Tuesday, September 29, 2009

Sarasehan (8) – Kekarepan, Tékad lan Pambudidaya

AWAN iku Bapak katon mempeng anam ténggok ing ngisor wit rambutan ngarep omah. Jaréné, ténggok mau bakal kanggo wadhah gabah lan jagung mengko ing mangsa panèn. Ténggok sing biasané dianggo wadhah rikala panèn wingi wus bodhol dasarané, wong pancèn wus bola-bali rusak lan mung ditèmbèli waé.

“Lha kok boten mundhut kémawon toh, Pak? Rak boten perlu répot-répot, wong reginipun ugi boten awis, tur ngirit tenaga kalihan béaya,” mengkono ujarku.

“Bocah saiki mono ngertiné apa-apa tuku! Lha yèn bisa gawé dhéwé, kanangapa kudu tuku? Mbok dadi wong mono aja mung seneng golek kepénak, ngertiné kabèh wis sarwa cumepak. Isané mung nyawang, milih, njupuk lan mbayar! Sing wigati iku ora mung ténggoké, Lé, nanging luwih-luwih semangaté. Kéné, yèn gelem sinau dak ajari gawé ténggok, supaya mengko ing pasar ora kentèkan bakul kranjang lan ténggok!”

“Ah, paling mangkih dadosipun malah boten karuan, Pak!”

“Lha…lha…lha…, durung-durung rak wis miyur atiné, wis kena virus ko-gèk! Mengko gèk ngéné, mengko gèk ngono….. anané mung wedi nyoba. Kuwi penyakit, Lé!”

“Kados pundi anggen kula boten ajrih, menawi lepat mangkih Bapak duka…”

“Dadi saka rumangsamu Bapakmu iki tukang nesu ngono pa, Lé? Kok nganggo wedi barang, kaya-kaya Bapakmu iki memedi waé. Cilaka yèn dadi wong kok diwedèni liyan, bakalé adoh rejekiné merga wong-wong padha mlayu! Sanadyanta nesu iku sejatiné ya ana gunané, nanging yèn bener sebabé, pener wektuné lan pener tumanduké.”

“Lha bab ténggok wau, kados pundi Pak?”

“Mula jajalen gawé sabisamu. Mengko yèn pancèn apik ya bakal dak alem. Déné yèn kurang apik, anggeré isih kena dianggo rak ya ora kurang gunané. Sing penting kuwi kekarepan lan tékad dhisik, Lé. Yèn wis kulina nandangi, wong iku bakal saya trampil lan wasis. Mula sing jeneng karep iku gedhé ajiné. Ora sapantesé yèn ana sing matèni kekarepané wong liya kanthi nganggep dhèwèké ‘ora isa’.

Mangertia Lé, lemahé Eyangmu iku seprana-sepréné mènèhi hasil sing akèh ora merga digarap wong-wong sing pinter kok, nanging merga sing nggarap nduwèni kekarepan sing peng-pengan tenan. Kowé rak weruh dhéwé. Dak kira awaké dhéwé iki perlu matur nuwun merga duwé sedulur-sedulur kang kaya mangkono mau," ngendikané Bapak karo tetep ugleg nerusaké anggoné anam ténggok.

"Bapakmu iki isané gawé ténggok merga sinau saka sedulur-sedulur ing kidul gunung kaé jaré. Asilé… ténggok gawéanku ora kalah rapet tinimbang karo ténggok tukon pasar. Yèn dianggo wadhah gabah ora ana kang cicir. Gèk ndang ayo, njajal gawéa ténggok, Lé!” [skd]

*) Tulisan 8 saka 9.

1 comment:

Unknown said...

nderek dados penggemar situs meniko. nuwun semu menopo kaosipun mboten wonten ingkang werni sanesipun cemeng

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator