Nanging kuwi biyen.....
Yen saiki aku dikon maca buku aksara Jawa maneh, hihihi... mesthi nunak-nunuk! Dak kira ora mung aku sing nunak-nunuk - iku wae isih mendhing - akeh sedulur (perangan gedhe, meh kabeh?) yen nyipati tulisan pating kluwer iku wae wis ora mudheng. Bener?
Ora maidu, jalaran aksara Jawa wis ora dianggo ing salumrahe tulisan jaman iki. Yen isih, iku mung ana ing kitab-kitab, literatur-literatur utawa kasusastran kuna lan prasasti. Yen nang kutha Ngayogyakarta isih lumayan kanggo nuduhake jeneng dalan! Aksara Jawa sithik mbaka sethithik mlebu ing kothak sejarah.... Aksara Jawa dadi kagunan (kabudayan) sing anane ora ing caturan saben dina, nanging ing donyaning seni: dadi tulisan ing souvenir, kaos lan pernak-pernik liyane sing gegayutan karo citarasane wong Jawa. Cekake, aksara Jawa wus mlebu ing gedhong pusakane wong Jawa sing kalamangsane dibukak, diudhari, dielus-elus nganti resik, dijamasi, syukur-syukur didudut wedharan falsafahe sing adiluhung, banjur dilebokake maneh ing gedhong...
Aksara lan basa Jawa dianggep malah ngengel-ngel komunikasi. Arep ngomong wae ndadak mikir dhobel-dhobel! Marga ketungkul mikir tatabahasa lan kosakatane, wosing rembug sing arep diomongake malah lali.....
Yen mung ndulu marang gagasan praktis, saperangan lan apa prelune, aksara lan basa Jawa ing jaman saiki pancen dadi ora populer. Pranatane luwih komplek tinimbang basa Indonesia utawa Inggris.
Dak akoni, ing urip saben dina aku arang nganggo basa Jawa sing genep. Apa maneh ing pertemuan resmi. Nanging pengalamanku nggegulang lan digegulang marang olah basa Jawa ndadekake aku luwih nggenah lan ngati-ati anggone mapanake awak ing madyaning pasrawungan agung.
Odysseus (tokoh epik Yunani) ngendika marang Telemachus putrane, "Ngger, nesu iku gampang! Nanging nesu marang wong sing samesthine, kanthi pawadan sing bener, cara sing pener, ing papan lan wektu kang trep, iku ora gampang! Lan iku sing bakal ndadekake sliramu nduweni martabating manungsa sing wicaksana!"
Sanadyan aku bocah Jawa, aku bisa sarujuk lan gampang nampa kawicaksanane wong sabrang iku! [skd]
Website sing patut dirawuhi: Situs Resmi Aksara Jawa | Languages of The World | BornJavanese's Links
hahaha
ReplyDeleteSaya baru sadar, ternyata Panjenengan 100% bener.
Tadinya saya mau kasih komentar pake bahasa jawa tapi... zzzzuzzyaahhh!
Salut untuk Anda.
Hahahaha... lak temenan!
ReplyDeleteJujur saja, untuk mencari rekaman keroncong jawa, gending jawa dan wayang kulit, selain disini, harus mencari di blog Jepang, Belanda dan Perancis, jadi apakah mungkin generasi mendatang bila ingin mempelajari bahasa kita sendiri harus keluar negeri?
ReplyDeleteJujur saja walau saya ngaku Simbah, ternyata saya tidak pandai bahasa Jawa. Mas! Anak lanang wis pinter apa?
ReplyDeleteUpami kula rumiyin (taksih sekolah ing SD lan SMP), uger badhe wiwit wulangan basa Jawa, langsung mumet yen dumugi huruf Jawa. Cleng...cleng! Yen ujian, boten nate pikantuk sae. Punika sampun kula rewangi nurun rencang sanes! Sapunika? Tansaya bubarrr....!
ReplyDelete(Wah...nemu blog Panjenengan iki, aku sejatine banjur bisa latihan nggawe ukara Jawa lho Mas) Ngaras-ngirus sinau maneh.
@Abilowo: ...semoga tidak sampai terjadi seperti itu, Mas! Apa kata dunia?!
ReplyDelete@Mbah Suro: Hehehe...boten kedah "pandai", Mbah. Nanging saged... hehehe.
Anak lanang sampun saged mesam-mesem, ngguyu lan tanggap ing pangliling. Saya tembem je... ngentutan barang! Hahaha... Pangestunipun kemawon, Mbah Suro.
@Aku-Peziarah: Hihihi... jebul... Syukur yen lajeng kakethik malih. Eh, ing Multiply kathah kanca, lho! Gadhahan kula ing mriki: [KLIK].
Lha...
ReplyDeleteBlog kados punika ingkang sampun dangu kula goleki.
Nggih, mugi-mugi tiyang jawi mboten lali kaliyan jawinipun.
Nuwun.
Menawi panjenengan ingkang dedalem wonten tlatah Surakarta Hadiningrat saha tlatah Ngayojakarta Hadingrat ngawuningani kawontenan ingkang kados makaten. Punapa malih kula ingkang saking tlatah pesisiran , sangsaya anglangut nyamut-nyamut. Lan menawi wonten dhanganing panggalih, katuran pinarak wonten rompok kula.
ReplyDeletemas kandar....menawi wonten kidungan dandanggula nopo pangkur dipun upload wonten mriki. kulo browsing kok boten wonten nggih. sakderengipun maturnuwun.
ReplyDeletenuwun
budi sleman
@OTODA: sampun wonten kok, Mas, sawetawis. Dipun ketik kemawon Dhandhang gula ing nginggil punika... utawi ugi wonten ing mriki.
ReplyDeleteMatur nuwun, Mas, sampun kersa rawuh mriki. (``,)