Kanthi mencet tautan persis ing ngandhap seratan punika, panjenengan sampun nyengkuyung blog punika. (``,)

online casino bluebook - www.onlinecasinobluebook.com/ voted top online casino review site 2010

Jumat, Oktober 02, 2009

Sarasehan (9) - Ngriyayaaké Atur Panuwun

MANGSA panèn kang diantu-antu wus teka. Dalan ngarep omah saya ramé diliwati wong-wong kang ngusungi pari. Ana sing nyunggi, mikul, nggéndhong utawa numpangaké rit-ritan pari ing sepéda utawa grobak. Saka kadohan wus keprungu swarané wong-wong kang padha gambira ngundhuh asiling tetanèn. Ing wayah soré isih katon sapérangan sedulur tani kang padha menyang sawah nggawa urarampé kanggo upacara wiwitan, mratandhani pambukaning panènan.

Semono uga Bapak, soré iki bakal ngadani upacara wiwitan kaya adat sabené, mung waé wektu iki katon rada mirunggan. Rèhné kang bakal dipanèn sawahé mung mapan ing sabrang dalan ngarep omah iku, mula upacara diadani ing ngisor wit rambutan.

Plataran sangisoring wit rambutan wus digelari klasa dilèmèki képang. Ing tengah-tengah wus dicawisaké ambengan sajèn sing dimasak déning simbok lan mbakayuku wiwit awan mau. Tumpeng kang diubengi gudhangan uga wis cumawis. Ora lali ana ingkung, pélas lilin, sambel geplèng. Katon uga ana janur kang rinoncé kaya wayang ditalèni bareng dadi siji karo sapapah godhong dhadap srep. Ing sacedhaké ana gedhang pirang-pirang lirang, lan mesthi waé saténggok rambutan kang wité ngiyubi latar kuwi.

Sawisé tangga-teparo lan wong-wong liwat sing gelem ngombyongi padha nglumpuk, Bapak banjur wiwit ngujubaké kabèh kang wus digelar. Saka tetembungan ing sembahyangané Bapak, kacetha menawa intining upacara iku atur panuwun marang Gusti kang nitahaké bumi langit lan maringi lemah kang subur, wus kersa ngayomi anggoné padha olah tetanèn kanthi slamet, lan maringi panènan pari kang wus siap dipethik. Ora lali Bapak uga nyuwun supaya mbésuk bisa ngrampungaké wajibing tetanèn bebarengan karo para sedulur kang tansah biyantu, yaiku ngenèni asiling tetanduran kanthi tanpa kena rubéda, lan nyuwun supaya sawahé tetep diparingi subur.

Kabèh kang ngepung ambengan padha ngamini sembahyangan mau lan banjur padha kembul dhahar bebarengan. Déné Bapak nyelakaké masang sesajén ing sawah kang bakal dipanèn, sarta miwiti ngenèni pari kang sepisanan sing bakal disimpen ing senthong ngomah.

Nalika iku aku banjur kèlingan ngendikané Bapak biyèn, “Dadi wong tani mono kudu tansah sumadhia molahi lemah, nenandur, ngrabuk, nyirami, matun, mbrantas ama penyakit… lan kudu sabar telatèn nganti tekan titi wanciné panèn. Mung kanthi mangkono wong tani bisa ngertèni menawa Gusti tansah mbiyantu anggone awaké dhéwé molahi bumi kang wus diparingaké. Ing mangsa panèn, wong tani bisa ngrasaaké kanugrahan Dalem Gusti kanthi wutuh. Pokoké kudu sabar nganti tekan mangsané panèn, supaya bisa nduwèni atur panuwun.”

Éling marang pangandikan iku, ing batin aku mèlu mbangun rasa atur panuwun marang Gusti.

Sore sabubaré upacara wiwitan, Bapak lenggahan ing lincak sangisoré wit rambutan. Ora let suwé wus keprungu manèh tembang Dhandhanggula ‘Kanca Tani’ karemenané Bapak. Swarane soré iku keprungu luwih ngujiwat lan rumesep ing ati. Wit rambutan ing sadhuwuré Bapak tumiyung kena angin soré kang ngganda lendhut, damen lan pari. Katone melu-melu ngemataké tembangané Bapak… [skd]

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar

Komentar paling anyar


Advertising free mortgage calculator