Kanthi mencet tautan persis ing ngandhap seratan punika, panjenengan sampun nyengkuyung blog punika. (``,)

online casino bluebook - www.onlinecasinobluebook.com/ voted top online casino review site 2010

Minggu, Mei 31, 2009

Dhalang Putri Ing Tanah Sabrang

"Coba bukaken indonesianshadowplay.com!" ngendikane Om Esthu, seniorku, dina Kemis kepungkur. "Tamara ndhalang!" imbuhe. Aku dadi cubriya, mosok iya, Tamara artis Indonesia iku ndhalang?! Mulane aku langsung marani situs iku.
Jebule aku kleru, dudu Tamara Bleszynski sing dak kenal, nanging Tamara Fielding, dhalang putri Indo-Belanda sing pidalem ing New York, Amerika Serikat. "Byuuuuh... siji maneh ana pawongan, putri sisan, sing ngabdi marang mekare seni budaya tradisional Jawa ing manca negara!" batinku ing ati. Tambah siji maneh daftarku ngenani priyayi-priyayi sabrang sing nguri-uri seni kabudayane awake dhewe. Mentas wae aku nuduhake anane sindhen-sindhen manca sing kasengsem lan nyinaoni seni sindhen, banjur pentas ing Festival Sinden Internasional 2009. Sing iki, dhalang putri.

Tamara Fielding lahir ing Cimahi, Jawa Barat. Ibune Jawa, bapane Belanda. Sepisanan nonton pagelaran wayang kulit sawengi natas ing perkebunan karet duweke keluargane. Wektu iku isih umur 8 tahun. Sabubare Perang dunia II, umur 12 tahun Tamara kapeksa ngungsi ing negarane kang rama sawise melu ngalami urip ing pakunjaran jaman Jepang udakara telu setengah tahun.

Merga dhemen marang seni teater, lulus SMU Tamara nerusake sekolah ing Paris. Dheweke melu dadi pemain film 'Lust for Life' (dibintangi Kirk Douglas lan Anthony Quinn) lan 'Trapeze' (dibintangi Burt Lancaster). Karire dikembangake maneh, lan Tamara hijrah menyang Amerika Serikat, tekan saiki.

Ya ing negarane Paman Sam iku, udakara 23 tahun kepungkur, Tamara eling menawa duwe warisan seni tradisional sing luhur banget. Kothak sing isi wayang kulit kucel kabukak, isine ditokake. Banjur Tamara dolanan wayang kulit paringane kerabate iku, kanthi sabetan sak elinge rikala nonton ki dhalang biyen nyabetake wayang, lan uga antawecana sak elinge. Rasa tresnane marang seni budaya leluhur dadi tuwuh maneh. Pengalaman iku mratandhani jumejake Tamara ing jagading seni pewayangan, kang sabanjure ditemeni kanthi ngedegake produksi teater multimedia sing diarani 'TAMARA and The Shadow Theatre of Java'.

"Minangka jejering wanita, babar blas aku ora darbe niat kepingin mbuktekake menawa aku bisa nindakake bab sing biasane ditindakake dening priya. Nanging, merga duwe darah Indo, saperangan Landa lan saperangan Indonesia, aku rumangsa ana sing istemewa ing awakku, yaiku aku bisa dadi jembatan antaraning Wetan lan Kulon. Kanggoku iku wigati banget," tuture Tamara marang wartawan VoA.

Merga Tamara, ing Amerika kana wayang bisa mlebu kurikulum ing sekolahan, wiwit sekolah dasar, menengah lan atas. Tamara uga nganakake workshop, ngajari bocah-bocah nyekel wayang lan ajar dadi dhalang. Miturut ibu kang kagungan putra 2 (loro) iku, wayang kulit momot pitutur luhur mungguhing kapribaden, kepemimpinan, etika lan moral. Kejaba ing sekolahan-sekolahan, universitas lan perguruan tinggi, uga ing acara konser lan teater, Tamara kala-kala uga nampilake teater wayange sajroning pelayaran ing kapal pesiar. Anggone ndhalang wus tekan ngendi-endi: Amerika Serikat, Eropa dan Asia.

Tahun 1999 kepungkur, Tamara 'mudik' ing tanah kelahirane, Indonesia, marga diundang ana ing Pekan Wayang Indonesia VII, menehi ceramah lan ndhalang pakeliran padhet kanthi gaya multimedia, suwene 1 jam.

Tamara Fielding... ndandekake seni tradisional Jawa dikenal ana ing jagading wong-wong Barat modern. Lha... awake dhewe kepriye? [skd]

Tulisan kanthi bahasa Indonesia: Tamara Fielding: Menjembatani Barat dan Timur

Sabtu, Mei 16, 2009

Nguri-uri Kabudayan Jawa (1)

Dumadakan tuwuh pitakonan ing pamikirku: Apa toh sing sejatine dikarepake ing ukara "ayo padha nguri-uri kabudayan Jawa"? Wujude kepriye? Yen aku seneng ngrungokake wayang kulit, uyon-uyon, nonton kethoprak, lsp.; apa iku wus klebu 'nguri-uri kabudayan Jawa'?

Ing postingan sadurunge aku wis tau nggepok senggol bab basa lan tulisan Jawa (carakan) sing racak-racake wis ora pati dipigunaake ing generasi saiki kanthi ganep. Akeh sing ngarani yen generasi saiki wus ngalami 'kemerosotan' ngenani kesadharan budayane. Mapanake awak ing urip padinan minangka jejering wong Jawa wus ora pati digatekake maneh. Mbokmenawa ya isih, nanging ora 'mudheng' apa sejatine sing lagi ditindakake. Bara-bara ditindakake, kepara malah akeh tradisi-tradisi paringane leluhur sing wus ilang, ora ana maneh.

Ana sawetara conto sing bisa kasebut: Kadang tani ing pradesan, sadurunge panen mesthi gawe sesajen lan upacara cilik sing diarani wiwit. Tradisi iki isih ana, nanging apa tegese, akeh sing ora mangerti. Saben dina riyaya Lebaran (Idul Fitri) mesthi padha gawe ketupat, nanging maknane apa, ya akeh sing ora mudheng. Aku isih kelingan jaman isih cilik biyen, saben ngarepake Lebaran, warga sakampung padha dikepyakake supaya ngrakit pager anyar sing banjur dilabur nganggo kapur. Saiki, sajake wus ilang ora ana maneh...

Ing wayah sore sadurunge turu, bapak utawa simbahku biyen kerep ndongeng. Donyaning kewan keprungu nyenengake, kaya donyaning manungsa. Jamane para Nabi lan Babad Tanah Jawi kaya-kaya kelakon maneh ing ngarep mripat. Ora mung emosi agresif sing katut kagawa rikala ngrungokake dongeng perang, utawa inspirasi kreatif rikala ngrungokake pokale kewan-kewan, nanging tradisi story-telling lumantar dongeng iku bisa nggladhi olah rasa-cipta-lan-karsa tumraping bocah sing didongengi. Bungahe ngrungokake dongeng sadurunge turu wektu iku (isih bocah) ora kalah tinimbang karo nonton film box-office (bareng saiki wis gedhe). Rasane ora sabar nunggu dongeng candhake mbesuk sorene. Apa saiki tradisi ndongeng iki isih akeh ditindakake ing omah dening bapak-bapak?

Tuladha liya ing bangku sekolahan: Mbokmenawa murid-murid saiki isih nampa piwulang bab tembang-tembang macapat, kajupuk saka seratane para pujangga misuwur, sing isine akeh pitutur-pitutur becik mungguhing urip. Kayata saka Serat Wulangreh lan Serat Wedhatama. Mung emane, sajake saiki mung dadi 'kawruh' apalan sing ngebot-boti gundhule bocah-bocah. Kaendahan lan adiluhunge tembang-tembang iku prasasat dadi mbleret, ora gawe sengseme bocah-bocah nanging malah marahi stress! Sing endah lan adiluhung iku malah dadi mboseni! Temahan, piwulang luhur sing kamot ing tembang-tembang iku angel cumenthel ing ati. Kawruh budaya, sejarah, lan ngelmu urip sing maune katurunake lumantar tembang-tembang iku dadi rendhet ora tekan. Bocah-bocah saiki umume ora padha nyandhak yen diajak guneman bab tembang-tembang Mijil, Kinanthi, Mas Kumambang, Dhandhang Gula, lsp. Apa maneh nembangake!

Awake dhewe akeh sing wis padha lali utawa kapedhotan tresna marang tradisi kabudayan luhur warisane para simbah. Merga kahanan, perkembangan jaman, utawa merga pancen kadhung ora dikenalake marang warisan-warisan budaya iku dening pihak-pihak sing magepokan karo bab iku. Lha, trus kepriye?! [skd] (ana candhake...)

Kamis, Mei 14, 2009

Nyi Kenik Asmarawati: 'Srikandi - Mustakaweni'



Video klip dhuwur iku dak jupuk Minggu, 26 April 2009, ing Grha Tirtadi, Jl. Raden Saleh 20, Jakarta Pusat. Dhalang putri Nyi Kenik Asmarawati asal Sukoharjo Wonogiri, katimbalan dening Yayasan Tirto Utomo (Tirto Utomo Foundation) nggelar pakeliran padhet kanthi lakon 'Srikandi - Mustakaweni'. Suwene mung rong jam, tabuh 20.00 - 22.00 WIB. Ewa semono Nyi Kenik lan kanca-kancane, wiyaga lan warangganane kabeh priyayi putri mudha-mudha, bisa nengsemake para penonton. Ngiras pantes mengeti Hari Kartini, Yayasan Tirto Utomo kepingin ngenalake lan mekarake seni pewayangan ing antarane kawula mudha. Gegayutan karo Hari Kartini, mula kasengaja milih dhalang putri lan tokoh lakone uga putri-putri. Pawarta sing luwih jangkep kaaturan maos: Kenik Asmarawati - Ketika Perempuan Berkiprah.

Hehehe...
meneng-meneng dina iku dina ultah-ku! Sweneng aku!!! [skd]

Selasa, Mei 12, 2009

Foto-foto "Festival Sinden Internasional 2009"



Minggu, 10 Mei 2009 ing Gedung Sasana Langen Budaya, Taman Mini Indonesia Indah, Jakarta.

Mangga komentar...

Seratan bab Festival punika saged dipun waos ing: MerdekaNews.com.

Komentar paling anyar


Advertising free mortgage calculator