Wednesday, February 13, 2008

MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

Sasedane swargi Ki Hadi Sugito akeh para pandhemen wayang kulit sing rumangsa kelangan. Uga akeh sing dadi tuwuh rasa kangene marang swarane Pak Gito sing gandem. Sadurunge sedane wus akeh pita kaset rekaman lakon-lakon wayang kanthi dhalang Ki Hadi Sugito sing beredar lan uga diduweni dening para pandhemen. Tekan saiki uga isih akeh radio sing nyiarake rekaman-rekaman iku. Ewa semono, sedane ki dhalang kaya-kaya murugage rasa kangen iku tuwuh ngrembaka dadi pepinginan ngoleksi rekamane.

Apese iku sing dak rasakake. Rikala ana ing salah sawijining blog sedulur diangkat bab berita sedane Ki Hadi Sugito, sedulur-sedulur komentator akeh sing padha takon, kepriye carane oleh kopian MP3-ne. Ana sing liwat di-sharing-ake lan diundhuh (download) saka Multiply.com utawa liyane. Ana ing kana aku tahu crita yen aku duwe MP3 wayang Ki Hadi Sugito, cacahe ana 10 lakon (10 CD, saben CD-ne 16 track). MP3 iku aku gawe dhewe kanthi nransfer seka rekaman pita kaset (saben lakon ana 8 kaset) nganggo tape-deck sing dak sambungake karo komputer. Bakda wara-wara kaya mangkono, banjur akeh sedulur sing padha kirim e-mail aku, ngersaake supaya dikirimi CDs iku.

Maune aku nyoba upload ing salah sijining situs. Ananging merga saka gedhening ukuran file (saben track rata-rata 30Mb), upaya iku dak urungake. Mulane aku durung bisa atur katerangan marang sedulur-sedulur, ing ngendi file-file MP3 iku bisa kaundhuh. Sedulur-sedulur sing ngersaake dikirimi uga durung dak kirimi, kepara malah ana sing durung dak balesi. Akeh sing padha mundhut priksa, yen CD-ne dikirimake, kudu ngganti rupiah pira....

Tekan bab iki aku dadi tidha-tidha...hehehehe...yen ngene iki kan klebu mbajak toh? Aku wedi je... Nanging uga mesakake sedulur-sedulur sing kepingin banget kagungan MP3-ne iku. Ana sedulur seka Banjarmasin, Bandung, Semarang, Jogja, Solo lan sapiturute!

Byuuuh... Mula saka iku, tekan saiki durung ana sedulur sing dak kirimi CD MP3 wayang Ki Hadi Sugito iku! ***

9 comments:

Unknown said...

Panjenengan daleme pundi Mas? Kula ugi kepengan nderek copy CD Hadi Sugito (swg). Ki Hadi Sugito menika dalang ingkang paling kula remeni. Kula saget kraos sanget ing lakonipun. Menawi babagan pembajakan, mangga menawi bade pun regani lajeng kita aturaken wonten kulawarganipun Ki Had Sugito. Duh mas, kula sanget mawantu-wantu saget gadah rekamanipun kangge rencang wonten margi menawi numpak motor 4 jam saking Kudus - Yogya. Numun. akuselalulupapaswordku@yahoo.com

Anonymous said...

Kula wonten ing Jakarta Timur je Mas Wegig. Kula nembe me-rekap sedherek-sedherek ingkang ngersaaken MP3-nipun, supados sisan ndene anggenipun ngopi.

Matur nuwun sampun mampir ing blog kula punika lan maringi alamat e-mailipun.

Unknown said...

mas, kula ugi nderek ngopy CD ki Hadi Sugito menawi angsal. Kula saweg gadhah setunggal kanti lakon " Semar Gugat" lan sakmeniko cobi kula uplod wonten blog kula http://maspei.multiply.com. Nuwun sakderengipun. maspei@yahoo.com

Kandar Ag. said...

Para sedulur... MP3 Wayang Ki Hadi Sugito kanthi lakon "Antareja Mbalela" sampun saged dipun download ing mriki: Born Javanese

hertanto said...

kulonuwun
kulo saking kaltim, kab paser...
sampun dangu kulo mboten mirengaken wayang ki hadi sugito.
Matur nuwun dumateng mas kandar...lan sedaya kemawon.
Sukses selalu.....

Unknown said...

wah..mas, sy kesulitan DL dari 4shared...tolong bikin yg direct dl aja mas spt punya ki timbul. suwun

taufiq said...
This comment has been removed by the author.
taufiq said...

Lakon ontoseno ngramanya ditunggu Boss?

Sanggar Bodronoyo said...

mpun to...boten sah tidha-tidha saha suwala ing nala, sumanga karya suwargi mBah Gito Toyan kita sami rimat kanthi dipun gelar /sugata sesarengan, supados "ngelmi"nipun swargi saget sempulur, boten kalindhes kejeming jaman...

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator