Sunday, August 23, 2009

Seta Gugur - MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

All tracks = 137 MB
Bitrate = 40 Kbps
Duration = 8 hrs


01 - Seta Gugur - 01A.mp3
02 - Seta Gugur - 01B.mp3
03 - Seta Gugur - 02A.mp3
04 - Seta Gugur - 02B.mp3
05 - Seta Gugur - 03A.mp3
06 - Seta Gugur - 03B.mp3
07 - Seta Gugur - 04A.mp3
08 - Seta Gugur - 04B.mp3
09 - Seta Gugur - 05A.mp3
10 - Seta Gugur - 05B.mp3
11 - Seta Gugur - 06A.mp3
12 - Seta Gugur - 06B.mp3
13 - Seta Gugur - 07A.mp3
14 - Seta Gugur - 07B.mp3
15 - Seta Gugur - 08A.mp3
16 - Seta Gugur - 08B.mp3

Friday, August 21, 2009

"Nggandhul gumantung"

Ora krasa jebul sesuk wus ngancik mangsa Pasa tumraping kadang Muslim. Panglimbang apa sing bisa dak aturake minangka pakurmatanku marang wulan suci iki? Sanadyan aku ora ngrasuk agama Islam, nanging saben tekan wulan suci Ramadhan kaya ngene iki aku uga melu ngrasaake, kepara malah ngantu-antu, hawa sing beda yaiku hawaning olah karohanen murih sangsaya diwasa anggone dadi titah lan umat Dalem Gusti. Mula yen saiki aku nyerat bab sing magepokan karo wulan suci Ramadhan iki, ora liya kejaba mung melu nyipta swasana suci iki, utamane kanggoku dhewe supaya bisa mapanake awak kanthi pener ing madyaning pasrawungan agung.

Saben kelingan utawa krungu bab pasa lan olah mesu dhiri liyane, aku mesthi kelingan enthung! Enthung iku dadi peranganing proses metamorfosis, saka wujud "uler" banjur malik grembyang dadi "kupu". Saka polah tingkah lan padatan sing grangsang, kebak nepsu aluamah lan kamurkan, banjur mandheg lan (umume) nggandul gumantung (ana uga sing tumemplok) ing godhong utawa pang, mlebu ing alam sepi, kagedhong kaya bayi, nutup sakabehing panguja hawa nepsu, mung meneng semedi, nganti tekan titi wancine badhar dadi titah anyar: kupu kang endah, duwe swiwi kanggo mabur, lan duwe tlale panggraita sing luwih premati mungguhing kahanan sakiwa tengen; sing maune panggautane ngrusak kanthi mangan godhong, saiki dadi titah sing mbiyantu marang laku gumelaring alam sawegung rikala nesep madu sarining kembang sing saiki dadi panganane.

Nanging, urut-urutan kuwi mau kawiwitan kanthi "mandheg" lan "nggandhul gumantung"!

Dak kira proses iku bisa dadi ngibarat utawa pasemon mungguhing sikape wong sing arep pasa: mandheg saka sakehing panguja hawa nepsu sing nasar, lan nggandhul gumantung marang kersaning Gusti; krenteg utawa tekad sing gumathok kinanthen sikap sing lembah manah lan andhap asor, mbuang panguwuh adigang-adigung-adiguna. Pasa nanging umuk, sombong, ora lembah manah, iku ndadekake pasane mubazir mungguhing olah sikap lan kapribadene minangka umating Gusti! [skd]

Sugeng nindakaken pangibadah pasa, Ramadhan 1430 H.

Monday, August 17, 2009

"Ilir-ilir"











Dina iki genep 5 tahun aku urip ing Jakarta.
Pancen kapinujon pengetan kaping 64 dina kamardikan bangsa kita Indonesia. Muga-muga dina-dina sabanjure bangsane dhewe tansah padhang sumilak, kasinungan mring berkahing Hyang Widhi, makmur ing sandhang lan pangan, ayem tentrem lan adoh ing mala reretu. Mungguhin uripku dhewe, dak kira ora beda panyuwunku.

Mbuh kawisikan angin seka ngendi, aku kok kelingan tetembangan "Ilir-ilir". Mbok menawa merga mau awan nonton lomba 'meniti batang pinang' ing Kalimalang, hehehe... Ning isen-isening tembang iki pancen lagi dadi dedonga sing trep ing kahanan pribadi lan bangsa Indonesia saiki:

Lir-ilir, lir-ilir
tandure wus sumilir
dak ijo royo royo
dak sengguh panganten anyar

Cah angon, cah angon
penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodot ira

Dodot ira, dodot ira
kumitir bedhah ing pinggir
Domana jrumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padhang rembulane
mumpung jembar kalangane

Gya suraka, surak hiyooo...
Dirgahayu Republik Indonesia... MERDIKA! [skd]

Wednesday, August 12, 2009

"Ibrahim", iku asmane Nabi Agung utawa jeneng teroris?

Dina iki kepolisian RI ngumumake hasil identifikasi para jenazah sing gegayutan karo teror bom ing Mega Kuningan 17 Juli 2009 kepungkur. Bareng tekan pengumuman identifikasi jenazah saka Beji, Temanggung, kepolisian meshtekake menawa iku jenazahe Ibrohim, petugas florist ing Hotel The Ritz-Carlton. Sanadyan gembong teroris Noordin M. Top durung klakon karangket, kawiyake Ibrohim minangka 'manager' pengeboman hotel JW. Marriott lan The Ritz-Carlton iku cukup gawe mareme masyarakat. Apese kepolisian RI lumantar Densus 88 wus ngatonake cikat-trengginase anggone tumandang mbrasta para teroris, nglacak para pelaku bom ing hotel loro iku.

Sing marahi gawe prihatine awake dhewe kabeh yaiku rikala ngerti menawa salah sijine pelaku bom bunuh diri iku Dani Dwi Permana, bocah tanggung umur 19 tahun, sing ora kanyana babar blas dening kulawarga lan tangga teparone. Jaringan teroris migunaake bocah sing isih labil pangolahing rasa lan kadiwasane, dipikut srana doktrin-doktrin sing katone nengsemake nanging nasar saka laku agama sing bener! Saka bab iki, bola-bali kudu dielingake menawa kukuhing kulawarga iku penting banget kanggo mekare kapribadene bocah-bocah.

Ana prakara siji maneh sing mbok menawa tumrape khalayak umum ora pati digagas, yaiku bab Ibrohim sing nyata-nyata gedhe banget perane ing prastawa bom bunuh diri iku. Sing marahi aku nebah dhadha: asmane Nabi Agung Ibrahim wus kapacak dadi jenenge pawongan sing jebule teroris! Apa Mas Ibrohim iku ora mangerti, kenangapa kok diparingi pusaka asma nyilih asmane Nabi Ibrahim? "Ibrahim" utawa "Abraham" iku nduweni werdi "bapane wong-wong sing pitaya". Yen Mas Ibrohim ngerti werdine, lha kok teka-tekane dadi kaya ngono?! Kamangka, rama-ibune Mas Ibrohim mesthi kagungan kekudangan sing becik srana nyilih asmane Nabi Ibrahim kaparingake marang putrane iku. Awit, "nama iku kinarya japa", jeneng iku ngemu dedonga....

Dadi saka pangrasaku, sadurunge ana lelakon teror bom ing Mega Kuningan iku, sejatine wus ana lelakon teror sing ngrusak marang pangerti sing pener mungguhing werdining jeneng, kepara malah teror marang donga sing rina-wengi kasandhang dening anaking manungsa sing pinaringan tetenger "Ibrohim" iku!
Aaaaah... aku isih tebah-tebah dhadha, karo mbayangake bingunge bocah-bocah cilik sing menangi lelakon iki. "Anak-anak, Ibrahim itu siapa?" pitakone guru agama. "Teroris...!!!" saruwene bocah-bocah.

Astagfirullah...!!! [skd]

Monday, August 10, 2009

Wadya Gumuruh



Download: Wadya Gumuruh (Klik kanan > "Save Link As...")


Advertising free mortgage calculator