
Sing marahi gawe prihatine awake dhewe kabeh yaiku rikala ngerti menawa salah sijine pelaku bom bunuh diri iku Dani Dwi Permana, bocah tanggung umur 19 tahun, sing ora kanyana babar blas dening kulawarga lan tangga teparone. Jaringan teroris migunaake bocah sing isih labil pangolahing rasa lan kadiwasane, dipikut srana doktrin-doktrin sing katone nengsemake nanging nasar saka laku agama sing bener! Saka bab iki, bola-bali kudu dielingake menawa kukuhing kulawarga iku penting banget kanggo mekare kapribadene bocah-bocah.
Ana prakara siji maneh sing mbok menawa tumrape khalayak umum ora pati digagas, yaiku bab Ibrohim sing nyata-nyata gedhe banget perane ing prastawa bom bunuh diri iku. Sing marahi aku nebah dhadha: asmane Nabi Agung Ibrahim wus kapacak dadi jenenge pawongan sing jebule teroris! Apa Mas Ibrohim iku ora mangerti, kenangapa kok diparingi pusaka asma nyilih asmane Nabi Ibrahim? "Ibrahim" utawa "Abraham" iku nduweni werdi "bapane wong-wong sing pitaya". Yen Mas Ibrohim ngerti werdine, lha kok teka-tekane dadi kaya ngono?! Kamangka, rama-ibune Mas Ibrohim mesthi kagungan kekudangan sing becik srana nyilih asmane Nabi Ibrahim kaparingake marang putrane iku. Awit, "nama iku kinarya japa", jeneng iku ngemu dedonga....
Dadi saka pangrasaku, sadurunge ana lelakon teror bom ing Mega Kuningan iku, sejatine wus ana lelakon teror sing ngrusak marang pangerti sing pener mungguhing werdining jeneng, kepara malah teror marang donga sing rina-wengi kasandhang dening anaking manungsa sing pinaringan tetenger "Ibrohim" iku!Aaaaah... aku isih tebah-tebah dhadha, karo mbayangake bingunge bocah-bocah cilik sing menangi lelakon iki. "Anak-anak, Ibrahim itu siapa?" pitakone guru agama. "Teroris...!!!" saruwene bocah-bocah.
Astagfirullah...!!! [skd]
Asmane Bapa Ibrahim wis katutan ala yo mas?
ReplyDeleteLha ya iku, Mas... sing marahi prihatin.
ReplyDelete