Friday, September 25, 2009

Sarasehan (5) - Tlonjonging Ati Nyipati Prekara Lan Kahanan

EMBUH wus ana pirang bab lan prekara kang tau dadi rembug ing sangisoré wit rambutan ngarep omah iku. Sing paling akeh mesthi waé bab olahing tetanèn. Lumrahé mengkono, awit papan mau uga dadi ampirané tangga teparo saben-saben arep mangkat utawa bali makarya ing sawah.

Saben-saben ana wong mampir ing sangisoré wit rambutan mau mesthi ana waé prekara sing dadi rembug ing kana. Ana kang ngudarasa bab anjlogé rega gabah, utawa njlèntrèhaké bab cara mbrastha ama lan penyakit tetanduran. Ana uga kang ngrembug politik-politikan seka tingkat désa nganti tingkat presiden. Tau ana kang nggawa rembug bab mistik-mistikan ngramal nomer togel, nanging bubar kuwi banjur mrihatinaké perang lan bencana ing Acèh lan bebentu ing seantero Nuswantara. Liyané manèh ngrasani para bakul kang ora jujur, banjur dadi nglantur tekan mbiji si Ratu Goyang Ngebor Inul Daratista mrèmbèté marang para artis sing doyan kawin-cerai. Ombyaking para nom-noman kang padha ngumbara golèk panguripan ing Jakarta uga tau dadi rembug ramé, ora kalah karo rembug bab Undang-Undang Ketenagakerjaan. Mesthi waé omongan ngerumpi soal romantika percintaané kawula mudha ora tau ketinggalan, sanadyan isih kalah rame tinimbang omongan bab perselingkuhane tokoh-tokoh kampung!

Umpama wit rambutan iku bisa ngrekam kabèh rerasanan kang kelakon ing ngisoré, mesthi wit mau bakal nyritaake kabèh prekara kanthi thiring-thiring; wiwit saka riwayate para mudha tempoe doeloe kang gigih berjuang, nganti tekan nasibé generasi mudha jaman saiki sing adhem mlempem kakehan mendem (sing cetha mendem ombèn-ombèn lan sawarnaning narkoba, nanging sejatiné uga mendem gebyaring hiburan lan fasilitas canggih). Lakoné bakal ganep wiwit jamane para pahlawan nganti jaman para pengangguran, wiwit jamané para pelopor nganti jamané para koruptor, wiwit jamané para priyagung nganti jamané jaka lélur kemul sarung!

Plataran ing ngisor wit rambutan iku kaya-kayané dadi layar tancep kanggo nyawang kabèh bab kang tau kedadèan ing jagad gumelar. Ing kana kabèh kang tumitah ing alam sawegung disawang, dialembana, dipepuji lan disyukuri, ananging uga dicacat, dirasani, digetuni lan dipisuhi disupatani! Ing kana Rohing Allah mider-mider tumiyub pindha angin, terkadhang sumilir angleléla, nanging kadhang uga pindha prahara gedhé, ngosikaké manungsa supaya éling marang kabèh kang diparingaké. Ing kana wong-wong padha nanggapi, nggatèkaké lan mrihatinaké donyané. Émané kawigatèn marang prekara-prekara mau kerep ora cetha purwa lan wusanané. Ganti wektu ateges ganti téma miturut senengé dhéwé. Mula kerep mung mandheg tekan isu, rerasanan, rembug lan keprihatinan, nanging durung tekan sikap lan niat kang cetha.

Sawijining dina, sabubaré ngramèkaké rembug ing sangisoré wit rambutan iku, aku banjur nglelimbang dhéwé. Yèn wis meruhi kabèh prekara iku, ing ngendi ta sejatiné tlonjonging atiku? Aku kudu kepriyé, lan kudu tumindak apa? [skd]

*) Tulisan 5 saka 9.

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator