Thursday, September 04, 2008

Enthung


Download: 880*640

Rikala aku isih dadi uler... rina wengi datan ana kendhate cangkemku mung ngethamul mangaaaaan wae. Ora preduli godhong, pokoke dak krikiti nganti tapis pis! Yen perlu nganti garing. Wite mati mbuh ra nggenah!

Saiki wayahe leren lan mandheg. Wus tutug anggonku mangan, sing mesthi gawe pitune tanduran. Aku dak lerem, mlebu ing alaming sepi, hangracut sedhakep saluku tunggal, madhep lan manteb atiku kepingin dadi titah sing beda lan ora nggrangsang maneh. Rina lan wengi aku mung semedi, masrahake jiwa lan raga, ngeningake cipta, nyadhong marang pangreksa Dalem Pangeran. Muga-muga tuntas kababar kang dadi panyuwun lan panuwunku. Budi lan atiku mobah, mung manther marang karsaning Hyang Widhi. Tejaning titah sing wus kapungkur muga sirna ilang kaganti dening teja wening sumunar nentremake.

Tekadku mung sawiji: ing wayahe samengko aku kepareng dadi kupu-kupu endah sing agawe sumaraking alam sawegung. Godhong lan tetanduran datan wedi maneh marang sliraku, kepara malah kepingin dak prepegi. Awit sarining kembang sing bakal dadi titah anyar angantu-antu marang tekaku. Ing kana wus sumadhia, madu murni manis sinugata ing andrawina. Panganggoku wus merak ati, datan gawe miris lan kuciwa marang kekembangan sing tuwuh angrembaka bareng kalawan pletheking srengenge ing wayah esuk. Jagad gumelar katon endah ayu sinawang, binarung ing swaraning bawana mulyaake Gusti Kang Akarya Jagad.

Ngaturaken Sugeng Siam Ramadhan 1429 H dhumateng para kadang ingkang nindakaken pangibadah punika. [skd]

1 comment:

Mbah Suro said...

Yen ngono aku arep leren sakwetoro dadi enthung, supaya panyuwun lan panuwunku dikabulake Hyang Widhi. Metamorfosa uler dadi kupu dijabarke apik tenan Mas....

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator