
Aksi protes marang filem iku lan ancaman mati kanggo Geert Wilders pating saruwe ing negara-negara mayoritas Muslim. Ora keri wong-wong Indonesia, klebu para alim-ulama lintas agama nolak filem sing ditengarani bisa nyulet derdah lan ngadu-adu antaraning umat beragama. Dina iki ing koran dikandhakake, sing sapa nyebarake filem "Fitna" iku bakal bisa kajiret ing ukuman.

Jujur, aku mual rikala aku nonton filem Fitna iku ing YouTube! Anggonku mual merga emosiku campuradhuk, antarane kepancing (terprovokasi) dening fakta-fakta sing (kaimpun lan) dituduhake ing kono karo rumangsa sedhih merga nggetunake sumebare filem iku marang sapa wae sing bisa ngakses nanging ora bisa meper emosine nganggo ati sing wening. Ora maidu yen filem iku entuk reaksi keras. Sajake yen filem iku kanggo provokasi, sukses! Kelompok-kelompok sing gampang diadu mesthi wae ora bakal kelangan grubyuk!
Tuwuh pitakonan ing atiku: Gusti Allah sing "kayangapa" toh, sing saiki dak imani, dak sembah, dak pepuji, dak mulyakake lan dak wartaake? Panglimbangku: Rikala agama-agama malah padha regejegan rebut balung tanpa isi, kepara malah nganggo korban jiwaning pepadha, ora maidu yen akeh sing njur padha ora precaya marang agama apa wae! Wong-wong kaya ngono ora marem mung oleh katerangan menawa kabeh agama iku padha wae! Percaya karo Gusti Allah, nanging ora precaya marang agama!
Pandongaku: Dhuh Gusti, nyuwun pangapunten Dalem dhateng sakathahing lepat kawula, kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin.
Kapan atiku bisa bungah lan ayem, yen nyipati lelakon sing mahanani bubrahing kamanungsan? ***
Mas Kandar,
ReplyDeletePercaya opo ora, 2 / 3 hari terakhir ini blog anda di brangus ?
Apa ini gara2 fitna yang anda komentari yah ?
Otto
Mosok sih, Mas Otto? Panjenengan priksa seka ngendi je? Aku malah ora nggatekake...
ReplyDeleteNing yen dibrangus merga ngomentari filem "Fitna", hehehe... ya uelok tenan! Wong komentare wae mung kaya ngono. Lehe komentar w wis ngati-ati byanget...
Ah, mendhing ngrungokake wayang maneeeh...
Tengkyuuuu... sampun komentar ing mriki lan ing WordPress