Kanggone bayi paling marahi mencret! Welha...! Mencrete bayi ki wis marahi bingunge wong tuwa jare! Apa maneh sing jenenge bayi udakara umur 1th durung bisa celathu apa maneh nyritaake kahanane awake. Popoke teles wae isane mung oak-oek nangis.
Aku dhewe durung duwe momongan. Kancaku tunggal saomah petak duwe bayi durung ana setahun, nanging wis disapih merga ora doyan mimik ASI ibune. Dadine ya melu dheg-dhegan. Sanadyan ana cara supaya bacteri iku kanetralisir kanthi digodhog ing suhu 70 derajat Celcius sawetara suwe, nanging ya tetep wae kuwatir.

Jarene mbokku, biyen anane ya mung ASI kanggo mimiki aku: murah, praktis tur mesthi digawa nang ngendi wae. Kaya "termos ajaib"! Hehehe... hasile, jos! Nyatane aku saiki isa gawe blog kaya ngene! Hihihi... ASI kan jelas-jelas organik, tanpa bahan kimia lan bahan pengawet liyane toh? Dadi sehat lan penuh kandungan nutrisi sing ora ana tandhinge! Tur maneh, dadi katon mesra antarane ibu lan putra, iki nutrisi batin sing ora bakal diwenehake dening susu formula apa wae. Kaendahane dadi jejering ibu katon banget rikala neteki putrane. Mulane, bebine dimimiki ASI wae, gratis! Tinimbang disusoni sapi, tur larang? Lha!
Ngapa ya, kok ibu-ibu mudha saiki luwih dhemen marang susu formula kanggo putra-putrine? Maneka warna sebabe: ASI-ne ora metu, bayine ora doyan, utawa si ibu isin kasawang dening wong liya (mundhak diarani pornografi!), lsp. Byuuuuuh... Mesthi ana sebab sing maton kanggo ibu siji lan sijine.
Mangga prayoga digatekake.... ***
bab ASI aku mathuk thok. amarga anakku wedok mbiyen ya dimimiki ASI eksklusif 6 wulan, nyata ora lara-laranen lan luwih akeh polahe tinimbang bayi liya sing dimimiki susu bleg.
ReplyDeletetulisane kepenak diwaca ;)
Hehehe...jelas mathuk! Wong ASI ki paringane Gusti jeee. Matur nuwun rawuh lan paring komentar maneh.
ReplyDeleteMugi kulawarga sehat kabeh!
betul suratul mas,
ReplyDeleteaku tau maca slogan neng rs harapan kita jakarta:
"susu ibu untuk anak orang, susu sapi untuk anak sapi"
suwun.