
Para kadang, iki salah sijining foto sing dak upload ing EyeFetch.com. Priyayi sing kafoto iki sejatine lagi maragaake "Cucuk Lampah" rikala putrine boss-ku dadi manten tanggal 21 Juni 2008 kepungkur. Katon gagah lan merbawani kaya ing kethoprak! Hahaha... Yen longgar lan kepingin mriksani foto-foto liyane, mangga kaaturan rawuh ing EyeFetch.com. Sokur-sokur maringi komentar. Komentar ing kene uga kasumanggaake.
Wonten ingkang ngersaaken kula jepret? Hehehe... [skd]
Ingkang pantes lan luwes ngagem beskap priyayine kudu pidekso lan ora lemu banget, yen sing kuru-kuru model kados mbah Suro babar blas mboten pantes, mulane wedi dijepret...
ReplyDeleteHahaha...kados kula ugi, Mbah! Kula pawakanipun kuru..paling-paling yen beskapan njih namung kados foto ing sidebar punika. Kuwi we kudu rinengga eseman! Hehehe...
ReplyDeleteWah, matur nuwun rawuh mriki malih...