Saturday, January 30, 2010

Ora rila ...

"Asyem! Rokok nang cedhak parkiran ngisor kaé regané 11.000 rupiah. Nang warung pinggir dalan sandhing omahku mung 10.000!" ujaré kancaku karo ndèlèhake nasi bungkus titipanku ing méja nalika réhat.

"Ora rila ya, mènèhi rejeki 1000 rupiah marang bakulé rokok? Héhéhé..." tanggapanku.
"Iya jé..."

"Ning paling béda critané yèn sing 11.000 rupiah iku lèhé tuku nang cedhak omahmu kana, ya toh? Mesthi luwih ikhlas..." celathuku.
"Ha'a ki... ngapa ya?" kancaku sajak kagèt karo tanggapanku sing mbokmenawa ora kinira.

"Karang awaké dhéwé wis luwih ngerti bot repoté tangga cedhak tinimbang wong liyan ndrayan, jé... Lha yèn kowé wis kenal cerak karo bakulé rokok ngisor iku, mesthi ya béda manèh critané!"

Kacèk rega 1.000 rupiah, kurang susuk 500 rupiah, lan sapituruté, bisa dadi dadakan émosi, sanadyan mung sak nyuk’an. Pancèn nalar, menawa 1.000 rupiah iku dipingaké 100, 200, 1.000 gunggunge ora cilik manèh. Ning… yèn dipingaké… Lha, yèn durung, dak kira ora patut émosi, cukup kanggo pertimbangan ing ati, nggegulang bab sikap rila lan paseduluran… Sapa ngerti suwéning suwé aku rila ngeculaké dhuwit sing luwih gedhé marang sedulur sing mbutuhaké pitulungan, yèn duwé…. (``,). [skd]

Bonus maos postingan iki:

Mat-matatan CS Sangga Buana vol.1

01 - Jineman Uler Kambang, Lgm Meh Rahino Pl 6.mp3
02 - Asmaradana, Palaran Gambuh Pl Br.mp3
03 - Bw Retna Asmara, Ayun-ayun, Lgm Sidoasih Pl 6.mp3
04 - Pangkur Tanjung Gunung Pl Br.mp3
05 - Mijil Kethoprak Pl 6.mp3

Mat-matatan CS Sangga Buana vol.2

01 - Kutut Manggung, Kudha Nyongklang PlBr.mp3
02 - Sinom, Ijo-ijo PlBr.mp3
03 - Bw Rara Turidha, Pangkur, Pikat Manuk Pl5.mp3
04 - Kinanthi Sandhung Pl6.mp3
05 - Elo-elo Gandrung, Praon Pl5.mp3

3 comments:

Unknown said...

waahhh mas kandar, maos seratan njenengan "Ora rila" kuwi jiann... koyo koco ning pengilon hahahaha... dadi kelingan mudun angkot biyasane 2.000 lha kok dadi 2.500, ning ati kok dadi semriwing njuk ra cukup kuwi malah ngundat2 sopire angkot, padahal cen merga ra nduwe susuk...

oalahhh Gusti Pengeran, nyuwun tambahing pinaringan sabar... nuwun lho mas, ampun dielingne :-)

btw, lakon wayange wes tak sedot kabeh mas hihihihi... sepisan malih, matur nuwun

maztrie said...

hemmmmm.....
iya ya Mas.....
:)

ariel said...

matur suwun sanget mas matmatane....

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator