Nglilir-nglilir jebul wis gagat rahina, aku kebablasen! Gregah tangi turu, ngogrek-ogrek Bapak karo rada dhongkol, meksa Bapak kudu ngeterake aku nonton wayang. Pangarep-arepku mbokmenawa isih komanan perang. Bapak ora kersa. Aku nangis gulung-gulung karo muring-muring. Sidane Bapak terus nyandhak sepeda onthel mboncengake aku mangkat menyang nggone sing nanggap wayang. Esuk iku isih grimis. Ning pokoke mangkat.
Seka kadohan pancen wayange isih ngungkung. Surake penonton lan gumyahing gamelan isih keprungu. Atiku silak kemecer kepingin enggal tekan. Bapak anggone ngonthel pit rada banter. Grimis lan lunyune dalan ora digubris. Nanging saking lunyune, aku sakloron malah kepleset, gubraaaak! Aku karo Bapak glangsaran nang pinggir dalan, gluput kena lemah teles. Ewa semono aku tetep nguyak kudu nerusake laku.
Esuk iku nasibku pancen lagi apes! Tekan nggone, mung kari komanan kalahe Bethara Guru mungsuh Ki Lurah Semar, sing banjur diterusake Tancep Kayon! Getunkuuuuu.... Mangkelkuuuuuu... tekan ubun-ubun! Menyang mulih karo mbrambangi. Tekan ngomah aku nesu, ngambeg sedina! ***
Dak akoni, sing marahi aku seneng karo wayang kulit ora liya kajaba Ki Hadi Sugito sing anggone nyanggit marakake gampang ditampa dening sapa bae. Ing atase aku cah cilik bae isa dadi kepranan. Suwarane gandem, antawacanane titis, antarane tokoh siji lan sijine katon urip. Ora nonton langsung wae, pamiarsa isa kagawa ing imaginasi donyaning pewayangan. Alur critane gampang ditutake tanpa kelangan enggok. Lan sing ora bakal dilalekae: dhagelane. Gaya dhagelane Pak Gito iku khas: mesthi ngangkat peristiwa urip padinan sing prasaja; wiwit seka sandal Lily, peci, kacamata, sarung, bakul kambil, tela munthul, ndhog bebek enthit-enthitan... sasat kabeh ora kliwatan dening kawigatene Pak Gito. Dhagelan sing kawetu ing bagian ngarep, isih nyambung ing adhegan buri. Pak Gito pancen dhalang sing dak anggep cerdas nanging prasaja.
Rikala tahun 1995 televisi Indosiar dadi pioner anggone nayangake wayang kulit ing televisi saben malem Minggu. Dhalang-dhalang siji mbaka siji tampil, klebu dhalang sing ora pati terkenal barang. Wektu iku ana jargon, wayang iku dadi tontonan lan uga tuntunan. Nanging, ranah hiburan sajake luwih dikatonake: jatah wektu kanggo Limbukan lan Gara-gara luwih akeh tinimbang liyane. Artis-artis padha dilibatake. Unggah-ungguhing pakeliran sok ora digatekake, ngalahi marang eksperimen supaya wayang disenengi dening kawula mudha lan kabeh kalangan, klebu saliyane wong Jawa. Alur crita dadi kasigeg lan kadhangkala sok "njeglek".
Ki Hadi Sugito ora kersa keli marang kahanan iku. Unggah-ungguhing pakeliran isih dicekeli kenceng. Filosopi wayang uga isih diugemi. Mula Pak Gito wektu iku anggone mayang ing televisi isa dietung jenthik.
Saiki, Pak Gito wis tutup yuswa. Dina Rebo, 9 Januari 2008 wingi piyambake wis dipundhut Gusti lantaran gerah. Para pandhemen lan kalangan pedhalangan mesthi bae rumangsa kelangan. Donyaning seni wus kelangan siji maneh pelaku budaya sing mumpuni. Muga-muga Gusti Kang Akarya Jagad nampa Pak Gito ing alaming kaswargan, lan paring berkah marang sapa bae sing dadi penerus nguri-nguri kabudayan Jawa sing adiluhung iki. ***
Links about Ki Hadi Sugito:
This comment has been removed by the author.
ReplyDeleteMas Kandar, ndherek biyoworo, sampun sumadiyo video wayang kulit wonten ing youtube.com, kanthi cariyos Wahyu Ekajati jangkep ( wonten 35 seri video). Alamat website lengkapipun : http://www.youtube.com/pajecko , Maturnuwun, lan sugeng mriksani kagem sedoyo mawon poro pandhemen
ReplyDelete