Lingsir wengi pancen sok dadi wektu sing becik kanggo menepake urip, apa maneh yen winengku ing sembahyang. Lingsir wengi dadi wektune nenepi, muja semedi lan ngaturake urip marang Gusti kang akarya gesang. Ing kono manungsa bisa katon kamulyan lan kaluhurane marga ana ing marganing kasucian, cinaketan mring Gusti.
Mendah begjane sapa wae sing bisa nduweni wektu wening iku, uripe bakal tumata lan ora nubras-nubras tanpa dhedhasar. Awit kang tumanduk ing wektu iku ora mung pikire dhewe, nanging uga Sabdaning Hyang Manon lumantar Kitab Suci kang kaagem, lan lumantar pengalamaning urip sing dititeni saben dina. Wektu wening iku wektu kanggo niti, niteni abang-ijone urip lan ala becike lelakon. Yen datan duwe wektu wening, tangeh lamun kautamaning urip bisa kagayuh, dibundheli, kaagem lan kawarataake marang pepadha.
Wektu wening - kapan wae bisa kacipta - bisa dadi wektuning manungsa mertanggungjawabake uripe marang pribadine, ing ngarsaning Pangeran lan marang pepadha. [skd]
Nyipta alame dhewe2 kanthi sumarah marang Gusti, supaya Gusti paring panglipur nalika manungsa nembe nandhang kasusahan.
ReplyDeleteAtur panuwun marang Gusti bilih ing wektu iki, manungsa isih kaparengake urip ing jagad kang gemah ripah loh jinawi.
Ananging yogene, manungsa isih mburu hawa nepsu lan maraake jagad dadi nggegirisi?
Wening, bersyukur lan niti lelakoning urip pas banget kanggo persiapan Paskah. Selamat berpuasa dan pantang, Berkah dalem Gusti.
ReplyDeletewah kula kepengin sanget saged nulis ngangge basa Jawa kados Mas Kandar menika
ReplyDeletembokbilih kedah dipunmulai ajar-ajar nggih Mas
sinau riyin saking seratan njenengan menika