Wednesday, October 10, 2007

Wedangan yuuuuk...!!!

Wedangan yuuuk...!Ana ciriwanci sing dak kangeni seka swasana ngomah yen wanci esuk, yaiku wedangan! Wujude mono prasaja utawa sederhana: jagongan karo ngadhep wedang anget sak adune, mbuh pisang goreng, tela goreng utawa jajan pasar liyane. Kopi utawa teh manis wae wus cukup kanggo kanca ngobrol. Pancen ora mesthi saben esuk. Nanging biasane yen ana tangga teparo, mbuh paklik utawa pakdhe sing nunut ngasah arit sadurunge menyang sawah, bapakku mesthi ngampirake ngajak ngombe wedang, papane ana ing pawon.

Ora ana tema sing gumathok ana ing obrolan iku. Ngalor-ngidul sakarepe ide. Sing mesthi kuwi bab olah tetanen nggarap sawah. Kadhang crita ngenani bocah-bocah sekolah. Nanging uga sok-sok mrembet-mrembet ngomongake bab kahanan masyarakat desa utawa malah politik negara. Wiwit pak dhukuh nganti pak presiden, bakul arit nganti juragan pabrik mobil, kabeh isa dadi bahan omongan gayeng. Durung suwe iki bab rega tanaman hias sing jenenge “anthurium” dadi guneman sing ora kalah serune. Terkadhang ing obrolan iku uga wong sapejagong wedangan isa mawas dhiri anggone ngadhepi ombyaking jaman saiki.

Yen wis ketungkul ngobrol ngono, suwene wektu sok ora dirasaake. Isa jam-jaman. Dhasare mono wong tani desa sing ora diuyak-uyak “deadline” kaya wong kantoran kutha, sarwa-sarwi dilakoni kanthi kepenak wae. Nglaras lan mat-matan. “Time goes so slowly”.

Kanggone priyayi sing gemati marang wektu, ana unen-unen “time is money” – "waktu adalah uang", mesthi wae wedangan kaya ngono kuwi mau dianggep pemborosan! Ananging mungguhing wong padesan, wektu wedangan iku ana paedah sing mirunggan. Beda karo wong kutha sing sarwa-sarwi nganggo dhuwit, beras wae nempur, wong tani padesan iku ora mikir maneh apa sing isa dipangan. Apa wae isa dadi rejeki anggere prigel: lemah dadi rejeki, pupus godhong pohung dadi rejeki, kimpul dadi rejeki, godhong gedhang dadi rejeki. Ana unen-unen wong padesan iku “adoh ratu, cerak watu”. Sanadyan unen-unen iku sok dianggo nggambarake papa-sudrane wong padesan, ananging krasa ana kebanggaane: watu wae isa didadekake kanugrahan rejeki! Cekake, bab rejeki, wong tani desa ora bakal kapiran! Yen wayahe duwe butuh pas ora duwe dhuwit, isih isa “barter”.

Wektu wedangan isa dadi gegambaran menawa wong desa iku uripe ora kemrungsung. Sing diudi lan diwujudake ana ing kalodhangan iku utamane dudu bab dhuwit, ananging bab mbangun brayat, mbangun kekadangan, mbangun rumakete paseduluran. Mula diarani “wedang” merga ngemu teges “ngawe kadang” (= mengundang sahabat). Butuhe wong urip ing madyaning bebrayatan agung iku ora mung cukup dhuwit.

Wong padesan biasane mentingake anggone sugih sedulur ngluwihi anggone sugih bandha. Awit paseduluran sing tulus rumaket ajine ora isa diregani nganggo bandha donya. Durung karuan wong sing sugih bandha disrawungi wong akeh. Ananging wong sing grapyak semanak lan enthengan mesthi digatekake wong akeh. Yen nemahi reribet mesthi akeh sing mitulungi lan ora bakal kapiran.
Saiki aku urip ing kutha gedhe Jakarta. Swasana wedangan kaya ing ngomah ing desa kana angel dicakake ana ing kahananku saiki. Sanadyan mangkono filosofine wus isa dak gemboli.

Sedhela maneh wayahe Riyaya Bakda utawa Lebaran Idul Fitri. Wong-wong akeh sing padha “mudik” ing kampung asale dhewe-dhewe, kumpul daro sanak sedulure. Aku mung mbatin, apa ya yen wis dadi priyayi urban, isane wedangan tenanan mung setahun sepisan?

Hehehe… muga-muga isih ana kalodhangan liyane! ***

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator