Wednesday, August 12, 2009

"Ibrahim", iku asmane Nabi Agung utawa jeneng teroris?

Dina iki kepolisian RI ngumumake hasil identifikasi para jenazah sing gegayutan karo teror bom ing Mega Kuningan 17 Juli 2009 kepungkur. Bareng tekan pengumuman identifikasi jenazah saka Beji, Temanggung, kepolisian meshtekake menawa iku jenazahe Ibrohim, petugas florist ing Hotel The Ritz-Carlton. Sanadyan gembong teroris Noordin M. Top durung klakon karangket, kawiyake Ibrohim minangka 'manager' pengeboman hotel JW. Marriott lan The Ritz-Carlton iku cukup gawe mareme masyarakat. Apese kepolisian RI lumantar Densus 88 wus ngatonake cikat-trengginase anggone tumandang mbrasta para teroris, nglacak para pelaku bom ing hotel loro iku.

Sing marahi gawe prihatine awake dhewe kabeh yaiku rikala ngerti menawa salah sijine pelaku bom bunuh diri iku Dani Dwi Permana, bocah tanggung umur 19 tahun, sing ora kanyana babar blas dening kulawarga lan tangga teparone. Jaringan teroris migunaake bocah sing isih labil pangolahing rasa lan kadiwasane, dipikut srana doktrin-doktrin sing katone nengsemake nanging nasar saka laku agama sing bener! Saka bab iki, bola-bali kudu dielingake menawa kukuhing kulawarga iku penting banget kanggo mekare kapribadene bocah-bocah.

Ana prakara siji maneh sing mbok menawa tumrape khalayak umum ora pati digagas, yaiku bab Ibrohim sing nyata-nyata gedhe banget perane ing prastawa bom bunuh diri iku. Sing marahi aku nebah dhadha: asmane Nabi Agung Ibrahim wus kapacak dadi jenenge pawongan sing jebule teroris! Apa Mas Ibrohim iku ora mangerti, kenangapa kok diparingi pusaka asma nyilih asmane Nabi Ibrahim? "Ibrahim" utawa "Abraham" iku nduweni werdi "bapane wong-wong sing pitaya". Yen Mas Ibrohim ngerti werdine, lha kok teka-tekane dadi kaya ngono?! Kamangka, rama-ibune Mas Ibrohim mesthi kagungan kekudangan sing becik srana nyilih asmane Nabi Ibrahim kaparingake marang putrane iku. Awit, "nama iku kinarya japa", jeneng iku ngemu dedonga....

Dadi saka pangrasaku, sadurunge ana lelakon teror bom ing Mega Kuningan iku, sejatine wus ana lelakon teror sing ngrusak marang pangerti sing pener mungguhing werdining jeneng, kepara malah teror marang donga sing rina-wengi kasandhang dening anaking manungsa sing pinaringan tetenger "Ibrohim" iku!
Aaaaah... aku isih tebah-tebah dhadha, karo mbayangake bingunge bocah-bocah cilik sing menangi lelakon iki. "Anak-anak, Ibrahim itu siapa?" pitakone guru agama. "Teroris...!!!" saruwene bocah-bocah.

Astagfirullah...!!! [skd]

2 comments:

MUKIYO said...

Asmane Bapa Ibrahim wis katutan ala yo mas?

Kandar Ag. said...

Lha ya iku, Mas... sing marahi prihatin.

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator