Monday, November 06, 2017

Bawa Pucung Kebersihan



BAWA PUCUNG 'KEBERSIHAN'

BAWA:
panyuwunku
dha gatèkna piwelingku
mèlu sabiantua
program pemréntah sayekti
kebersihan ketertiban dèn tindakna

PALARAN:
resik iku
pérangan iman satuhu
mèlu sabiantua
program pemréntah sayekti
lahir batin mbudidaya adipura

LANCARAN:
kabèh baé gatèkna welingku
sing sregep lé nyapu sakiwa tengenmu
sing ruko sing bakul warung lan sing tuku
sing mlaku kudu nggugu
sing anunggang montor ja mbebuang sanggon-nggon
ngurmata sungkana nang tandang pasukan kuning
nadyanta ora menging
pakaryan kang mulya mula padha sabiantua
éling kebersihan dadi warga kang resikan
resik nyata becik saya nyengguh kesarasan
aja mung waton bisa mbebuang regetan turahan
nadyan amung dluwang  ra patut disawang
sanyata larahan tegesan ra karuan
ing tengahing kutha njaba kutha nganti ndesa
sing padha tumata larahané wadhahana
ja mbuang ana kali
banyu ora mili larahan ngebaki kali
mili ora lintir tundhoné wis mesthi banjir
mula dha élinga kebersihan budayakna
Musik: Campur Sari Gunung Kidul (CSGK)
Arr.: Manthous

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator