Tuesday, July 29, 2008

Kembang Sri Gading

Kembang Sri Gading
Kembang Sri Gading, originally uploaded by BornJavanese.

Wayah surup bubar maghrib simbahku putri mesthi metu ngomah ngasta besek adedian senthir tumuju ing pekarangan ngarep. Prenahe ing ngisor wit kembang Srigadhing kang tuwuh ngrembaka wiwit jaman mbuh aku ora menangi. Ora let suwe Mbah Putri banjur ngoyog-oyong pange sing isa diranggeh. Kembang putih cilik-cilik padha gogrog kaya tlethik sepisanan. Kira-kira wis akeh, kembang-kembang iku dijumputi mbaka nyiji, dilebokake ing besek. Wektu iku aku isih cilik, udakara umur tengah-tengahe sekolah SD. Yen Simbah Putri budhal metu, aku mesthi melu ngrewangi. Seneng anggone ngoyog-oyog karo ngambu gandaning sekar Sri Gadhing sing ngambar arum iku. Kembang iku bakale dadi dhasarane Simbah sing saben dinane bakul kembang ing pasar: kembang boreh, kembang macan kerah, kembang wiwit, kembang telon, lan sapiturute.

Yen wayah awan sakondure saka pasar, kala-kala Mbah Putri momong putune, adhiku wadon nomer loro sing wektu iku isih digendhong. Sinambi rengeng-rengeng, Simbah sok ngronce gogrogan kembang Gadhing kang isih sumebar ing ngisor wite, disandhati dadi kalung, banjur dikalungake adhiku. Bungah atine lan dadi ayem meneng ora rewel.

Saking wus dadi padatane, rikala Simbah Putri gerah sepuh wis tau nglindur tomtomen. Jarene saka rumangsane Simbah njumputi kembang-kembang Sri Gading iku, dipilihi sing apik. Nanging tan kocapa, kadadeyan sabenere dudu kembang sing dijumputi nanging bantal sing diagem sare dithithil-thithil nganti dhedhel gombale lan bubar kapuk randhu isen-isene! Oalah Mbah Putriiii....!

Simbah Putri saiki wus swargi, dipundhut Gusti rikala aku kelas 5 SD. Wit kembang Sri Gadhing ing ngarep omah wus suwe katebas ora ana tilase....

Minggu, 27 Juli 2008 wingi, ndilalah aku weruh ana wit kembang Sri Gadhing ing pekarangane tanggaku sing lagi mangsane metu. Eba bungah atiku, sumedhot nganti tekan bun-bunan merga kelingan Simbah Putri swargi! Mula aku banjur njepret sak apik-apike. Dadine kaya sing dak aturake ing ndhuwur iku.

Kembang Sri Gadhing wus dadi pepelingku marang swargi Simbah Putri. Muga-muga sukmane wus tentren lan nyawiji ndherek mulya ing Gusti Pangeran ana ing swargaloka, dadi talanging berkah marang para putra wayah sing isih lelumban ing alam donya iki. Amin. [skd]

Waosan bab kembang iki: Sri Gadhing

3 comments:

Mbah Suro said...

Panjenengan nyritaake Simbah Putri aku dadi kelingan marang swargi Mbah Buyutku, sakdurunge sedo Mbah Buyutku "Nyusuh" selendang lan jarik anyar disuweki kanggo nyusuh. Mbah Buyutku diparing yuswa panjang nganti 119 tahun.
Mas Kandar asli saking pundi tho?

Kandar Ag. said...

Wah...nganti tutug yuswanipun Simbah Buyut!
Kula asli Ngayogyakarta, Mbah, saking kabupaten Kulonprogo. Simbah Suro saking pundi?

Mbah Suro said...

Yen ngaten tetanggi Mas, kula saking Purworejo, sak kilen Jenar, tahun 1967 boyongan dateng Jakarta, lha wong wonten ndusun mboten gadah petilasan, pramilo boso jawinipun mboten saget sae. Matur nuwun

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator