Thursday, August 18, 2011

Mijil Kethoprak - Palaran Dhandhang Gula Lik Suling Pl6

Mirengaké gendhing iki marahi kèlingan jaman cilik. Swargi simbah putri, utawa biyung sok ura-ura karo nggéndhong adhiku. Kersané karebèn adhiku turu ing géndhongan, karo diléla-léla. Hmmm... ing batin saiki-iki aku dadi isa ngalembana marang swarané simbah lan biyungku, sing yèn dak biji antuk 8! Hahahaha.... mergané aku bisa mesthèkake menawa ing jaman saiki wis langka si biyung ngléla-léla putrané srana tetembangan kaya iku. Mula aku rumangsa begja banget, kaparingan warisan pengalaman kaya mangkono saka simbah putri lan biyungku.

Mula minangka atur panuwun, iki dak aturaké MP3 Mijil Kethoprak, kasambung Palaran Dhandhang Gula marang para sutresna. Sapérangan seratan tembangé dak tulis kanggo cathetan, mbokmenawa ana sing ngersaaké. Manggaaaa.... dipun rahabi. [skd]



MIJIL KETHOPRAK

Dhuh biyung emban, wayah apa iki?
Rembulan wis ngayom,
anggegana prang abyor lintangé.
Titi sonya, puspita kasilir,
maruta wis kingis, sumrik gandanya rum.

Kados Gusti, sampun tengah ratri,
pangintening batos.
Iya kok durung rawuh mréné,
Gusti kakung, ratuné wong sigit.
Apa cidrèng janji, dora mring wak ingsun.


DHANDHANGGULA LIK SULING Pl.6

Ayo rowang angayahi kardi.
Nora kendhat pambangunan désa.
Binudi murih beciké,
supaya tansah maju,
ngupakara karang lan kitri,
guyub rukun tumandang,
asengkut gumregut,
temah dadya tata harja,
handayani murah sandhang pangan yekti,
jro kutha desa-desa.


Download (cut version): Mijil Kethoprak - Palaran Dhandhang Gula Lik Suling Pl6
Utawa: Mijil Kethoprak - Palaran Dhandhang Gula.mp3
Versi wutuh: Klenengan Mat-matan.mp3

5 comments:

Jrink Hetfield said...

jan tonji tenan kie.... :)

Pinokio said...

Akan lebih menarik bila ada terjemahannya dalam Bahasa Indonesia, Komentar juga ya di blog saya www.memebee.net

Bthari Kanastari said...

Mijil Kethoprakipun guru gatra lan guru swaranipun wonten ingkang lepat. Kersaa madosi leresipun. Nuwun.

Supriyadi Pro said...

Remen, taksih wonten rencang ingkang nguri-uri Budaya.
Kula nggih nyobi: http://javaneseart-culture.blogspot.com/

Sungeng tepang.

Ismail Wiroprojo said...

Puniko Blog ingkang sae... Bok bilih kerso ugi rena ing penggalih... Kulo tak ngangsu kawruh bab Macapat.. Matur suwun... Ugi dalem aturaken wilujeng dinten Blogger, mugi pinaringan kelancaran. Suwun.

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator