Friday, May 11, 2018

Lir-ilir - Apri & Mimin





Tembang sing iki ncèn nyiamleng tenan. Kèlingan dhèk jaman isih digéndhong trus diléla-léla nang pinggir sawah! Waaa... 😁✨

https://youtu.be/_iBaRMh9lyU

Lir ilir, tanduré wus sumilir 
Tak ijo royo-royo Tak sengguh temantèn anyar 
Bocah angon pènèkna blimbing kuwi 
Lunyu lunyu pènèkna kanggo mbasuh dodotira 
Dodotira kumitir bedhah ing pinggir 
Domana jrumatana kanggo séba mengko soré 
Mumpung gedhé rembulané 
Mumpung jembar kalangané 
Gya suraka surak hayu 

 #lirilir #lir_ilir #ilirilir #ilir_ilir #bocahangon #cahangon

Monday, January 22, 2018

Lunging Gadhung - Céngkok Goro-goro - Ki Hadi Sugito







Lunging gadhung rumambat ing kambil gadhing.

Manuk podhang méncok ing papah gedhang

sarwi nucuk wohing klédhung.

Nyai randha anèng sendhang

mèdhak-mèdhèk ngumbah gadhung.

Kyai dhudha nyangking bendho

anutuh kayu bendha.

Jroning gedhong ana éndhang

angroncé sekar srigadhing



Yung... Biyung... nyoh putramu mongen, Biyung.


Advertising free mortgage calculator