Bubar riyaya Lebaran utawa Bakda biasane akeh wong urban anyaran mara ing Jakarta. Isa diwaspadaake anane pratandha owah-owahan kultur. Salah sijine yaiku kultur bab araning kiblat. “Kiblat” utawa sing sok diarani “arah mata angin” lumrahe dianggo pandom lan pituduh arah utawa papan. Yen panjenengan kagungan kompas, jarume nuduhake arah lor lan kidul (utara-selatan). Sabanjure awake dhewe bisa ngenali arah kulon lan wetan (barat-timur). Nanging ing Jakarta, kiblat miturut kompas kaya mangkono sajake ora populer!
Aku isih kelingan dina-dina sepisanan mapan ing Jakarta. Yen aku takon marang pawongan liya bab dalan utawa lokasi tertamtu aku ora nate krungu tembung “wetan-kulon-lor-kidul”. Sing diango nuduhake arah, yen ora “kiwa-tengen” ya “sawuse-sadurunge”! Balik yen aku sing ditakoni trus anggonku nerangake kanthi migunaake kiblat miturut kompas, sing takon malah bingung lan njaluk supaya diterangake nganggo “kiwa-tengen”!

Pancen, nerangake nganggo rong tembung iku dadi luwih gathuk. Dhasar gampang lan prasaja. Nanging tuwuh pitakonan ing atiku: iki perlambang apa?! Kok tembung “kiwa-tengen” luwih populer tinimbang “wetan-kulon-lor-kidul”? Aku krasa kaya-kaya ana surasaning urip sing ditinggalake, utawa kanthi ukara liya: ana sing kudu luwih digatekake tinimbang kawruh kiblat sacara wadhag.
Sedulur-sedulur Muslim nggatekake banget ananing kiblat mata-angin iku rikala arep ngedegake sholat. Dadi kepriyea wae kiblat papat (wetan-kulon-lor-kidul) tetep penting. Ngenali kiblat iku banjur bisa kabiyantu anggone sembahyang.
Nanging, ing njabaning papan pangibadah, kiblat sing kanggo malik grembyang dadi “kiwa-tengen”! Plethek lan suruping srengenge mbokmenawa pancen arang disipati wong Jakarta. Mbokmenawa marga katutupan gedhung utawa pedhut polusi. Kamangka arah soroting srengenge kuwi bisa kanggo nuduhake kompas (kejaba yen pas tengah awan presis). Mula wong-wong padha milih “kiwa-tengen”. Yen dijereng maneh, pilihane dadi “kiwa-tengen”, “ngarep-buri”, “maju-mundur”, “kurang-kebablasen”, lsp. Nanging sing paling “fatal” tetep “kiwa-tengen”, arep ngiwa apa arep nengen? Kleru milih sijine bakale luput utawa kesasar anggone andon laku. Yen kudune ngiwa malah nengen, utawa suwalike, temahan ora tekan papan sing kaangkah!
Jakarta wus kawentar kutha metropolitan sing paling gedhe ing Indonesia. Kabudayane wus “heterogen” banget. Ikatan sosial antarane wong siji lan sijine luwih kabangun dening linkungan pakaryan, pasrawungan, hobby lan minat. Sipate luwih “kategorial” tinimbang “geografis”. Kontrol moral lan sosial dibalekake marang kadewasane saben pribadi. Sing diarani “bebas” saka pranatan sosial pancen isa kelakon temenan. Saben wong bisa ndhelik ing satengahe “ombyokan” kanthi identitas sing “anonim”.
Ing swasana sing kaya mangkono iku yen awake dhewe ora duwe “kiblating laku” sing gumathok, bakale nubras-nubras ora karuan. R. Ngabei Ronggowarsito ing Serat Kalatida, tembang Sinom pupuh kapitu (kurang luwih sinerat th. 1860) ngandika mangkene:

Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan nora tahan, yen tan melu anglakoni, boya kaduman melik, kaliren wekasanipun, ndilalah karsa Allah, begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada.
Hidup di zaman edan, betapa susahnya, ikut edan tidak tahan, jika tak ikut tak kebagian, akhirnya bisa kelaparan, sudah kehendak Allah, betapa senang hidup menyimpang, lebih bahagia hidup dengan kesadaran dan kewaspadaan).
Pandongaku, muga-muga para sadulur urban anyaran tetep eling lan ora kelangan kiblat kanggo andon laku ing Jakarta! ***
Kandar Ag.
No comments:
Post a Comment