Sunday, March 07, 2010

Gusti Ora Sare - Jilid 2


Gambar kapal (jaran) sing kasunaran mring hyang bagaskara iku sidané unggul ing jurit! Tumapak amanggut-manggut, nguwuhaké swara sora bungahing nala, awewarta wisiking Hyang Widhi kang wus kagelar ing kasunyatan, "I always have a better plan for your lives than you do." [skd] (``,)

Mangkono aku nulis ing laman profile facebook tanggal 4 Februari 2010 kepungkur. Rikala iku atiku lagi bungah sawusé udakara 2 dina ora bisa turu lan mung mrebes mili merga kena PHK sing tanpa sraba-sraba pawarta dhisik. Sesasi nyambut gawé ora dipétung, temahan ora oleh gaji! “Wis gajian durung, Pa?” mengkono sms-é mbokne Gabrièl pirang-pirang menit sawusé aku ngerti yèn ora nampa gaji. Balungku kaya dilolosi, rasané kaya ilang daya kekuwatanku, njaba-njero.

Tekan ngomah, tinimbang mung ngalamun sing mesthi nambahi ati nggrantes, aku njur nggambar desain sing wektu iku dak leboni. Ndilalah, témané kontès lagi trep marang lelakonku soré iku. Mulané anggonku nggambar all-out saapik-apiké, sewengi natas: Gambar kenya sing lagi numpak jaran, mbregènggèng, pasuryané tumenga mring cahyaning pepadhang sing nyunari lakuné. Si jaran tumapak amanggut-manggut, mlaku alon-alon, satiti murih ora kesandhung. Ing sangisoré gambar kenya dalah jarané iku dak pasangi tulisan sing tegesé: Gusti tansah kagungan rerancangan sing luwih apik tinimbang rerancangané awaké dhéwé mungguhing urip iki!

Mbokmenawa merga kinanthèn laku prihatin sing jero, karo pasrah marang pangreksa Dalem Gusti, desain gambar iku menang ing kontès. Kontèsé kepara malah dirampungi sadurungé wektu sing kagelar entèk! Atiku njerit bungah, trenyuh marang kasunyatan sing diparingaké Gusti marang aku. Bisaku mung muji syukur marang Panjenengané, “Matur sembah nuwun, Gusti!”

Sajroning sesasi, sinambi golèk pènclokan anyar, aku mung nggambar-nggambar desain kanggo melu kontès ing 99designs.com. Hehehe…. Lumayan, wiwit wulan Januari 2010 kepungkur wis menang kaping telu, lan ngolèhaké US $795 sing bisa kanggo tambah-tambah nukokaké susu si Gabrièl karo blanjan ibuné. Gambar jaran iku mau wis nulungi $295 sajroning karibetanku, hehehehe…

Senin, 8 Maret 2010 sésuk aku mlebu ing papan panggawéan anyar pangreksané Gusti Kang Mahatresna…. Pinujia Gusti ing salaminya! Amin. [skd]


Advertising free mortgage calculator