Pirang-pirang dina iki pawarta-pawarta ing televisi kerep nayangake anane filem sing marahi geger. Judhule
"Fitna", garapane anggota parlemen Belanda
Geert Wilders. Tanggal 27 Maret 2008 wingi filem kasebut di-upload ing internet ing situs
Liveleak, salah sawijining situs video sharing kang mapan ing negara Inggris, kanthi versi bahasa Inggris lan Belanda. Nanging ing dina candhake banjur
diilangake maneh merga mbebayani tumrap pengelolane, sanadyan ing 30 Maret banjur di-
restore maneh sawuse dianake peningkatan pengamanan. Mangkono ujare Wikipedia.
Aksi protes marang filem iku lan ancaman mati kanggo Geert Wilders pating saruwe ing negara-negara mayoritas Muslim. Ora keri wong-wong Indonesia, klebu para alim-ulama lintas agama nolak filem sing ditengarani bisa nyulet derdah lan ngadu-adu antaraning umat beragama. Dina iki ing koran dikandhakake, sing sapa nyebarake filem "Fitna" iku bakal bisa kajiret ing ukuman.
Kaya biasane, saya dilarang malah saya digoleki! Durung suwe kaangkat ing internet, filem iku langsung oleh pamirsa
(viewer) sing akeh. Coba wae tumujua ing situs YouTube! Aku mau uga nyoba
browsing mrana, penasaran kepingin weruh kaya apa filem iku.... URL sing ngemot videone ora bisa langsung dibukak, kudu
login dhisik nganggo akun YouTube, awit wus akeh sing menehi tandha gendera
(flag) marang URL-URL sing ana sesambungane karo filem Fitna. Komentar-komentar ing sangisore video isa ditebak, rame lan panas!
Jujur, aku mual rikala aku nonton filem Fitna iku ing YouTube! Anggonku mual merga emosiku campuradhuk, antarane kepancing (terprovokasi) dening fakta-fakta sing (kaimpun lan) dituduhake ing kono karo rumangsa sedhih merga nggetunake sumebare filem iku marang sapa wae sing bisa ngakses nanging ora bisa meper emosine nganggo ati sing wening. Ora maidu yen filem iku entuk reaksi keras. Sajake yen filem iku kanggo provokasi, sukses! Kelompok-kelompok sing gampang diadu mesthi wae ora bakal kelangan grubyuk!
Tuwuh pitakonan ing atiku: Gusti Allah sing "kayangapa" toh, sing saiki dak imani, dak sembah, dak pepuji, dak mulyakake lan dak wartaake?
Panglimbangku: Rikala agama-agama malah padha regejegan rebut balung tanpa isi, kepara malah nganggo korban jiwaning pepadha, ora maidu yen akeh sing njur padha ora precaya marang agama apa wae! Wong-wong kaya ngono ora marem mung oleh katerangan menawa kabeh agama iku padha wae! Percaya karo Gusti Allah, nanging ora precaya marang agama!
Pandongaku: Dhuh Gusti, nyuwun pangapunten Dalem dhateng sakathahing lepat kawula, kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin.
Kapan atiku bisa bungah lan ayem, yen nyipati lelakon sing mahanani bubrahing kamanungsan?
***