Thursday, October 08, 2009

"Gèk apa kersané Gusti?!"















ANA pengalaman cilik
sing ngosik atiku wingi pas konsultasi ing dalemé tukang sablon kaos BornJavanese Edisi Pucung. Soré iku ing kana wus ana priyayi setengah baya sing uga gawé kaos kanggo komunitasé. Kenalan singkat sing tanpa nyebut asma ndadèkaké aku ngerti menawa priyayi iku asli saka Padang.

"Bapak asli mana?" pitakonanku mung kanggo basa-basi.
"Dari Padang..." wangsulane karo ndhahar lumpia suguhané sing kagungan dalem.
"Padang? Kerabat ada yang terkena musibah?" aku dadi kepingin ngerti.
"Iya, kena, Mas..."
"Ada yang meninggal?"
"Banyak..." ngendikane sajak kepriyé. Rasaku dadi mak dheg! Swasana wening sawetara, mung keprungu swara srang-srèng minyak gorèng dicemplungi gorèngan.
"Ikut prihatin ya, Pak..."
"Terima kasih, Mas. Kemarin Allah menewaskan Noordin Mohammad Top. Sekarang ganti orang-orang Padang. Apa maksudnya?!" ngendikané ngatonaké ati sing sajatiné njola. Pitakonan iku ora gampang dijawab. Aku dhéwé banjur mung meneng, rumangsa ora prayoga nerusaké diskusi bab iku ing kalodhangan kaya mangkono. Rembugan dak engokaké marang desain kaos sing dipesen Bapak iku.

Turut dalan mulih ngomah, pikirku mung umyeg déning pitakonan Bapak seka Padang iku mau: Kenangapa kok bencana lindhu ing Padang Pariaman ndadak digandhèng-gandhèngaké karo tiwasé Noordin M. Top? Bapak mau sajak ora trima, kok sedulur-seduluré sing ‘tanpa dosa’ sing ‘kudu’ nemahi pralaya merga lindhu gedhé iku?! Kok dudu wong liya sing cetha-cetha penjahat sakaliber Noordin M. Top umpamane?! Gèk apa kersané Gusti?!

Pitakonan iku tumuju marang Gusti Mahakuwasa, apa wenangku? Pitakonan kaya mangkono iku pitakonan ‘terminal’, pitakonan ‘perbatasan’, pitakonan ‘krisis’. Ana kekeran sing siningit sajroning kasunyatan-kasunyatan ing donya iki, sing aku manungsa bisané mung gagap-gagap, neges supaya cipta-rasa-karsa iki ora tansah nggrangsang lan nubras-nubras. Tuna luputé balik dadi pribadi sing mégos kapitayané marang Sing Gawé Urip! “Ah, Gusti Allah ora nge-friend!” “Apa gunané pangibadahku, yèn temahan mung diparingi musibah lan sedulur-sedulurku ilang tan kena kinukub?!” Iki kesimpulan lan pitakonané wong sing lagi krisis kapitayan; pitakonané wong sing lagi nglakoni urip adu arep karo kekeran agung sing ora gampang dimangertèni.

Pepati, musibah, kasangsaran lan lelara wus wiwit jaman Nabi Adam dadi prekara sing tansah ngosik pikiran lan atiné manungsa. Awit patang prekara iku ngèdhepaké manungsa marang kasunyatan menawa dhèwèké iku titah sing winates, ringkih, lan dudu mahakuasa. Sanadyanta sugih mblegedu, utawa dadi ratu pisan, kapinterané sundhul langit, nanging rikala ngadhepi pepati, musibah, kasangsaran lan lelara dadi ora adoh sungsaté karo wong mlarat, pidak pedarakan, utawa wong bodho sing ora tau mangan sekolahan!

Kasunyatan iku sejatine mènèhi pratandha yèn prakara-prakara iku bisa nyawijèkaké umat manungsa, ora mawas marang drajad, pangkat lan kalungguhané, ora ndulu marang status lan atribut-atribut sosialé, lan uga ora mertimbangaké becik-alané! Ing kéné dadi ana tembung ‘pepadha’.

Nanging sing luwih trawaca tumrap aku ngenani musibah lindhu ing Padang sakiwa-tengené lan musibah-musibah sarupa ing papan liya, yaiku kasunyatan menawa urip iki dadi luwih krasa pengaji banget. Wektu samenit, kepara malah mung sakedhèping nétra, nyata-nyata wujud kanugrahan sing patut disyukuri, dipertanggungjawabaké, lan diperjuangaké. Sabanjuré, sumangga kersa Dalem Gusti, awit kabèh samubarang Gusti Allah sing kagungan. [skd]

Saturday, October 03, 2009

Atur Béla Sungkawa – Gempa Padang Pariaman 30092009


"Tlutur - Ladrang Jakalola"

Friday, October 02, 2009

Kaos Born Javanese Edisi Pucung

Sawetara wektu kepungkur dak aturaké rancangan kaos Born Javanese Edisi Pucung ing laman polling blog iki. Mau-mauné karepé ya mung arep dak anggo dhéwé. Nanging bareng ana kanca sing uga kepingin nduwèni, mula banjur dak gawé polling kanggo njajagi apa akèh kadang sing uga kepingin kagungan. Pranyata lumayan akèh. Saka 47 responden, 40 kepingin kagungan, lan 7 sing kepingin desain liyané. Tumrap para kadang sing urun swara polling aku matur nuwun banget.

Saka asil polling iku temahan aku banjur ngaturi 2 pilihan werna latar buri tembang Pucung anggitané K.G.P.A.A. Mangkunegara IV iku: werna abang geni karo werna ijo. Murih gampangé, sing latar buri abang geni dak wènèhi kode KBJ-01A, déné sing latar buri ijo KBJ-01B. Karo-karone kanthi warna dhasar ireng (hitam). Dene sing warna dhasar kaos putih kanthi kode KBJ-01A White lan KBJ-01B White.








Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku.
Lekasé lawan kas.
Tegesé kas nyantosani.
Setya budya pangekesé dur angkara.

[Pucung, Wédhatama]
K.G.P.A.A. Mangkunagoro IV

Katerangan jangkep bab kaos kasebut:
Bahan kaos: Combat 20S.
Warna dasar: Hitam /Putih
Teknik cetak gambar: Sablon (separasi)
Kode:
KJB-01A = background merah; KBJ-01A White = background merah kaos putih
KJB-01B = background hijau; KBJ-01B White = background hijau kaos putih
Catetan: Gambar krah sing katon ing gambar iku mung nuduhaké bates gulu waé, dudu werna sing beda karo warna dasar kaos.
Ukuran default: All Size. Ukuran sing luwih gedhé bisa diusahaaké.
Rega saliyane ongkos kirim: Rp 50.000,-
Ongkos pengiriman (Regular Service TIKI): Rp 10.000,- (Jakarta); untuk luar Jakarta silakan mengecek tarifnya di website TIKI-ONLINE.

Carane pesen:
Tumrap para kadang kang ngersaaké, dak aturi ngirim e-mail pemesanan marang alamat sukandar_ag@yahoo.com kanthi format ing ngisor iki, paling telad tanggal 10 Oktober 2009. UPDATED: TAKSIH DIPUN TENGGA NGANTOS MINGGU SONTEN, 11 OKTOBER 2009. (``,)

Format e-mail:
Subject: Pesan Kaos Born Javanese – Pucung
Nama Pemesan: _____
Kode Kaos yang dipesan: ______
(KJB-01A = background merah; KJB-01B = background hijau)
(KBJ-01A White = background merah kaos putih; KBJ-01B White = background hijau kaos putih)
Ukuran Kaos: All Size (default)
Jumlah: ______
Alamat Pengiriman: ______________


Pembayaran:
Transfer lumantar rekening BCA:
No. Rek: 230-157-295-8
A.N.: AGUSTINUS SUKANDAR

Prayogane, transfer dana katindakake sadurunge tanggal 10 Oktober 2009 utawa bareng karo bates wektu pemesanan. Dak suwun, sawusé transfer dana marang rekening kasebut Panjenengan énggal maringi kabar konfirmasi kang isine:
- Nama Pemesan
- Nama Pemilik Rekening

- Nama Bank & No. Rekening
- Jumlah transfer & tanggal tanggal transfer
lumantar e-mail utawa SMS ing HP: 081806738987. Panjenengan bakal nampa e-mail / SMS balesan menawa transferan wus ditampa apa durung.

Pengiriman:
Kaos bakal kakirimake menawa dana wus ditransfer. Merga anggoné produksi butuh wektu kurang luwih 3 dina, kaos kang dipesen bakal dikirimake lumantar jasa pengiriman barang TIKI paling telad wiwit tanggal 14 Oktober 2009.

Katerangan liyane:
Yen ana pamundhutan priksa dak aturi nyerat komentar ing sangisore postingan iki. Bisa uga nyerat email marang alamat sukandar_ag@yahoo.com utawa kontak HP: 081806738987 (XL). Matur nuwun saderengipun. [skd]
UPDATE (18 Oktober 2009)
Amargi wonten kesalahpahaman design kalihan pihak penyablon, nyadhong deduka ingkang kathah dhateng para kadang ingkang sampun pesen kaos, bilih kaos ingkang sampun dipun pesen kepeksa nembé saged dipun kintunaken kirang langkung tanggal 20 Oktober 2009. Sepisan malih nyuwun agenging pangaksami. Matur nuwun.

UPDATE (06 November 2009)
Design kaos ingkang kapacak ing inggil punika (KBJ-01A lan KBJ-01B kanthi dhasar kaos cemeng) ing wekdal punika dipun batalaken. Minangka gantosipun sampun dipun damelaken design rombakan ingkang saged dipun priksani ing mriki. Matur nuwun.

Sarasehan (9) - Ngriyayaaké Atur Panuwun

MANGSA panèn kang diantu-antu wus teka. Dalan ngarep omah saya ramé diliwati wong-wong kang ngusungi pari. Ana sing nyunggi, mikul, nggéndhong utawa numpangaké rit-ritan pari ing sepéda utawa grobak. Saka kadohan wus keprungu swarané wong-wong kang padha gambira ngundhuh asiling tetanèn. Ing wayah soré isih katon sapérangan sedulur tani kang padha menyang sawah nggawa urarampé kanggo upacara wiwitan, mratandhani pambukaning panènan.

Semono uga Bapak, soré iki bakal ngadani upacara wiwitan kaya adat sabené, mung waé wektu iki katon rada mirunggan. Rèhné kang bakal dipanèn sawahé mung mapan ing sabrang dalan ngarep omah iku, mula upacara diadani ing ngisor wit rambutan.

Plataran sangisoring wit rambutan wus digelari klasa dilèmèki képang. Ing tengah-tengah wus dicawisaké ambengan sajèn sing dimasak déning simbok lan mbakayuku wiwit awan mau. Tumpeng kang diubengi gudhangan uga wis cumawis. Ora lali ana ingkung, pélas lilin, sambel geplèng. Katon uga ana janur kang rinoncé kaya wayang ditalèni bareng dadi siji karo sapapah godhong dhadap srep. Ing sacedhaké ana gedhang pirang-pirang lirang, lan mesthi waé saténggok rambutan kang wité ngiyubi latar kuwi.

Sawisé tangga-teparo lan wong-wong liwat sing gelem ngombyongi padha nglumpuk, Bapak banjur wiwit ngujubaké kabèh kang wus digelar. Saka tetembungan ing sembahyangané Bapak, kacetha menawa intining upacara iku atur panuwun marang Gusti kang nitahaké bumi langit lan maringi lemah kang subur, wus kersa ngayomi anggoné padha olah tetanèn kanthi slamet, lan maringi panènan pari kang wus siap dipethik. Ora lali Bapak uga nyuwun supaya mbésuk bisa ngrampungaké wajibing tetanèn bebarengan karo para sedulur kang tansah biyantu, yaiku ngenèni asiling tetanduran kanthi tanpa kena rubéda, lan nyuwun supaya sawahé tetep diparingi subur.

Kabèh kang ngepung ambengan padha ngamini sembahyangan mau lan banjur padha kembul dhahar bebarengan. Déné Bapak nyelakaké masang sesajén ing sawah kang bakal dipanèn, sarta miwiti ngenèni pari kang sepisanan sing bakal disimpen ing senthong ngomah.

Nalika iku aku banjur kèlingan ngendikané Bapak biyèn, “Dadi wong tani mono kudu tansah sumadhia molahi lemah, nenandur, ngrabuk, nyirami, matun, mbrantas ama penyakit… lan kudu sabar telatèn nganti tekan titi wanciné panèn. Mung kanthi mangkono wong tani bisa ngertèni menawa Gusti tansah mbiyantu anggone awaké dhéwé molahi bumi kang wus diparingaké. Ing mangsa panèn, wong tani bisa ngrasaaké kanugrahan Dalem Gusti kanthi wutuh. Pokoké kudu sabar nganti tekan mangsané panèn, supaya bisa nduwèni atur panuwun.”

Éling marang pangandikan iku, ing batin aku mèlu mbangun rasa atur panuwun marang Gusti.

Sore sabubaré upacara wiwitan, Bapak lenggahan ing lincak sangisoré wit rambutan. Ora let suwé wus keprungu manèh tembang Dhandhanggula ‘Kanca Tani’ karemenané Bapak. Swarane soré iku keprungu luwih ngujiwat lan rumesep ing ati. Wit rambutan ing sadhuwuré Bapak tumiyung kena angin soré kang ngganda lendhut, damen lan pari. Katone melu-melu ngemataké tembangané Bapak… [skd]


Advertising free mortgage calculator