"Para pamiarsa, samangke badhe kita aturaken giaran ringgit wacucal sedalu natas kanthi lampahan Antareja Mbalela dening dhalang Ki Hadi Sugito saking Toyan, Wates, Kulonprogo. Ing pangajab, giaran punika mugi saged dados jampi sayah lan panglipur ing manah. Para kanca ingkang ngayahi jejibahan ing studio ngaturaken sugeng wungon, sugeng midhangetaken ngantos paripurnaning giaran samangke. Sumangga..."
Mangkono iku biasane yen penyiar radio miwiti siaran wayang kulit sawengi natas. Ing tlatah Ngayogyakarta meh saben bengi ana siaran wayang kulit kanthi dhalang ganti-ganti. Umume kawiwitan jam 21.30 WIB nganti tekan byar gagat rahina.
"Wungon" utawa lèk-lèkan - saka tembung "wungu" (Jw. = tangi) utawa "melèk" - mujudake kegiatan sing ngemu pangangkah utawa ujub. Mula sadurunge giaran utawa sasuwene talu (bagean pambuka lakon wayang) sok disebutake ujub-ujub panyuwunan lan atur panuwun saka kadang utawa paguyuban sing ngersaake giaran iku. Umpamane paguyuban Jumat Kliwonan, kadang sing lagi ngudhari nadhar, kagungan gawe supitan, mantenan, slametan 1000 dinan, utawa syukuran sepasaran bayi. Ora keri uga kelompok jaga rondha wilayah RT utawa mung dhapur kelompok jagongan begadhangan. Wungon biasane ditindakake dening bapak-bapak utawa priyayi kasepuhan, sanadyan kadang kanoman uga akeh sing seneng.
Giaran lakon wayang kulit sawengi natas pancen paling trep ngantheni wungon sing samesthine. Iku mau ora uwal saka filosofi pagelaran wayang lan filosofi gendhing magepokan karo laku jantraning uripe manungsa ing donya iki. Pagelaran wayang kulit apese momot 4 perangan baku, yaiku: talu, jejer, lakon, byar.
Talu = saka tembung "anata ulu", tegese nata sing wis-wis. Pengalaman urip sing wis kepungkur digelar-digulung, direfleksi minangka kaca benggala, dipetani lan dibundheli dadi kawicaksanan urip sing anyar. Bab-bab kepungkur, becik lan ala, yen ditata kanthi premati bakal ngatonake lan menehi kawruh kautaman tumrap urip saiki lan samengkone.Gendhing-gendhing iringan sajroning pagelaran wayang kulit duwe laras sing beda-beda gumantung wayahe. Tintingan gendhing dadi pemandhu antawecana (titiwicara miturut tokoh wayang) ki dhalang. Saben karakter tokoh duwe titilaras dhewe-dhewe. Iki ngemu falsafah uga. Yen digatekake, ing perangan goro-goro, sadurunge nembang si punakawan sok celuk-celuk dhisik, "Ning ning ning... na!" Ateges, (w)ening-na cipta-rasa-karsamu supaya bisa nembus kanyataan (wadhag) lumebu ing kasunyatan (langgeng), saka tataran norma-norma fisik marang tataran norma-norma karakter.
Jejer, yaiku sosok-sosok karakter kang mapan dadi peran sing katon ana ing madyaning urip bebarengan.
Lakon = saka tembung "laku". Teka-tekane laku iku lakon sing diparagaake dening pribadi-pribadi kang kajejerake.
Byar, tegese nganti "mak byar", antuk pepadhang. Miturut pakem, lakon wayang kudune digelarake sawengi natas nganti bangun esuk wayahe sang surya mlethek ing brang wetan madhangi jagad. Wungon samesthine ngolehake pepadhang tumraping cipta-rasa-karsaning manungsa supaya bisa urip kanthi kawruh, cara lan semangat sing anyar. Mulih nonton wayang kudune karo mbundheli kawruh kautamaning urip sing wis kagelarake ing lakon wayang mau.
Yen wis ana tandha tengara celuk-celuk saka si punakawan iku, para wiyaga banjur siaga tata-tata mapan ing pangkon gamelan sing ditintingake, ngadhep gamelan slendro utawa pelog. Iki ngemu teges, paraga peran aja nganti kleru anggone lungguh lan pener anggone ndhodhok selehake perkara (empan papan). Aja nganti dheweke iku mung latah lan kesaru ela-elu ing public-opinion (manut wong liya) nanging lirwa marang common-sense (rahsa-panggraita sing nalar lan apa anane). Kudune nabuh gamelan slendro, sing ditabuh pelog, ya dadine kacoooo...!
Sawuse maos postingan iki, muga-muga anggone pada begadhang dadi luwih bermutu. [skd]