Friday, February 13, 2009

Jam aksara Jawa

Yen panjenengan mriksani jam ing sidebar sisih tengen iku, mbokmenawa ana sing katon istimewa. Pancen ora salumrahe jam sing nganggo angka Arab utawa Romawi minangka tandha wektune, nanging nganggo angka saka aksara Jawa (carakan). Jam iku dak "colong" saka situs resmi aksara Jawa, hehehe... nyolong ning ora ngelongi! Ing kana ana pirang-pirang model jam. Panjenengan bisa ngundhuh versi animasi flash-e lan bisa kapasang ing desktop.

Mungguhing para kadang sing ngersaake jam iku kapasang ing blog utawa utawa situs kagungane, ing ngisor iki dak aturake script oleh-olehe anggonku "nyolong" kuwi mau. [skd]




Sumber colongan: The Official Site of Aksara Jawa.

6 comments:

Pambajeng "Broer" Argaputra said...

Wah...jan, yen isih ajaran kaya aku iki, durung bisa carane masang kode2 kuwi, Mas!

Anonymous said...

Wah siip siip..

Uapik tenan rek Jamme..

Salam kenal saking Bocahbancar nggih Maz..

Semangat...

Anonymous said...

Masange ning widget ndi Mas. aku kok durung isa :oops:

Kandar Ag. said...

Yen ing wordpress mbokbilih jenis widgetipun sami kalihan ingkang kangge masang "Recent Readers" saking bloglog, Mas Tomy.

Unknown said...

sugeng enjing'''. bisakah saya beli jam aksara jawanya. matur suwun''
agung di kaltim

Unknown said...

maturnuwun mas. salam kenal. Kulo ijin nyuwun masang wonten blog kulo njih.Kulo ugi ijin masang artikel mas wonten blog kulo. Mangke kulo cantumaken alamatipun blog panjenengan.
Monggo menawi wonten wekdal, saged mirsani 'gubug' kulo
http://akusayangkakwisnu.blogspot.com

maturnuwun

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator