Friday, July 04, 2008

Mangga... kaaturan mriksani photo iki

Surjan lan blangkon JogjaPancen lagi keranjingan fotografi tenan kok aku iki! Mula ya blog-blog-ku akeh sing padha kapiran. Ning ya ben... jenenge we lagi sinau lan ngudi kawruh uga kaprigelan ing babagan seni jeprat-jepret iku.

Para kadang, iki salah sijining foto sing dak upload ing EyeFetch.com. Priyayi sing kafoto iki sejatine lagi maragaake "Cucuk Lampah" rikala putrine boss-ku dadi manten tanggal 21 Juni 2008 kepungkur. Katon gagah lan merbawani kaya ing kethoprak! Hahaha... Yen longgar lan kepingin mriksani foto-foto liyane, mangga kaaturan rawuh ing EyeFetch.com. Sokur-sokur maringi komentar. Komentar ing kene uga kasumanggaake.

Wonten ingkang ngersaaken kula jepret? Hehehe... [skd]

2 comments:

Mbah Suro said...

Ingkang pantes lan luwes ngagem beskap priyayine kudu pidekso lan ora lemu banget, yen sing kuru-kuru model kados mbah Suro babar blas mboten pantes, mulane wedi dijepret...

Kandar Ag. said...

Hahaha...kados kula ugi, Mbah! Kula pawakanipun kuru..paling-paling yen beskapan njih namung kados foto ing sidebar punika. Kuwi we kudu rinengga eseman! Hehehe...

Wah, matur nuwun rawuh mriki malih...

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator