Friday, November 19, 2010

CSGK - Nglaras Mat-matan

01 - Ijo-ijo.mp3
02 - Puspawarna.mp3
03 - Ela-ela Gandrung - Ngimpi.mp3
04 - Subakastawa.mp3
05 - Ilir-ilir.mp3
06 - Ibu Pertiwi.mp3
07 - Gendhing Larasmoyo.mp3
08 - Sri Narendra.mp3

Wednesday, October 06, 2010

"Ndherek Dewi Maria" - dening Djaduk Ferianto (Lyrics).mp4




File MP3 audio-nipun saged dipun undhuh wonten ing mriki: Djaduk Ferianto - Ndherek Dewi Maria

Sunday, March 07, 2010

Gusti Ora Sare - Jilid 2


Gambar kapal (jaran) sing kasunaran mring hyang bagaskara iku sidané unggul ing jurit! Tumapak amanggut-manggut, nguwuhaké swara sora bungahing nala, awewarta wisiking Hyang Widhi kang wus kagelar ing kasunyatan, "I always have a better plan for your lives than you do." [skd] (``,)

Mangkono aku nulis ing laman profile facebook tanggal 4 Februari 2010 kepungkur. Rikala iku atiku lagi bungah sawusé udakara 2 dina ora bisa turu lan mung mrebes mili merga kena PHK sing tanpa sraba-sraba pawarta dhisik. Sesasi nyambut gawé ora dipétung, temahan ora oleh gaji! “Wis gajian durung, Pa?” mengkono sms-é mbokne Gabrièl pirang-pirang menit sawusé aku ngerti yèn ora nampa gaji. Balungku kaya dilolosi, rasané kaya ilang daya kekuwatanku, njaba-njero.

Tekan ngomah, tinimbang mung ngalamun sing mesthi nambahi ati nggrantes, aku njur nggambar desain sing wektu iku dak leboni. Ndilalah, témané kontès lagi trep marang lelakonku soré iku. Mulané anggonku nggambar all-out saapik-apiké, sewengi natas: Gambar kenya sing lagi numpak jaran, mbregènggèng, pasuryané tumenga mring cahyaning pepadhang sing nyunari lakuné. Si jaran tumapak amanggut-manggut, mlaku alon-alon, satiti murih ora kesandhung. Ing sangisoré gambar kenya dalah jarané iku dak pasangi tulisan sing tegesé: Gusti tansah kagungan rerancangan sing luwih apik tinimbang rerancangané awaké dhéwé mungguhing urip iki!

Mbokmenawa merga kinanthèn laku prihatin sing jero, karo pasrah marang pangreksa Dalem Gusti, desain gambar iku menang ing kontès. Kontèsé kepara malah dirampungi sadurungé wektu sing kagelar entèk! Atiku njerit bungah, trenyuh marang kasunyatan sing diparingaké Gusti marang aku. Bisaku mung muji syukur marang Panjenengané, “Matur sembah nuwun, Gusti!”

Sajroning sesasi, sinambi golèk pènclokan anyar, aku mung nggambar-nggambar desain kanggo melu kontès ing 99designs.com. Hehehe…. Lumayan, wiwit wulan Januari 2010 kepungkur wis menang kaping telu, lan ngolèhaké US $795 sing bisa kanggo tambah-tambah nukokaké susu si Gabrièl karo blanjan ibuné. Gambar jaran iku mau wis nulungi $295 sajroning karibetanku, hehehehe…

Senin, 8 Maret 2010 sésuk aku mlebu ing papan panggawéan anyar pangreksané Gusti Kang Mahatresna…. Pinujia Gusti ing salaminya! Amin. [skd]

Saturday, January 30, 2010

Ora rila ...

"Asyem! Rokok nang cedhak parkiran ngisor kaé regané 11.000 rupiah. Nang warung pinggir dalan sandhing omahku mung 10.000!" ujaré kancaku karo ndèlèhake nasi bungkus titipanku ing méja nalika réhat.

"Ora rila ya, mènèhi rejeki 1000 rupiah marang bakulé rokok? Héhéhé..." tanggapanku.
"Iya jé..."

"Ning paling béda critané yèn sing 11.000 rupiah iku lèhé tuku nang cedhak omahmu kana, ya toh? Mesthi luwih ikhlas..." celathuku.
"Ha'a ki... ngapa ya?" kancaku sajak kagèt karo tanggapanku sing mbokmenawa ora kinira.

"Karang awaké dhéwé wis luwih ngerti bot repoté tangga cedhak tinimbang wong liyan ndrayan, jé... Lha yèn kowé wis kenal cerak karo bakulé rokok ngisor iku, mesthi ya béda manèh critané!"

Kacèk rega 1.000 rupiah, kurang susuk 500 rupiah, lan sapituruté, bisa dadi dadakan émosi, sanadyan mung sak nyuk’an. Pancèn nalar, menawa 1.000 rupiah iku dipingaké 100, 200, 1.000 gunggunge ora cilik manèh. Ning… yèn dipingaké… Lha, yèn durung, dak kira ora patut émosi, cukup kanggo pertimbangan ing ati, nggegulang bab sikap rila lan paseduluran… Sapa ngerti suwéning suwé aku rila ngeculaké dhuwit sing luwih gedhé marang sedulur sing mbutuhaké pitulungan, yèn duwé…. (``,). [skd]

Bonus maos postingan iki:

Mat-matatan CS Sangga Buana vol.1

01 - Jineman Uler Kambang, Lgm Meh Rahino Pl 6.mp3
02 - Asmaradana, Palaran Gambuh Pl Br.mp3
03 - Bw Retna Asmara, Ayun-ayun, Lgm Sidoasih Pl 6.mp3
04 - Pangkur Tanjung Gunung Pl Br.mp3
05 - Mijil Kethoprak Pl 6.mp3

Mat-matatan CS Sangga Buana vol.2

01 - Kutut Manggung, Kudha Nyongklang PlBr.mp3
02 - Sinom, Ijo-ijo PlBr.mp3
03 - Bw Rara Turidha, Pangkur, Pikat Manuk Pl5.mp3
04 - Kinanthi Sandhung Pl6.mp3
05 - Elo-elo Gandrung, Praon Pl5.mp3

Friday, January 01, 2010

Palaran Wolak-walik - Nyi Tjondrolukito

Malem Tahun Baru 2010 swasanané kaya perang! Jalaran akèh kembang api padha disumet lan mbledhos ing angkasa mantheraké cahya warna-warni nganthi swara dhar-dher-dhor-jleguuuur... Mbuh pirang yuta rupiah sing wis diblanjaaké dening sedulur-sedulur kang nyumet kembang api iku, daya-daya kepingin ngriyayaaké gantiné tahun. Kemareman pancèn larang regané... (``,).

Aku celathu marang tangga teparo sing bareng-bareng melu nonton gumun lan melu seneng merga gratis, "Lha, lak ora ana bedané toh, tahun lawas karo tahun anyar?! Ning merga 'kesepakatan' menawa saiki tahune wus ganti, ya melu seneng ngriyayaaké. Pangajabé, muga-muga tahun anyar iki anganthi semangat urip sing anyar lan luwih apik."

SUGENG WARSA ÉNGGAL 2010!


Sawetara nonton kembang api, aku nyambi ngonvèrsi kasèt uyon-uyon dadi MP3. Bareng rampung, dak edhit supaya luwih alus, trus dak unggahake supaya bisa diwarataaké marang para kadang sing ngersaaké. Mula iki dak aturaké koleksiné Nyi Tjondrolukito, Palaran Wolak-walik, karawitan Ngèsthi Budoyo pimpinané Ki Tjondrolukito. Muga-muga migunani. [skd]

01 - Ayak-ayakan playon kalajengaken Palaran Dhandhanggula Sl 9.mp3
02 - Gendhing Jatiningsih dhawah Ladrang Jatiningsih - playon Sirep Palaran Dhandhanggula Kanyut Pl Bem.mp3


Advertising free mortgage calculator