ANA pengalaman cilik sing ngosik atiku wingi pas konsultasi ing dalemé tukang sablon kaos BornJavanese Edisi Pucung. Soré iku ing kana wus ana priyayi setengah baya sing uga gawé kaos kanggo komunitasé. Kenalan singkat sing tanpa nyebut asma ndadèkaké aku ngerti menawa priyayi iku asli saka Padang.
"Bapak asli mana?" pitakonanku mung kanggo basa-basi.
"Dari Padang..." wangsulane karo ndhahar lumpia suguhané sing kagungan dalem.
"Padang? Kerabat ada yang terkena musibah?" aku dadi kepingin ngerti.
"Iya, kena, Mas..."
"Ada yang meninggal?"
"Banyak..." ngendikane sajak kepriyé. Rasaku dadi mak dheg! Swasana wening sawetara, mung keprungu swara srang-srèng minyak gorèng dicemplungi gorèngan.
"Ikut prihatin ya, Pak..."
"Terima kasih, Mas. Kemarin Allah menewaskan Noordin Mohammad Top. Sekarang ganti orang-orang Padang. Apa maksudnya?!" ngendikané ngatonaké ati sing sajatiné njola. Pitakonan iku ora gampang dijawab. Aku dhéwé banjur mung meneng, rumangsa ora prayoga nerusaké diskusi bab iku ing kalodhangan kaya mangkono. Rembugan dak engokaké marang desain kaos sing dipesen Bapak iku.
Turut dalan mulih ngomah, pikirku mung umyeg déning pitakonan Bapak seka Padang iku mau: Kenangapa kok bencana lindhu ing Padang Pariaman ndadak digandhèng-gandhèngaké karo tiwasé Noordin M. Top? Bapak mau sajak ora trima, kok sedulur-seduluré sing ‘tanpa dosa’ sing ‘kudu’ nemahi pralaya merga lindhu gedhé iku?! Kok dudu wong liya sing cetha-cetha penjahat sakaliber Noordin M. Top umpamane?! Gèk apa kersané Gusti?!
Pitakonan iku tumuju marang Gusti Mahakuwasa, apa wenangku? Pitakonan kaya mangkono iku pitakonan ‘terminal’, pitakonan ‘perbatasan’, pitakonan ‘krisis’. Ana kekeran sing siningit sajroning kasunyatan-kasunyatan ing donya iki, sing aku manungsa bisané mung gagap-gagap, neges supaya cipta-rasa-karsa iki ora tansah nggrangsang lan nubras-nubras. Tuna luputé balik dadi pribadi sing mégos kapitayané marang Sing Gawé Urip! “Ah, Gusti Allah ora nge-friend!” “Apa gunané pangibadahku, yèn temahan mung diparingi musibah lan sedulur-sedulurku ilang tan kena kinukub?!” Iki kesimpulan lan pitakonané wong sing lagi krisis kapitayan; pitakonané wong sing lagi nglakoni urip adu arep karo kekeran agung sing ora gampang dimangertèni.
Pepati, musibah, kasangsaran lan lelara wus wiwit jaman Nabi Adam dadi prekara sing tansah ngosik pikiran lan atiné manungsa. Awit patang prekara iku ngèdhepaké manungsa marang kasunyatan menawa dhèwèké iku titah sing winates, ringkih, lan dudu mahakuasa. Sanadyanta sugih mblegedu, utawa dadi ratu pisan, kapinterané sundhul langit, nanging rikala ngadhepi pepati, musibah, kasangsaran lan lelara dadi ora adoh sungsaté karo wong mlarat, pidak pedarakan, utawa wong bodho sing ora tau mangan sekolahan!
Kasunyatan iku sejatine mènèhi pratandha yèn prakara-prakara iku bisa nyawijèkaké umat manungsa, ora mawas marang drajad, pangkat lan kalungguhané, ora ndulu marang status lan atribut-atribut sosialé, lan uga ora mertimbangaké becik-alané! Ing kéné dadi ana tembung ‘pepadha’.
Nanging sing luwih trawaca tumrap aku ngenani musibah lindhu ing Padang sakiwa-tengené lan musibah-musibah sarupa ing papan liya, yaiku kasunyatan menawa urip iki dadi luwih krasa pengaji banget. Wektu samenit, kepara malah mung sakedhèping nétra, nyata-nyata wujud kanugrahan sing patut disyukuri, dipertanggungjawabaké, lan diperjuangaké. Sabanjuré, sumangga kersa Dalem Gusti, awit kabèh samubarang Gusti Allah sing kagungan. [skd]