Malem Tahun Baru 2010 swasanané kaya perang! Jalaran akèh kembang api padha disumet lan mbledhos ing angkasa mantheraké cahya warna-warni nganthi swara dhar-dher-dhor-jleguuuur... Mbuh pirang yuta rupiah sing wis diblanjaaké dening sedulur-sedulur kang nyumet kembang api iku, daya-daya kepingin ngriyayaaké gantiné tahun. Kemareman pancèn larang regané... (``,).
Aku celathu marang tangga teparo sing bareng-bareng melu nonton gumun lan melu seneng merga gratis, "Lha, lak ora ana bedané toh, tahun lawas karo tahun anyar?! Ning merga 'kesepakatan' menawa saiki tahune wus ganti, ya melu seneng ngriyayaaké. Pangajabé, muga-muga tahun anyar iki anganthi semangat urip sing anyar lan luwih apik."
SUGENG WARSA ÉNGGAL 2010!
Sawetara nonton kembang api, aku nyambi ngonvèrsi kasèt uyon-uyon dadi MP3. Bareng rampung, dak edhit supaya luwih alus, trus dak unggahake supaya bisa diwarataaké marang para kadang sing ngersaaké. Mula iki dak aturaké koleksiné
Nyi Tjondrolukito, Palaran Wolak-walik, karawitan
Ngèsthi Budoyo pimpinané
Ki Tjondrolukito. Muga-muga migunani.
[skd]01 - Ayak-ayakan playon kalajengaken Palaran Dhandhanggula Sl 9.mp302 - Gendhing Jatiningsih dhawah Ladrang Jatiningsih - playon Sirep Palaran Dhandhanggula Kanyut Pl Bem.mp3
Perkawis pahargyan malem warso enggal menawi kulo koq mboten pati sarujug ngantos kados mekaten... pinten milyard arto dipun besem kagem kembang api niku, mas??? mbok kagem kulo malah migunani... wkwkwkkkkkkkk....
ReplyDeletewelha malah "nemu" Nyi Tjondro iki, matur nuwun nggih mas..
ReplyDeleteNice blog!
ReplyDeletebeautiful blog
ReplyDeletemtrnwn sampun diparingi link kngge download
ReplyDeleteMas Kandar, edit MP3 meniko ngangge software nopo nggih?
ReplyDelete