Para kadang sutresna, kanggo selingan download MP3 wayang kulit, iki dak aturi poster anggonku thak-thik dhewe. Gambar asline ukuran 2560*1920. Terus dak edit nganggo Adobe Photoshop CS lan dadine kaya sing kapacak ing dhuwur iku. Yen sinawang durung sip ya dimaklumi bae. Lha wong aku lagi latihan migunaake Photoshop, hehehe...
Critane mangkene: Dina Sabtu, 26 April 2008 kepungkur aku service motor ing kutha Bekasi. Prenahe ing Merdeka Motor Jl. Ir. H. Juanda 157, Bekasi. Sinambi nunggu motorku digarap, aku mlaku-mlaku metu dalan. Jl. Juanda iku sajake yen esuk dadi pasar sayuran. Mula memper yen akeh larahan sayur sing kabuwang turut dalan. Ambune ora karuan, yen wayah udan luwih njenesi. Begjaku, rikala mlaku-mlaku iku ana pemulung sing lagi ngalap barang sing dianggep isih pengaji saka tumpukan larahan sing durung diangkut dening petugas dinas kebersihan. Apa sing ditindakake dening sedulur pemulung iku ndumuk atiku. Begja aku nggawa kamera digital silihan. Jepret! Wektu iku aku durung mikir photone arep dak anggo apa.
Pirang-pirang dina bakda iku saben nyawang photo iku pikiranku kumleyang mrana-mrana ngupadi tema sing bisa kanggo irah-irahan. Maune tau dah wenehi judhul "Mendulang rejeki". Nanging sajake krasa durung pas. Aku kepengin fokus marang sedulur pemulung iku kanthi irah-irahan sing luwih jero surasane. Sawuse nglelimbang nganti lingsir wengi (hehehe...), sidane irah-irahan iku dak ganti dadi "Yang tersingkir, yang berarti". Jreeeeng....!
Sedulur pemulung lan uga larahan ing pinggir dalan iku bisa dadi pihak sing kasingkirake dening sapa bae. Sapa wonge sing kepingin dadi pemulung? Prasasat ora ana sing kepingin. Aku yakin, sedulur sing dak potret iku maune mesthi ya ora tau duwe cita-cita dadi pemulung. Mbuh dadi dokter, guru, tentara, utawa karyawan ing PT. Babar blas ora kepikiran dadi tukang open-open kaya ngono kuwi. Profesi pemulung, wis mesthi disingkirake saka cathetan marga nggambarake drajad sing kurang kajen. Dadi pemulung wis mesthi marga kepepet dening kahanan!
Dak lelimbang apa toh kautamane si pemulung iku? Salah sijine sing bisa nyanthel ing atiku, pemulung biasane setiti. Dheweke bisa nyipati lan ngajeni larahan, uwuh utawa sampah sing kabuwang minangka barang sing isih pengaji lan ngrejekeni! Apa sing wis kasingkirake dening wong liya isih dirumati, kepara didadekake rejeki kanggo nyambung uripe. "Sing kasingkirake, sing pengaji".
Akeh sing padha ora nggagas maneh marang larahan plastik, botol aqua, kertas, wesi lan barang-barang liyane sing wis kabuwang. Kamangka padha ngerti menawa barang-barang iku ora gampang ajur dadi lemah, temahan bisa dadi polusi tanah. Sedulur-sedulur pemulung ngopeni barang-barang mau supaya bisa diolah maneh. Sanadyan ora pati nggagas yen apa sing ditindakake iku uga becik tumraping alam lingkungan, nanging sedulur-sedulur iku pantes oleh kawigaten lan pakurmatan. Muga-muga sikap mangkono iku sing tuwuh ngrembaka ing ati tinimbang rasa cubriya lan sengit marang para sedulur pemulung iku.
Rikala ngupadi irah-irahan kanggo photo iku kaya-kaya aku sinau ngelmu kautaman sing pranyata dak sipati anane ing sedulur pemulung iku. Dheweke mbokmenawa ora ngerti, kepara ora nggagas, nanging aku mbundheli apa sing kapantulake lumantar dheweke. [skd]
No comments:
Post a Comment