Thursday, February 21, 2008

Udan

Mau bengi udane deres banget, kaya grojogan. Biasane swasana udan ing wayah bengi gawe turu tambah angler. Nanging udan mau bengi malah marahi aku nglilir, merga kadhemen. Tur maneh, udan kaya mau bengi ing Jakarta marahi ati miris, kuwatir ana banjir. Panggonanku dudu kawasan rawan banjir. Nanging kaya-kaya ati iki tetep ora jenak. Turu ora kepenak. Pikirane nglambrang mlayu ing tlatah Jakarta lan Bekasi sisih lor. Adhiku ana sing mapan ing kana. Wah, gek kebanjiran apa ora? Muga-muga wae ora.

Tekan esuk anggonku turu ora angler. Tangi kawanan, tekan kantor jam 08.28 WIB. Wadhuh! ***

3 comments:

Anonymous said...

Sami mas, nggen kulo njih jawah.
Ming enjing pun mboten :-)

Kandar Ag. said...

Lha mung kene kono... hehehe... (``,)

DANIEL! said...

melu tepungan ya..
aku wong solo sing saiki manggon neng bekasi.
Padha wae aku yen udan ya mesthi ketir-ketir gek-gek banjir :))

aku rumangsa seneng nemu blog iki. tak link karo blog-ku ya..

matur nuwun sak durunge

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator