Monday, August 17, 2009

"Ilir-ilir"











Dina iki genep 5 tahun aku urip ing Jakarta.
Pancen kapinujon pengetan kaping 64 dina kamardikan bangsa kita Indonesia. Muga-muga dina-dina sabanjure bangsane dhewe tansah padhang sumilak, kasinungan mring berkahing Hyang Widhi, makmur ing sandhang lan pangan, ayem tentrem lan adoh ing mala reretu. Mungguhin uripku dhewe, dak kira ora beda panyuwunku.

Mbuh kawisikan angin seka ngendi, aku kok kelingan tetembangan "Ilir-ilir". Mbok menawa merga mau awan nonton lomba 'meniti batang pinang' ing Kalimalang, hehehe... Ning isen-isening tembang iki pancen lagi dadi dedonga sing trep ing kahanan pribadi lan bangsa Indonesia saiki:

Lir-ilir, lir-ilir
tandure wus sumilir
dak ijo royo royo
dak sengguh panganten anyar

Cah angon, cah angon
penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodot ira

Dodot ira, dodot ira
kumitir bedhah ing pinggir
Domana jrumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padhang rembulane
mumpung jembar kalangane

Gya suraka, surak hiyooo...
Dirgahayu Republik Indonesia... MERDIKA! [skd]

3 comments:

Mbah Suro said...

Limang tahun urip ing Jakarta wis bathi piro Mas?
Sekalian yuwun pirso Mas! Iklan panjenengan nyenengake tenan hasile sedino 1 yuto, sewulan 30 yuto wah cepet sugih tenan mas?

Kandar Ag. said...

Bathinipun: pengalaman... kalihan niku...si i'el! Hehehe...
Waaaah...bab iklan punika kula malah boten nyobi je, Mbah! Boten pareng ngeklik dhewe je... hehehe...

bradahudz said...

kulonuwun..., blognya njenegan apik tenan mas dab..., bagi2 ilmune to.., hehehe... :):):)

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator