Friday, August 21, 2009

"Nggandhul gumantung"

Ora krasa jebul sesuk wus ngancik mangsa Pasa tumraping kadang Muslim. Panglimbang apa sing bisa dak aturake minangka pakurmatanku marang wulan suci iki? Sanadyan aku ora ngrasuk agama Islam, nanging saben tekan wulan suci Ramadhan kaya ngene iki aku uga melu ngrasaake, kepara malah ngantu-antu, hawa sing beda yaiku hawaning olah karohanen murih sangsaya diwasa anggone dadi titah lan umat Dalem Gusti. Mula yen saiki aku nyerat bab sing magepokan karo wulan suci Ramadhan iki, ora liya kejaba mung melu nyipta swasana suci iki, utamane kanggoku dhewe supaya bisa mapanake awak kanthi pener ing madyaning pasrawungan agung.

Saben kelingan utawa krungu bab pasa lan olah mesu dhiri liyane, aku mesthi kelingan enthung! Enthung iku dadi peranganing proses metamorfosis, saka wujud "uler" banjur malik grembyang dadi "kupu". Saka polah tingkah lan padatan sing grangsang, kebak nepsu aluamah lan kamurkan, banjur mandheg lan (umume) nggandul gumantung (ana uga sing tumemplok) ing godhong utawa pang, mlebu ing alam sepi, kagedhong kaya bayi, nutup sakabehing panguja hawa nepsu, mung meneng semedi, nganti tekan titi wancine badhar dadi titah anyar: kupu kang endah, duwe swiwi kanggo mabur, lan duwe tlale panggraita sing luwih premati mungguhing kahanan sakiwa tengen; sing maune panggautane ngrusak kanthi mangan godhong, saiki dadi titah sing mbiyantu marang laku gumelaring alam sawegung rikala nesep madu sarining kembang sing saiki dadi panganane.

Nanging, urut-urutan kuwi mau kawiwitan kanthi "mandheg" lan "nggandhul gumantung"!

Dak kira proses iku bisa dadi ngibarat utawa pasemon mungguhing sikape wong sing arep pasa: mandheg saka sakehing panguja hawa nepsu sing nasar, lan nggandhul gumantung marang kersaning Gusti; krenteg utawa tekad sing gumathok kinanthen sikap sing lembah manah lan andhap asor, mbuang panguwuh adigang-adigung-adiguna. Pasa nanging umuk, sombong, ora lembah manah, iku ndadekake pasane mubazir mungguhing olah sikap lan kapribadene minangka umating Gusti! [skd]

Sugeng nindakaken pangibadah pasa, Ramadhan 1430 H.

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator