Mula minangka atur panuwun, iki dak aturaké MP3 Mijil Kethoprak, kasambung Palaran Dhandhang Gula marang para sutresna. Sapérangan seratan tembangé dak tulis kanggo cathetan, mbokmenawa ana sing ngersaaké. Manggaaaa.... dipun rahabi. [skd]
MIJIL KETHOPRAK
Dhuh biyung emban, wayah apa iki?
Rembulan wis ngayom,
anggegana prang abyor lintangé.
Titi sonya, puspita kasilir,
maruta wis kingis, sumrik gandanya rum.
Kados Gusti, sampun tengah ratri,
pangintening batos.
Iya kok durung rawuh mréné,
Gusti kakung, ratuné wong sigit.
Apa cidrèng janji, dora mring wak ingsun.
DHANDHANGGULA LIK SULING Pl.6
Ayo rowang angayahi kardi.
Nora kendhat pambangunan désa.
Binudi murih beciké,
supaya tansah maju,
ngupakara karang lan kitri,
guyub rukun tumandang,
asengkut gumregut,
temah dadya tata harja,
handayani murah sandhang pangan yekti,
jro kutha desa-desa.
Download (cut version): Mijil Kethoprak - Palaran Dhandhang Gula Lik Suling Pl6
Utawa: Mijil Kethoprak - Palaran Dhandhang Gula.mp3
Versi wutuh: Klenengan Mat-matan.mp3