Kanthi mencet tautan persis ing ngandhap seratan punika, panjenengan sampun nyengkuyung blog punika. (``,)

online casino bluebook - www.onlinecasinobluebook.com/ voted top online casino review site 2010

Jumat, Oktober 26, 2007

Ki Gaura lan Nyi Elizabeth, kula kasengsem, isin lan meri!

Wis pirang-pirang dina iki sejatine aku kepengen nulis bab wong-wong seka manca nagara sing kasengsem marang kabudayan Jawa. Nanging iku durung kelakon merga sirah iki rasane kebak, awak kesel merga gawean, lan ati sing ora pati jenjem merga akeh sing marahi kemrungsung. Saking kepengine lan kangen nulis ing blog, mula ya lagi pepenginan wae sing dak aturake (hehehe...).

Pirang dina kepungkur (dinane lali) aku nonton tayangan TV Trans-7 Empat Mata-ne Mas Thukul Arwana. Sing diundang ing talk-show iku dhalang kondhang Ki Manteb Sudarsono, Ki Asep Sunandar, lan Ki Gaura Mancacarito (dhalang asal Australia sing wis dadi WNI). Kejaba priyayi kakung ana uga priyayi putri yaiku Ria Enes (sing maragaake boneka Susan) lan Nyi Elizabeth (sindhen asli Perancis). Ora kaya adat biasane yen nonton Thukul, wengi iku aku nonton kanthi rasa gumun, kasengsem, lan...isin!

Kawigatenku mung marang Ki Gaura lan Nyi Elisabeth. Ing atase priyayi manca nagara wae padha kasengsem lan mbelani kabudayan Jawa nganti direwangi rila ninggalake nagarane, lha kok aku sing wong Jawa asli ora pati nggape, luwih seneng dadi penikmat tinimbang pelaku budaya! Isih mendhing yen sing dinikmati iku seni budayane dhewe, apese mratandhani tresna marang warisan leluhur. Nanging umume bocah-bocah nom saiki luwih gampang kepilut marang kabudayan manca (hehehe...ngrasani ala!). Aku isin, nganti kalah karo wong manca! Maksudku, kalah anggone gemati marang duwekku dhewe.

Aku dhewe sejatine kepingin isa kaya priyayi loro iku, melu dadi pelaku seni budaya Jawa sing gemati lan mumpuni. Biyen rikala SMA aku sinau beksa (tari), setahun kaping pindho pentas sendratari utawa wayang won ing asrama sekolahan. Mangsane kuliah aku sinau nabuh kendhang bareng kelompok angkatanku, butuhe kareben isa ngiringi pangibadah ing greja. Nanging ya mung tekan semono! Dadi, nyipati ana priyayi manca sing luwih mumpuni kaya Ki Gaura lan Nyi Elizabeth iku (lan isih ana akeh liyane maneh), sejatine aku meri! Aneh! Meri kok ya karo wong manca! Byuh...byuh...!

Ki Gaura, Nyi Elizabeth, kula kasengsem, isin lan meri dhumateng priyantun kados panjengengan! Nanging ugi kanthi tulus kula matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ndherek nguri-uri kabudayan Jawi.
(Isih karo isin! Hehehe...tambah maneh yen nggatekake penari ing video seka YouTube.Com ngisor iki!)



Sacara emosi, rasa kasengsem, meri lan isinku dadi marakake ati nelangsa: muntub-muntub kepingin tumandang nanging winates dening kahanan. Saploke aku mlebu donyaning pagawean ing Jakarta, sasat ora isa nandangi pepinginan iku. Isane mung ngrungokake uyon-uyon, campursari lan kaset wayang (eh, aku duwe MP3 wayang Ki Hadisugito olehe gawe dhewe lho, mindhah seka pita kaset dadi keping CD. Hehe..mbajak!). Kala-kala rengeng-rengeng dhewe nang kantor utawa nang ngomah yen pas adus. Golek informasi kelompok campursari sing cedhak papan kontrakanku ora oleh-oleh. Kelompok karawitan sing cerak ora ana. Tundhone ya mung kapeksa nglalekake pepinginan iku. Nonton tayangan iku ati iki dadi malah kaya dionggreh-onggreh maneh pepinginane. Wah, jan...!

Nanging apa ya cukup mung mangkono wae?

Ah, saora-orane aku duwe blog iki! Apese isa kanggo srana nggegulang kawruh lan kawigaten marang kabudayan Jawa. Sawetara isa kanggo srana anggonku mujudake pepinginanku dhewe, melu mersudi luhuring kabudayane leluhur. ***

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar

Komentar paling anyar


Advertising free mortgage calculator