Friday, May 23, 2014

Tari Bambangan Cakil - Anucha Sumaman and Thabo Isaac Rapoo 2008



Sapandurat mbokmenawa ora ana sing istimewa saka video iki. Nanging yen pamirsa priksa sapa sing maragaake Bambangan lan Cakil ing video iki, dak kira banjur pada ngungun. Paraga Bambangan ing beksan Bambangan Cakil ini diselirani dening Anucha Sumaman, nom-noman saka Thailand. Dene sing maragaake Cakil yaiku nom-noman saka Afrika Selatan, Thabo Isaac Rapoo. Luwih-luwih yen uga nggatekake sing padha nabuh gamelan, ora liya uga nom-noman seka manca negara sing sakabehe lagi unjuk ketrampilan sawise digembleng sajroning 3 sasi rikala pada ambyuk ing Indonesian Arts and Culture Scholarship 2008.

Link video jangkep bisa dipriksani ing: http://www.youtube.com/watch?v=1zeFhhx7oZ8

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator