Monday, May 26, 2008

Wallpaper pilihan

Lambang Kraton Jogja Tugu Jogja
Vishnu - Garuda Wishnu Kencana Garuda Wishnu Kencana

Yen digatekake, wis udakara rong minggunan iki ing side-bar katon ana gambar preview wallpaper pilihan. Gambar iku dak jupukake saka blog-ku sing anyar yaiku Wallpaper 4U. Sedyane aku pancen kepingin bagi-bagi gambar kreasiku dhewe kajaba bagi-bagi MP3 wayang. Sing kapacak iku gambar wallpaper sing kira-kira jumbuh karo semangate blog Born Javanese iki. Ya muga-muga wae para kadang sutresna dadi padha luwih rena penggalihe saben-saben rawuh ing blog iki.

Aku pancen milih wallpaper kanggo media kreasi ing donyaning photography lan graphic designing. Jalaran wallpaper iku paling gampang digawe. Gambar jepretan foto kamera digital saka handphone wae cukup. Wiwit saka sing gampang iki dak kembangake dadi sing kira-kira luwih mbejaji nganggo besutan aplikasi grafis. Aku pancen lagi nyinaoni Adobe Photoshop CS. Mula blog iku dak dadekake bengkel, sisan dene supaya hasile bisa diwarataake marang para sedulur. Mbokmenawa durung pati sip, lha wong isih ajaran!

Aku rumangsa menawa bakat lan hobby fotografi lan design-grafis-ku isih kudu diasah maneh. Kayane durung pe-dhe yen foto-foto hasil jepretanku dijejerake karo foto-foto karyane para sedulur liya sing luwih profesional. Apa maneh nganggo kamera silihan! Hehehe... Mula, kala-kala sing dakaturake dadi wallpaper iku hasil ngreka-reka saka gambar-gambar sing wis kasebar ing internet, dak edit banjur dak bagi ing Wallpaper 4U. Mesthi wae yen gambar iku karyane wong liya aku bakal ngaturi priksa seka ngendi asale. Aku mbudidaya supaya gambar sing dak reka-reka iku (yen awujud foto) hasil jepretanku dhewe.

Mangga... dipun rahabi. [skd]
Wallpaper liyane: Punakawan.

12 comments:

Anonymous said...

Kula undhuh nggih mas wallpaper-ipun

Nanang Suryana said...

Wah bagus2 wallpapernya :)

Anonymous said...

joss tenan mas blog iki...
"wong jowo ojo nganti ilang jowone"

competx shop said...

bisa tolong buatin walpapernya wayang donk!!!!
yang gambarnya kayak segitiga itu lho,yang sering dimain pertama kali sebelum tolkoh-tokoh wayang main.(maaf kurang tahu namanya apa)
maaf juga tidak begitu bisa bhasa jawa.
matur nuwun ingkang sanget.

Unknown said...

Cara nipun download wayang punakawan kok namung semar renacange pundhi

Unknown said...

kawula nyuwun lagu-lagu kelik pelipur lara mbok menawi wonten" matur nyuwun

tampilan web ipun sae, jam niki saget kagem wallpeper mboten punika?

none said...

wah web-ipun gayeng menika...
top!

Priya said...

Mas, Nyuwun Tulung, Kaulo bade nyuwun gambaripun tokoh2 pewayangan, kalehan gambaripun mbak Sundari Soekotjo, mbak Sunyahmi
email kaulo prijanto@ymail.com

esuseno said...

Thanks for MP3 of "WAYANG", Can I get other "LAKON"

Didit said...

mas kandar...lagu dolanane mentok-mentok,kalian cublak-cublak suweng,napa saged dipun unduh,pripun carane......kesuwunn

Kandar Ag. said...

@Mas Didit: Mangga dipun download saking mriki: Ngriyayakake Endahing Rembulan & Lintang

Anonymous said...

Wallpaper keren banget mas hidupkan terus budaya kita Indonesia lewat wallpaper ..........

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator