Mula saka iku, aku mindhah file-file MP3 wayange, dak upload ing 4Shared sing luwih gampang, cepet, tur ora aeng-aeng nganggo kenya-kenya sing marahi flu-burung! Tekan wektu iki (15 Mei 2008) kabeh lakon sing kasebut ing ngisor iki bisa didownload liwat 4Shared:
- Anoman Takon Swarga
- Antareja Mbalela
- Baladewa Mandira
- Kresna Duta
- Kresna Duta (Ki Timbul Hadiprajitna)
- Petruk Dhukun
- Semar Mbangun Kahyangan
- Suryatmaja Maling
- Ujung Sengara
- Wahyu Slaga Hima
- Wisanggeni Gugat
Wah jos sanget meniko kangmas Kandar. Senadyan to ulun mboya biso ngunduh seko ngomah, jalaran akses jaringan menyang situs-situs filesharing dipun blok, ananging taksih saget ngunduh saking fakultas kanthi sekeco. Maturnuwun sanget kangmas.
ReplyDeleteMaturnuwun Mas Kandar, saestu langkung sekeco meniko. O njih sakderengipun kulo sampun nate ngirim komentar wonten ngandhapipun papan download Lakon Wahyu Slogo Hima, kenalanipun sampun wonten mriku njih Mas.
ReplyDeleteO njih dipun tambahi, kulo aslinipun saking Kenteng Ngangrung, tlatah Sentolo, sakwetanipun Kitho Wates. Sampun dangu kapacak dados tiyang Serpong, Tangerang kaliyan Gusti ingkang Moho Agung ...
Salam
http://pajecko.blogspot.com