Jumat, Desember 21, 2007

Dhandhanggula Sida Asih - Natal

Ing sasi Desember tahun 2000 kepungkur aku gawe sapupuh tembang Dhandhanggula Sida Asih. Marga wektu iku akeh daerah ing Indonesia sing ketaman banjir lan lemah longsor, surasaning tembang kepingin atur panglimbang lan pandonga. Muga-muga wae, ing wektu saiki panglimbang lan pandonga iku isih relevan, lan bisa nuwuhake kekuwataning iman lan pangarep-arep tumraping para sanak kadang kabeh, luwih-luwih sing lagi padha ngriyayakake Natalan:

Pamuji mba, dhuh Hyang Agung Gusti
wit Putran-ta wus tedhak manjalma
ringkih njalmi pindha lare
ing bumi kebak sandhung.
Mala reretu den priksani
banjir warih bebandhang
damel siti jugrug.
Jugruging ati pra jalma
kang anilar katresnan lan sipat adil.
Nging mba tetep pracaya
Hamba memuji-Mu, ya Allah Mahaagung / karena Putra-Mu telah turun menjelma / dalam kerapuhan sesosok bayi / di bumi yang penuh kesulitan / Lihatlah musibah-musibah kami / air bah dan angin topan / menjadikan tanah longsor / Pertanda robohnya hati manusia / yang meninggalkan kasih dan keadilan / Tetapi hamba-Mu tetap percaya…

Sugeng Natal 2007 & Warsa Enggal 2008! ***

Senin, Desember 17, 2007

Photone Bapak lan Mamakku "Smiley"!



Ndhuwur iku photone Mamak karo Bapakku rikala aku dadi manten tanggal 09 Desember 2007 kapungkur. Aku seneng nyawang photo iku. Ya mung iku photo sing ngatonake pasuryane Bapak lan Mamak katon sumringah. Liyane mung katon dhatar wae, kepara malah ngatonake ulat sing ora bungah, sajak prihatin, mrihatinake anake pambarep sing "prodigal", aku sing mrusal lan wis gawe kuciwane brayat.

Sanadyan aku babar blas ora duwe sedya nguciwakake wong tuwaku munggahe para sanak sedulurku, ananging iku sing kelakon. Jalarane pancen rada angel tinampa dening sapa wae sing mangerti, sapa ta aku iki. Mula saka iku, sabubare anggone duwe gawe mantu, sadurunge aku budhal maneh menyang Jakarta, aku sakloron karo bojoku mijekake wektu ngadhep Bapak-Mamak lan pasrah kaluputan karo njaluk pangapura. Kepriyea wae aku wus nindakake kaluputan, ya mungguhing kulawarga lan mungguhing pasamuwan suci greja Katolik.

Sumedhot rasaning atiku, Bapak lan Mamak jembar segarane. Bapak ngendika, "Kanggoku, anakku ora luput. Awit, kepriyea wae sing jenenge anak iku isih daging lan getihe wong tuwa. Sing wis kelakon wis dak pasrahake Gusti. Wingi ana ing sembahyanganku aku mung matur kaya Ibu Dewi Maria, 'Karsa Dalem kalampahana!' Mung welingku marang kowe sakloron: saiki diwiwiti uripmu sing anyar. Ora mung teori kaya sing wis mbok mangerteni, nanging bener-bener bakal ngalami. Aku nyengkuyung tekadmu anggone bakal tetep nggegulang urip karohanen. Wis, saiki budhala menyang Jakarta. Bapak karo Mamakmu mung bisa nyangoni slamet, ora bisa nyangoni bandha donya. Jaganen adhimu sing ana ing Bekasi. Kowe iku anak barep, dadi sulihe wong tuwa ing kana. Tetep sregep sembahyang!"

Mamak uga nambahi piweling. Mung siji welinge, "Tetepa eling marang wong tuwamu, ya aku lan bapakmu iki!"

Bakda iku, aku disembahyangake lan disuwunake berkah dening Bapak. Ana ing ati aku dadi rumangsa luwih manteb. Tan kendhat aku matur nuwun marang Gusti, dene diparingi wong tuwa kaya Bapak-Mamak. Untung, adhiku sempat njepret Bapak-Mamak sing lagi mesem! Photo ing dhuwur iku isa dadi kanca lan penebar semangat kalane aku urip ing Jakarta. (Matur nuwun ya, Bek!)

Matur nuwun, Gusti! ***


Advertising free mortgage calculator