku dak parani, jebul musik live saka priyayi telu sing lagi padha "Siteran". Mapane ana ing stand pameran produk saka provinsi DIY.

Hmmm... untung aku nggawa kamera, dadi isa dak jepret. Lumayaaan... Katone sing marahi aku kalipur bengi iku ya mung Siteran iku! Liyane... ya mung nyawang wong padha nyawang! Hehehe... Lha ora duwe dhuwit akeh dinggo blanja! Tur maneh ya ora duwe rencana tuku-tuku. Aku karo nyonyahku mung dhapur kepingin ngerti swasanane PRJ thok, wong durung tau!

Krasa ngelih, aku wong loro leren tuku "kerak telor" makanan khas Betawi. Regane saceplokan 15.000 rupiah! Yen diitung-itung seka bahane, biayane mung saprotelone. Ning ya ben.... sing penting wis tau ngrasaake kerak telor ing PRJ.

Yen dipikir-pikir... bab sing larang ing donya iki mung rong tembung: "wis tau"! Bengi iku aku cucul dhuwit 105.500 rupiah, dadi rong tembung iku wis tau rega semono! Hehehe... [skd]

Friday, July 11, 2008

Asia-Pacific NewsFeed

Iki dak aturake News Feed ing tlatah Asia-Pacific miturut Voxant NewsRoom. Hehehe... mung nyoba ngaturake segahan sing rada ng-global kok...

Friday, July 04, 2008

Mangga... kaaturan mriksani photo iki

Surjan lan blangkon JogjaPancen lagi keranjingan fotografi tenan kok aku iki! Mula ya blog-blog-ku akeh sing padha kapiran. Ning ya ben... jenenge we lagi sinau lan ngudi kawruh uga kaprigelan ing babagan seni jeprat-jepret iku.

Para kadang, iki salah sijining foto sing dak upload ing EyeFetch.com. Priyayi sing kafoto iki sejatine lagi maragaake "Cucuk Lampah" rikala putrine boss-ku dadi manten tanggal 21 Juni 2008 kepungkur. Katon gagah lan merbawani kaya ing kethoprak! Hahaha... Yen longgar lan kepingin mriksani foto-foto liyane, mangga kaaturan rawuh ing EyeFetch.com. Sokur-sokur maringi komentar. Komentar ing kene uga kasumanggaake.

Wonten ingkang ngersaaken kula jepret? Hehehe... [skd]

Wednesday, July 02, 2008

Dhandhanggula Kanca Tani

Ilir-ilir tandure sumilir
kanca tani kang padha makarya
sinawang lejar ing galih
parine lemu-lemu
katon subur nyenengke ati
kalis ing sambekala
iku panyuwunku
wit sihing Gusti kawula
kanca tani yekti saka guru nagri
uga bentenging bangsa


E e eba senenge
kanca tani yen nyawang tandurane
nyambut gawe awak sayah seneng atine
parine lemu-lemu
palawija lan uga sak wernane
katon subur kabeh tuwuh tansah loh tinandur

Panyuwunku tinebihna saking sambekala
Sihing Gusti mugi-mugi lestari widada

Sayuk rukun rame-rame
gotong-royong kang dadi semboyane
kanca tani yekti saka guru tumrap negarane


Bawa Dhandhanggula pancen asring kanggo buka sawernaning tembang Jawa. Surasane pada sing rinakit bisa awujud dedonga, pamuji, panyuwun utawa panuwun, pangalembana, ngudhar kahanan, lsp. Yen dibawaake kanthi ngujiwat, mesthi marahi ati kasengsem, kena prabawa endahing sekar sing karipta. Paling ora mangkono sing isa dak rasaake saka sekar Dhandhanggula Kanca Tani ing dhuwur iku.

Aku mirengake tembang Dhandhanggula Kanca Tani iku sepisanan lumantar saka swarane Mbak Evie Tamala. Kang Manthous wektu iku yasa album pop Jawa mligi kanggo Mbak Evie kanthi tembang unggulan "Kangen". Ora let suwe banjur Kang Manthous yasa album campursari . Tembang-tembang ing album iku uga dibesut nganggo versi campursari. Kelompok CSGK Majulancar yen ora kleru miwiti dhemam campursari ing Nuswantara iki, lan musik campursari banjur dadi trend.

Ing antarane tembang-tembang campursari, Dhandhangula Kanca Tani klebu dadi favoritku. Nyamleng banget yen dipirengake udakara jam 11-an pas mangsane para kanca tani kondur leren saka sawah. Siram, dhahar siang banjur leyeh-leyeh utawa udud-udud, sinambi nyetel campursari!

Bola-bali merga aku asli desa anake wong tani. Mula bisa ngrasaake milieu utawa donyaning tetanen. Wong tani iku cedhak karo alam, lemah, banyu lan tetanduran. Uripe akrab karo mangsa sing magepokan karo olah tetanen. Ora maidu yen sedulur-sedulur tani iku bisa duwe sesambungan raket karo Sing Gawe Urip, ya Gusti piyambak sing nguwasani alam sawegung iki. Sorwa-sarwi sakubet-liwering olah tetanen mesthi kinanthen puji lan panyuwunan marang Pangeran. Mula akeh upacara-upacara diadani minangka talining sesambungan antarane titah lan Gustine. [skd]

01. Gethuk.mp3
02. Iki Weke Sopo.mp3
03. Jangkrik Genggong.mp3
04. Kangen.mp3
05. Dandang Gula Konco Tani.mp3
06. Kacu Biru.mp3
07. Mawar Biru.mp3
08. Gemes.mp3
09. Ande-ande Lumut.mp3
10. Ngimpi.mp3
11. Kono Godo.mp3
12. Beboyo Margo.mp3
13. Kecik-kecik.mp3
14. Sue Ora Jamu.mp3
15. Lgm. Brambang Bawang.mp3


Advertising free mortgage calculator