Wednesday, March 25, 2009

Sugeng Riyadi Nyepi - Saka 1931

Wis ganep sesasi blog tercinta iki ora di-update. Sanadyan aku dhewe sok online, nanging pancen sengaja ora nulis-nulis. Sepisan, merga lagi ribet wira-wiri golek lan gawe penclokan urip sing anyar (aku kan lagi jobless, hehehe... Ning saiki wis mintip-mintip oleh, dhing...). Yen kepingin online ndadak nang warnet. Kapindhone, sisan menepake tema postingan wingi bab "Niti alam wening", sing tumrape kadang-kadang kristiani trep banget mbarengi mangsa pasa lan sesirik nyawisake Riyaya Paskah. Aku lagi niat ora akeh ngumbar omongan, maksude supaya ngakehi anggone ngudhari omongan. Apa maneh saiki lagi mangsane partai-partai peserta Pemilu 2009 padha nyebar janji-janji politike, ben padha dirungokake.

Mulane blog iki katon rada klantih kapiran. Nanging ing sasi ngarep, blog iki bakal ngaturake maneh postingan-postingan sing pangajabe luwih apik. Muga dadi pamriksane para kadang kabeh.

Nuwun sewu lan matur nuwun. Muga tansah rahayu sakabehe.




Sugeng Riyadi Nyepi th. Saka 1931
dhumateng para kadang Hindu.

# Mlebu ing alam wening mode-on maneh. [skd]

4 comments:

IjoPunkJutee said...

Mugo2 mintip2e njur kedadeyan, angsal pedamelan sing sreg neng ngati yo srek neng sak kathok lan klambi...


Matur nuwun, pun dicaosi nggen nggo cecomletan.

MUKIYO said...

Hehehe.... ana-ana wae sedulurku lanang iki.
Piye rasane dadi temanten anyar mas.
Mak nyussss... ngono?

Mbah Suro said...

Anak lanang wis bisa apa Mas Kandar? Ndang cepet gede....

Kandar Ag. said...

Sampun ajar mengkureb, Mbah. Yen nangis, jaaan swero sanget. Bobotipun sampun 7 kg, ngantos biyungipun kabotan anggenipun nggendhong. Tambah lucu, Mbah, wong saben esuk mesthi ngoceh, hehehe... gugah-gugah.

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator